Wonten ing sebrang lor pesisiran ing Pati
wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen. Sakmenika wonten ing desa menika
kathah tiyang – tiyang saking pundi kemawon ingkang sami Ziarah wonten ing
Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing makam menika boten nate sepen saking peziarah,
dinten menapa kemawon. Senajan iku esok, awan, sore. Apa maneh wengi, boten
nate sepi saking peziarah. Kemashuran Mbah Mutamaqin sampun boten dipunsepelekaken
malih. Kathah ingkang maosake surat yasin lan maosake tahlil lan uga wonten
ingkang ngapalaken Qur’an. Ugi wonten ingkang nyuwun ijabahe supados angsal
kepinteran lan sapanunggalanipun.
Desa Kajen sakmenika asalipun saking mbah
Mutamaqin. Kacariyos Mbah Mutamaqin anggadhahi pangingon inggih menika Jin
ingkang kathah. Cekak cariyos, Mbah Mutamaqin tindak wonten ing Mekah dipungendong
jin. Nanging dereng ngantos Mekah, jin menika nibakake mbah Mutamaqin wonten ing
segara. Lajeng Mbah Mutamaqin pepanggihan kaliyan iwak ingkang ageng. Boten dangu
Mbah Mutamaqin numpak Iwak ingkang ageng mau wonten ing lepen Nil. Lajeng Mbah
Mutamaqin saged nglampahaken Kaji ngantos bibar.
Sakrampungipun kaji, mbah Mutamaqin boten
angsal kendaraan kangge kondur menyang tlatah Jawi. Nanging penggalihipun
mantep menawi piyambakipun saged kondur ing tlatah Jawi. Boten dangu, mbah
Mutamaqin pepanggihan kaliyan tiyang wonten ing Mesjid. Dereng siyos maturaken menapa
ingkang taksih dipunadepi, tiyang menika sampun ngertos piyambak. Mbah
Mutamaqin manut lan mantep menawi menika pitulunganipun ingkang damel gesang.
Mbah Mutamaqin dipunparingi pesen, “aja melek yen durung tekan lemah”. Mbah
Mutamaqin merem.
Tiyang mau ngepruk Mbah Mutamakin ingkang
taksih sila ngagem tongkat ingkang wonten ing astanipun. Lajeng Mbah mutamakin
mletik aduh, tiba ing desa ingkang dipunwastani Cebolek (ingkang artinipun ceblok lajeng melek). Lajeng mlampah
terus ing arah kulon saking desa Cebolek lajeng netep ing ngrika.
Mbah Mutamakin netep ing kulon desa Cebolek menika kathah ingkang boten remen. Menapa tenan tiyang menika kaji ijen? Sampun dangu netep ing ngrika, Mbah Mutamaqin ngamalaken ilmunipun wonten ing ngrika. Lajeng sakdangunipun zaman, papan panggenan menika dipunwastani Desa Kajen ( Kaji Ijen), ingkang sakmenika dados kutha santri ing daerah menika. Cekak cariyos, ngantos sakmangke saksampunipun Mbah Mutamaqin ing sasi Sura. Saben setunggal Sura kathah tiyang ingkang ziarah ing ngrika.

Kapethik saking http://sastra-jawa007.blogspot.com/2008/06/asal-mula-desa-kajen.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar