Syawalan inggih menika tradisi khas
masarakat wonten ing tlatah Pekalongan, inggih menika seminggu sakbibaripun
dinten riyaya (Lebaran). Biasanipun sakbibaripun dinten riyaya masarakat
Pekalongan nglampahi puasa sunah 6 dinten. Amargi menika masarakat Pekalongan
nembe mengeti dinten riyaya seminggu sakbibaripun dinten riyaya kanthi
mapinten-pinten cara. Wonten ingkang wisata, tindak dhateng kulawarga
liyanipun, lsp.
Wonten setunggal tradisi syawalan ingkang moncer kanthi keprungu ngantos jabaning daerah, ugi tiyang sak Indonesia amargi tradisi syawalan menika sampun nate diliput wonten televisi nasional inggih menika nyigaripun kue lopis raksasa wonten ing salah satunggaling daerah wonten Pekalongan inggih menika Krapyak (ugi kasebut lopisan utawi krapyakan).
Lopisan utawi krapyakan inggih menika tradisi masarakat wonten ing Pekalongan kangge ningali nyigaripun lopis raksasa ingkang gadhahi ukuran diameter 150cm, bobot 185 kg lan dhuwuripun 110cm, dipunlampahi 1 minggu sasampunipun dinten riyaya dening walikota Pekalongan utawi Pejabat Muspida.
Asal muasal tradisi syawalan inggih menika tanggal 8 syawal masarakat Krapyak ndinten riyayani malih sasampunipun puasa 6 dinten, wonten kalodhangan menika, masarakat ndamel adicara “open house” nampi para tamu ingkang boten namung saking sakdesa ananging njawi kutha. Bab menika dipunmangertosi dening masarakat wonten jawinipun Krapyak, satemah sedayanipun boten nglampahi kunjungan silaturahmi wonten antawisipun tanggal 2 ngantos 7 wonten dinten syawal, ananging silaturahminipun wonten tanggal 8 syawal. Ingkang kados menika ngrembaka wonten ing masarakat, lajeng ngantos sakmenika tradisi syawalan dipunlampahaken.
Tradisi syawalan menika rutin dipunlampahi dening masarakat kutha Pekalongan rikala 130-an taun kepengker, mliginipun wonten taun 1855 M. Ingkang miwiti acara syawalan wonten Pekalongan inggih menika KH. Abdullah Sirodj ingkang taksih trah saking Kyai Bahureksa (ingkang babat tanah gambiran utawi Pekalongan).
Upacara nyigaripun lopis menika dipunwiwiti rikala taun 1956 dumateng Bapak Rohmat, lurah desa daerah menika wonten wanci menika. Lopisan mula bukaning saking tembung “Lopis” inggih menika panganan saking daerah Krapyak ingkang dipundamel saking ketan.
Sajatosipun lopis ngandut falsafah inggih menika “persatuan dan kesatuan” ingkang wonten Pancasila sila katiga. Menapa boten? Lopis dibungkus ngagem godhong gedhang, dipuntaleni ngagem tambang lan digodhog ngantos 3- 4 wengi, pramila boten badhe butir-butir ketan menika bercerai-berai kadhos bukanipun.
Kenging menapa boten dipunbungkus ngagem plastik utawi bahan liyanipun ingkang langkung praktis? Amargi godhong gedhang boten badhe mati sakderengipun berbuah dan beranak ingkang kathah utawi wonten basa Indonesianipun tidak mau mati sebelum berjasa dan meninggalkan generasi penerus .

Kapethik saking Kantor
Pariwisata dan Kebudayaan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar