Minggu, 30 November 2014

Tradisi Syawalan wonten ing Pekalongan



            Syawalan inggih menika tradisi khas masarakat wonten ing tlatah Pekalongan, inggih menika seminggu sakbibaripun dinten riyaya (Lebaran). Biasanipun sakbibaripun dinten riyaya masarakat Pekalongan nglampahi puasa sunah 6 dinten. Amargi menika masarakat Pekalongan nembe mengeti dinten riyaya seminggu sakbibaripun dinten riyaya kanthi mapinten-pinten cara. Wonten ingkang wisata, tindak dhateng kulawarga liyanipun, lsp.
            Wonten setunggal tradisi syawalan ingkang moncer kanthi keprungu ngantos jabaning daerah, ugi tiyang sak Indonesia amargi tradisi syawalan menika sampun nate diliput wonten televisi nasional inggih menika nyigaripun kue lopis raksasa wonten ing salah satunggaling daerah wonten Pekalongan inggih menika Krapyak (ugi kasebut lopisan utawi krapyakan).
            Lopisan utawi krapyakan inggih menika tradisi masarakat wonten ing Pekalongan kangge ningali nyigaripun lopis raksasa ingkang gadhahi ukuran diameter 150cm, bobot 185 kg lan dhuwuripun 110cm, dipunlampahi 1 minggu sasampunipun dinten riyaya dening walikota Pekalongan utawi Pejabat Muspida.
            Asal muasal tradisi syawalan inggih menika tanggal 8 syawal masarakat Krapyak ndinten riyayani malih sasampunipun puasa 6 dinten, wonten kalodhangan menika, masarakat ndamel adicara “open house” nampi para tamu ingkang boten namung saking sakdesa ananging njawi kutha. Bab menika dipunmangertosi dening masarakat wonten jawinipun Krapyak, satemah sedayanipun boten nglampahi kunjungan silaturahmi wonten antawisipun tanggal 2 ngantos 7 wonten dinten syawal, ananging silaturahminipun wonten tanggal 8 syawal. Ingkang kados menika ngrembaka wonten ing masarakat, lajeng ngantos sakmenika tradisi syawalan dipunlampahaken.
            Tradisi syawalan menika rutin dipunlampahi dening masarakat kutha Pekalongan rikala 130-an taun kepengker, mliginipun wonten taun 1855 M. Ingkang miwiti acara syawalan wonten Pekalongan inggih menika KH. Abdullah Sirodj ingkang taksih trah saking Kyai Bahureksa (ingkang babat tanah gambiran utawi Pekalongan).
            Upacara nyigaripun lopis menika dipunwiwiti rikala taun 1956 dumateng Bapak Rohmat, lurah desa daerah menika wonten wanci menika. Lopisan mula bukaning saking tembung “Lopis” inggih menika panganan saking daerah Krapyak ingkang dipundamel saking ketan.
            Sajatosipun lopis ngandut  falsafah inggih menika “persatuan dan kesatuan” ingkang wonten Pancasila sila katiga. Menapa boten? Lopis dibungkus ngagem godhong gedhang, dipuntaleni ngagem tambang lan digodhog ngantos 3- 4 wengi, pramila boten badhe butir-butir ketan menika  bercerai-berai kadhos bukanipun.
            Kenging menapa boten dipunbungkus ngagem plastik utawi bahan liyanipun ingkang langkung praktis? Amargi godhong gedhang boten badhe mati sakderengipun berbuah dan beranak ingkang kathah utawi wonten basa Indonesianipun tidak mau mati sebelum berjasa dan meninggalkan generasi penerus .
Kapethik saking Kantor Pariwisata dan Kebudayaan

Asal-usulipun Desa Kajen

Wonten ing sebrang lor pesisiran ing Pati wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen. Sakmenika wonten ing desa menika kathah tiyang – tiyang saking pundi kemawon ingkang sami Ziarah wonten ing Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing makam menika boten nate sepen saking peziarah, dinten menapa kemawon. Senajan iku esok, awan, sore. Apa maneh wengi, boten nate sepi saking peziarah. Kemashuran Mbah Mutamaqin sampun boten dipunsepelekaken malih. Kathah ingkang maosake surat yasin lan maosake tahlil lan uga wonten ingkang ngapalaken Qur’an. Ugi wonten ingkang nyuwun ijabahe supados angsal kepinteran lan sapanunggalanipun.
Desa Kajen sakmenika asalipun saking mbah Mutamaqin. Kacariyos Mbah Mutamaqin anggadhahi pangingon inggih menika Jin ingkang kathah. Cekak cariyos, Mbah Mutamaqin tindak wonten ing Mekah dipungendong jin. Nanging dereng ngantos Mekah, jin menika nibakake mbah Mutamaqin wonten ing segara. Lajeng Mbah Mutamaqin pepanggihan kaliyan iwak ingkang ageng. Boten dangu Mbah Mutamaqin numpak Iwak ingkang ageng mau wonten ing lepen Nil. Lajeng Mbah Mutamaqin saged nglampahaken Kaji ngantos bibar.
Sakrampungipun kaji, mbah Mutamaqin boten angsal kendaraan kangge kondur menyang tlatah Jawi. Nanging penggalihipun mantep menawi piyambakipun saged kondur ing tlatah Jawi. Boten dangu, mbah Mutamaqin pepanggihan kaliyan tiyang wonten ing Mesjid. Dereng siyos maturaken menapa ingkang taksih dipunadepi, tiyang menika sampun ngertos piyambak. Mbah Mutamaqin manut lan mantep menawi menika pitulunganipun ingkang damel gesang. Mbah Mutamaqin dipunparingi pesen, “aja melek yen durung tekan lemah”. Mbah Mutamaqin merem.
Tiyang mau ngepruk Mbah Mutamakin ingkang taksih sila ngagem tongkat ingkang wonten ing astanipun. Lajeng Mbah mutamakin mletik aduh, tiba ing desa ingkang dipunwastani Cebolek (ingkang  artinipun ceblok lajeng melek). Lajeng mlampah terus ing arah kulon saking desa Cebolek lajeng netep ing ngrika.
Mbah Mutamakin netep ing kulon desa Cebolek menika kathah ingkang boten remen. Menapa tenan tiyang menika kaji ijen? Sampun dangu netep ing ngrika, Mbah Mutamaqin ngamalaken ilmunipun wonten ing ngrika. Lajeng sakdangunipun zaman, papan panggenan menika dipunwastani Desa Kajen ( Kaji Ijen), ingkang sakmenika dados kutha santri ing daerah menika. Cekak cariyos, ngantos sakmangke saksampunipun Mbah Mutamaqin ing sasi Sura. Saben setunggal Sura kathah tiyang ingkang ziarah ing ngrika.
Kapethik saking http://sastra-jawa007.blogspot.com/2008/06/asal-mula-desa-kajen.html