Ruwahan
kadadosan saking tembung “Ruwah”, inggih menika wulan ingkang nomer pitu ing
taun Jawa. Tembung “Ruwah” piyambak gadhahi asal inggih menika “arwah” utawi
roh para leluhur ugi nenek moyang. Awit teges saking tembung arwah kala wau
wulan ruwah dipundadosaken minangka wulan kangge ngemut-emut para leluhur.
Ruwahan
dipunlaksanaaken sedasa dinten sakderengipun wulan siyam dumugi. Kados pundi
nglaksanaaken ruwahan wonten ing saben dukuh menika benten-benten, kagantung
kalihan masarakat ingkang gesang wonten ing lebetipun. Wonten ing dukuh kula,
ruwahan dipunwiwiti besrik, tegesipun ngresiki desa ugi pasarean ingkang
dipunsarengi slametan kanthi alit-alitan utawi sederhana. Lajeng dalunipun
katindakaken kenduren. Kenduren wonten ing dukuh kula katindakaken sak
bibaripun sholad isya’ wonten ing serambi masjid, ing ngriku sedaya warga dukuh
kempal kanthi mbeta panganan-panganan ingkang dipunwadhahi tampah. Biasanipun,
panganan inti utawi kedah wonten ingkang dipunbeta inggih menika ketan, kolak,
kalihan apem. Ketan ingkang sipatipun lengket menika minangka simbol
ngraketaken tali silaturahmi. Kolak ingkang manis ugi wonten santenipun
minangka simbol ngajak pasederekan supados langkung dewasa ugi gesang raos
barokah. Dene apem minangka simbol menawi wonten ingkang gadhahi kalepatanan,
saenipun saged sami-sami paring pangapunten. Lajeng panganan-panganan kala wau
dipunkempalaken dados setunggal wonten ing tengah ugi didongani kanthi
sesarengan. Nalika enjingipun katindakaken nyadran, lajeng sakbibaripun menika
dipunpungkasi kalihan padusan wonten ing dinten sakderengipun siyam.
Ruwahan menika
sejatosipun nglambangaken kesucian ugi raos bingah amargi badhe mlebet wonten
ing wulan siyam, ingkang sedaya tiyang muslim nglaksanaaken siyam, minangka
wujud ngabekti dening Gusti ugi supados iman saha taqwanipun tiyang saged
mundhak.
Boten kesumpen
ugi wonten tradisi ingkang dipunwastani nyadran,
ingkang biasanipun katindakaken sakbibaripun dhuhur. Nyadran utawi nyekar
inggih menika ziarah makam kangge ngemut-emut para leluhur. Nyadran dipunwiwiti kanthi ngresiki
makam, lajeng maosaken tahlil lan yasin, donga dateng Gusti Allah supados
ingkang sampun boten wonten kaparingan rahmat saking Gusti ingkang Maha Kuwaos.
Nyadran piyambak
kadadosan saking tembung “sradha”, inggih menika tradisi ingkang dipunwiwiti
dening Ratu Tribuana Tunggadewi, Raja nomer tiga kerajaan Majapahit. Nalika
jaman menika, Kanjeng Ratu badhe ngunjukaken donga kangge Ibunda Ratu Gayatri.
Dene nalika jaman penyebaran agama islam dening Walisongo, tradisi kasebat dipunadopsi dados upacara nyadran amargi gadhahi tujuan kangge
dongaaken tiang sepuh ingkang sampun wonten ing alam baka. Wonten ing
satunggaling hadist, inggih tiyang sampun seda ugi wonten ing alam barzah,
sedaya amal kasaenan nalika wonten ing donya bakal pedhot kajaba 3 prekawis,
inggih menika amal jariyah, ilmu ingkang bermanfaat, ugi donga saking putra
ingkang sholeh lan solehah. Awit saking menika, sampun dados kewajibanipun
putra wayah dongaaken arwah sederek-sederek ingkang sampun seda. Nydran ugi dipunwastani nyekar (Sekar=kembang), inggih menika nyekar warna-warna jenis kembang wonten
ing inggilipun makam tiyang ingkang kita tresnani, ingkang dados simbol kangge
ngenang sedaya ingkang endah ugi ingkang sae saking tiyang ingkang sampun
ngrumiyini kita. Kanthi mekaten, nyadran maringi
semangat kangge tiyang ingkang tasih gesang supados berlomba-lomba babagan
kasaenan (fastabiqunal khoirat).
Intinipun ruwahan inggih menika makmuraren masjid,
ningkataken kualitas syukur dhateng Gusti, ugi ngraketaken raos pasederekan.
Kapethik saking
: http://sulistiya-pratama.blogspot.com/2012/03/tradisi-jawa-ruwahan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar