Wangsalan yaiku unen-unen
utawa tetembungan kang saemper cangkriman kang batangane (wangsulane) wis
sinandi ing wanda-wandaning tembung-tembung. Wangsalan kaperang dadi 6 yaiku:
1.
Wangsalan Padinan
Wangsalan padinan yaiku
wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, mula ana sing
nganggo nyebutake batangane la nana sing tanpa batangan, amarga wong-wong sing
padha krungu/maca wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha:
Njanur gunung, kadingaren gelem mampir!
Wangsalan
: njanur gunung
Batangan
: aren
Tebusan
: kadingaren
Tembung njanur gunung iku arane aren,
mula biasa dadi tembung kadingaren.
2.
Wangsalan Lamba
Wangsalan lamba yaiku
wangsalan kang mung isi batangane siji.
Tuladha:
Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu?
Tembung roning mlinjo iku
arane eso, mula bisa dadi ngaso. Dene tembung widheng galeng iku arane yuyu,
mula bisa dadi tembung rahayu.
3.
Wangsalan Rangkep
Wangsalan rangkep yaiku
wangsalan kang bisa batangane luwih saka siji.
Tuladha:
Jenang sela, wader kalen sesonderan
Apuranta, yen wonten lepat kawula
Tembung jenang gula arane
apu, mula dadi tembung apuranta. Dene tembung wader kalen sesonderan arane
sepat, mula bisa dadi tembung lepat.
4.
Wangsalan Memet
Wangsalan memet yaiku
wangsalan kang carane nggoleki batangane sarana ngonceki maksude tetembungane
ambal ping pindho.
Tuladha:
Uler kambang, yen trima alon-alonan bae.
Tembung uler kambang tegese
lintah, mula batangane dadi tembung satitahe. Tembung satitahe tegese ora
ngaya, mung tumindak sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
5.
Wangsalan Edipeni
Wangsalan edipeni yaiku
wangsalan kang mawa paugeran:
a. unen-unene kedadeyan saka 2 ukara
(wangsalan rangkep)
b. saben ukara kang kapisan (yaiku isi
wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa).
Tuladha:
Tepi wastra, wastra kang tumrap mustaka
Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa
Tembung tepi wastra iku
tegese kemadha, mula bisa dadi tembung mudha. Dene tembung wastra kang tumrap
mustaka iku tegese iket, mula bisa dadi tembung ngiket.
6.
Wangsalan ing Sekar
Wangsalan kang mapan ana
sajroning sekar/tembang.
Tuladha ana ing tembang Kinanthi:
Kinanthi linging pitutur
Kenthang rambat menyan putih
Awasna dipun pratela
Noleha wiranging wuri
Cecangkok wohing klapa
Kang dadi pathoking urip
Sajroning tembang ing dhuwur
ana wangsalan, yaiku (1) kenthang rambat tegese tela, mula bisa dadi tembung
pratela, (2) menyan putih tegese tawas, mula bisa dadi tembung awasna, (3)
cecangkok wohing klapa tegese bathok, mula bisa dadi tembung pathoking.
Kapethik
saking : Esensi Bahasa Jawa Kelas XI semester genap
Tidak ada komentar:
Posting Komentar