A. Upacara Adat Mantu
Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra
putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi
nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing
satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning
bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken
kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :
a. Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
b. Paningset lan lambang kalpika (tukar cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara upacara mantu.
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge penguripanipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara upacara mantu.
1. Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejane nur / cahya).
2. Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
3. Pasang Tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub, wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
4. Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah), maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing penganten.
5. Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan (pesta/resepsi).
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih), pahargyan (pesta/resepsi).
B. Tata Cara Adat Mantu
1. Pambyawara
Murwakanthi Lampahing Tatacara
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nugraha miwah sih rohmating Gusti Ingkang Maha Kuwaos,
mugi-mugi tansah nunggil ing jiwangga bapak guru saha sagunging para siswa.
Bapak guru Basa Jawi ingkang winengku ing karahayon,
para kadang mahasiswa ingkang kula tersnani. Kula minangka pambyawara kepareng
murakani tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kepareng kla tepangan
rumiyin, nami kula Bp. Sularman minangka pambyawara utawi pranatacara. Dene
urut saking ngriki menika Bp. Suhadi minangka utusan handhodhog kori, lajeng
Bp. Sukarman menika minangkautusan ingkang badhe paring wangsulan pandhodhoging
kori. Kadang kula Bp. Ruwanto menika minangka utusan pihak jaler micara ing
adat lamaran. Salejengipun menika kadang kula Bp. Suwanto utusan pihak estri
ingkang badhe paring wangsulan nampi lamaran. Lajeng kadang kula ingkang menika
naminipun Bp. Sutopo ingkang badhe masrahaken manten kakung.Wonten dene ingkang
menika naminipun Bp. Suroso ingkang badhe wangsulan utawi nampi pasrah manten
kakung. Lajeng menika naminipun Bp. Suharto ingkang badhe atur pambegeharja
wakilipun ingkang kagungan kersa mantu. Dene ingkang pungkasan menika kadang
kula nami Bp. Sutaji ingkang badhe atur wursita wara. Kepareng kula maosaken
rerantamaning tatacara kegiatan gladhen ing kelas dinten menika dinten Rabu
suya kaping 7 Desember warsa 2011.
Tatacara kapisan, inggih menika gladhen atur
salebeting adicara pandhodhoging kori.
Kaping kalih, inggih menika atur wangsulan saking
pihak estri tumrap pangandikan kapisan.
Kaping tiga, inggih menika atur pangandikan pasrah
lamaran saking pihak jaler.
Kaping sekawan, inggih menika atur pangandikan nampi
lamaran saking pihak estri.
Kaping gangsal, inggih menika atur pangandikan
masrahaken calon panganten kakung.
Kaping nem, inggih menika atur pangandikan nampi alon
penganten kakung saking pihak jaler.
Kaping pitu, inggih menika atur pambegaharja saking
wakil ingkang kagungan kersa.
Lajeng ingkang pungkasan mangke, inggih menika wursita
wara utawi ular-ular.
Makaten menggah rerantamaning tatacara gladhen micara
ing tatacara manten adat jawi. Bapa guru kasuwun pangestunipun mugi-mugi
tatacara gladhen purwa, madya, lan wasana, saged lumampah kanthi rahayu nir ing
sambekala. Nuwun. Wassalamualaikum. Wr. Wb.
2. Pranatacara paring
wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
Sampun dumugi mangsakala wayahing siswa kapisan
gladhen micara ing adicara adat dhodhog kori. Sumangga kadang kula Bp. Suhadi
kula dherekaken nindakaken jejibahan menika. Sumangga !
3. Micara dhodhog kori
Kula nuwun ! Assalamualaikum. Wr. Wb.
Awit keparengipun Gusti ingkang murbeng dumadi kula
kinanthi dening Bapaksaha Ibu Susilo inggih tiyang sepuhipun Mas Susanto dinten
menika saged sowan kanthi slamet wilujeng. Kanthi manah ingkang syukur,
keparenga kula matur ing ngarsanipun Bapak Sunetra sarimbit, sepisan kula
sakulawarga ngaturaken salam rahayu wilujeng mugi katur dhumateng kulawarga Bapak Sunetra. Ndherek nepangaken
kula pun Bp. Suhadi, saking Dhusun Puri, Kecamatan Pati, Kabupaten Pati.
Sanesipun kula, ingkang dherek sowan menika Bapak saha Ibu Susilo. Inggih
menika semah kula.
Dene sedyaning
manah ingkang sepisan inggih menika silaturahmi amemayu kekadangan lan
pasedherekan. Kaping kalih mugi mboten damel rengating penggalihipun Bapak saha
Ibu kepaeng nyuwun priksa menapa leres kagungan putra estri naminipun Susanti.
Kaping tiga, Bapak Susilo sekaliyan kagungan putra jaler naminipun Susanto.
Lare menika sampun diwasa kepengin saged gadhah mitra geganthilaning manah ing
gesangipun. Blaka suta kemawon bilih igkang dipuntuju menika putra estri panjenengan.
Jumbuh kaliyan kawontenan, anak mas Susanto lajeng mothah nggubel dhumateng
bapak saha ibunipun supados nyuwun priksa sekinten nak ajeng Susanti menika
sampun menapa dereng wonten ingkang badhe mengkoni. Menawi sekinten saged, kula
ingkang tinanggenah mnangka talanging atur dinten menika mugi Bapak Sunetra
sarimbit kersa paring wangsulan ing bab pitakenan kala wau. Sawatawis makaten,
dene dipunrembag mirunngan.
Ing wasana cekap hambok bilih wonten kirang leres ing
basa saha sastra, tuwin tumindak ingkang kirang tatakrama kula nyuwun sih
samodra pangaksama. Bilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum. Wr. Wb.
4. Pranatacara paring
wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori saking pihak estri
Makaten pangandikan saking utusan pandhdhog kori.
Salajengipun saking pihak estri badhe paring wangsulan. Ing wekdal kalenggehan
menika atur wangsulan badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sukarman.
Sumangga kula dherekaken.
5. Micara Atur Wangsulan
Pandhodhoging Kori
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwu sewu kula ingkang badhe matur. Karahayon tuwin
kabagaswarasan sinartan penggalih ingkang suka bagya mugi-mugi tansah kajiwa
raga dhumateng panjenengan lan kula ing dinten menika. Mangga ngunjukaken raos
syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Akarya jagad.
Kula nepangaken nami kula pun Bp. Sukarman, dene
ingkang menika Bapak Sunetra saha ibu. Ingkang menika Bapak Anuraga sekaliyan
ibu kaprenah bapa pamanipn gendhuk Susanti. Kula kautus dening Bapak Sunetra
supados dados talanging atur. Kepareng matur sepisan ngaturi panjenengan sedaya
sugeng rawuh, saha sungeng lenggah, ing dalemipun Bapak Sunetra wonten Dhusun
Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Menggah salam rahayu wilujeng saking
kulawarga Bapak Susilo sampun kula tampi lan kosok wangsulipun.
Panjenenganipun Bapak Susilo sekaliyan lumantar Bapak
Suhadi. Kalawau sampun medhar wosing penggalih sedyaning pisowanan menika. Kila
ing ngriki kautus dening Bapak Sunetra supados matur ngaturi wangsulan dhateng
panndhangon panjenengan.
Ingkang kapisan, mila leres Bapak Sunetra kagungan
putra estri naminipun Susanti, menika putra angka kalih utawi wuragil awit
Bapak Sunetra sekaliyan namung kagungan
putra kalih ingkang mbajeng sampun emah-emah.
Pandangon panenengan ingkang angka kalih nuju dhateng
pepoyaning kautamen,pramila anggen kula mangsuli kedah sayektos adhedhasar
kasunyatan lan penggalihipun ingkang badhe anglampahi. Kula lan panjenengan
menika nut lakune jaman. Samangke sesambetan lare enem bebten kaliyan kala
rumiyin. Pramila ing wekdal menika, kula ngaturi uninga bilih miturut katrangan
saking gendhuk Susanti ingkang sampun matur dhumateng rama saha ibunipun ilih
piyambakipun sampun gadhah pasangan. Dene pasangan ingkang dipunkajengaken
inggih menika namung setunggal naminipun Susanto saking Dhusun Puri, Pati.
Dados sampun cetha trawaca bilih Bapak Sunetra saha Ibu sarta menika putra
Bapak Susilo sekaliyan. Kanthi mekaten, pandangon panjenengan sanpun kula
wangsuli kanthi cetha.
Kados namung menika ingkang saged kula aturaken
dhumateng panjenengan. Sumangga kula aturi lenggah ingkang sekeca angresepi
pasugatan ingkang sarwa prasaja. Dene menawi wonten tumpangsuhipun atur, ugi
patrap ingkang kirang sae kula saha kulawarga Bapak Sunetra namung nyadhong
lumunturing sih pangapunten. Bapak Sunetra sakulawarga ngaturaken matur nuwun
sanget rawuhipun,mugi-mugi benjang saged dados sedherek ingkang rukun, caket,
saha raket. Amin. Bilahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
6. Pranatacara paring
wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak calon penganten kakung.
Para kadang sedaya ing wekdal kalenggahan menika atur
panglamar badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Ruwanto. Sumangga kula
dherekaken.
7. Micara Atur Pasrah
Lamaran
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring
ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang welas Asih. Jalaran
ngantos dumugi titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki
tentrem rahayu nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung
bebrayan agung wonten negari nuswantara.
Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak
Sunetra sakulawarga. Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki
kadherekaken para pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri,
Pati. Sowan kula kajawi silaturahmi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra
wonten Dhusun Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula
sapangombyong menika ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak Sunetra
jumbuh kaliyan ingkang putra kakungipun nak mas Susanto tumuju dhateng nakajeng
Susanti. Awit golong gilig saha gelengipun manah nakmas Susanto ingkang badhe
mengku nak ajeng Susanti minangka garwa amangun bale wisma.
Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak
Sunetra ngaturaken uba rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan
abon-abon menika reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun
paningset, mugi sageda katampi kanthi suka rena penggalih,kanthi panyuwunan ugi
sageda anggenipun niat badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir
ing sambekala. Amiin.
Pungkasaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi
wanci saha titi ari badhe tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal
pahargyan sumangga sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten
ngersakaken bebantu iguh pratikel, kula sakaluwarga sumadya caos pambiyantu
sasaged-sagedipun.
Ing was an kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula
sapandherek katampi anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih
anggen kula matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan
kirang ing subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi
taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
8. Pranatacara paring
wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak calon panganten putri
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur pangandikan nampi lamaran ingkang
badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Suwanto. Sumangga kula dherekaken.
9. Micara Nampi Pasrah
Lamaran
Nuwun. Assalamualiakum Wr.Wb.
Sumandhing suka rena sinandhing bagya mulya. Ing titi
wanci kalenggahan menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang
dalemipun Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan
kulawarga ageng brayat Bapak Susilo bsaking Dhusun Puri, Pati. Pramila sumangga
ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad.
Kula ingkang tinaggenah minangka traju wacana matur
nuwun atur salam wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena
ugi salam wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo
sakaluwarga.
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun
pangandikan saking Bapak Suwanto minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi
cetha. Tiyang sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun
atur pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun
dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas Susanto
sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan saged nampi
kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama
dalah pahargyan panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga
sami dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten
rubeda menapa-menapa.
Kaados makaten menggah bebundhelaning penggalihipun
Bapak Sunetra, ingkang sampun kawedhar lumantar kula minangka talanging basa.
Mangga dipunsakecakaken anggenipun wawan rembag
sinambi angresepi pasugatan ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang
kathah bilih wonten kirang sae anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin
gupuh. Ing wasana cekap semanten maturnuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
10. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
masrahaken calon panganten kakung.
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna.
Salajengipun wekdal sakecanipun kangge atur masrahakaken calon panganten
kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sutopo.
Sumangga kula dherekaken.
11. Micara Masrahaken Panganten Kakung
Nuwun, Kulanuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha
Tunggal, mugi-mugi tansah sumandha ing jiwangga kita, waradin sagung dumadi,
raharja, niskala, satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula
pambyawara kinen ngayahi jejibahan masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha
Tunggal, ingkang sampun paring panuntun dhteng kula sapangiring panganten
kakung saking Dhusun Puri, Pati satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi
wilujeng, nir ing sambekala.
Bapak Wijaya sekaliyan ingkang minulya. Para
pinisepuh, sesepuh saha para alim miwah para tamu sadaya ingkang kinurmatan.
Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabagyan, Bapak
Susilo sekaliyan nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi
ngaturaken salam kawilujengan katur Bapak Sunetra sekaliyan.
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung
anakmas Susanto saklajengipun kula pasrahaken dhumateng Bapak Sunetra
sakaluwarga lumantar Bapak Harjuna Sastra sumangga anggenipun badhe hamiwaha.
Kula sah Bapak sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pawiwahan menika
saged lumampah kanthi rancag, lancar kali sing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menapa, kula blaka suta,
nglenggana, bilih panganten kakung menika taksih cubluk utawi kirang seserepan
ing bab ngelmu gesang bebrayan, mila panyuwun kula dhateng Bapak Sunetra
sakulawarga, para pinisepuh, sesepuh ing mriki kersaa suka paring wewarah amrih
gesangipun saged manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring
wonten klenta-klentunipun atur, ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena
panggalih kula nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
12. Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi
pasrah saking calon panganten kakung.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur panampi
pasrah calon panganten kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang
kula Bp.Suroso. Sumangga kula dherekaken.
13. Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puji konjuk ing ngarsanipun Allah ingkang Maha
Tunggal, nugraha miwah karahayon mugi-mugi tetepa kaluberaken dhumateng
kulawarganipun, sakabatipun, sarta tetiyang ingkang amestuti pitedahipun. Dene
sasampunipun menika Bapak Sunetra ingkang kinurmatan, Bapak Susilo sakulawarga
sapangiring panganten kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapak Sunetra sekaliyan,
keparenga matur dhumateng Bapak Sutopo ingkang kalawau sampun kaparingaken
dhateng kula saha panjenengan, satemah saged pinanggih wonten papan mriki kanthi
wilujeng nir sambekala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabrayat, dupi
sumerep rawuh panjenengan sapangiring hanganthi panganten kakung.
Menggah salam kawilujengan saking Bapak Susilo
lumantar Bapak Susilo lumantar Bapak Sutopo sampun kula tampi, kosok
wangsulipun Bapak Sunetra ugi ngaturaken salam kawilujenganipun dhateng Bapak
Susilo sakulawarga.
Pasrah panganten tumrap panganten kakung sampun kula
tampi, saklajengipun badhe kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit
kawontenan ingkang sarwa rupak. Ing babagan panggulawenthah putra panganten
sekaliyan sumangga kulawarga kekalih samad sinamadan suka piwulang amrih saged
sae.
Bapak Sunetra sabrayat nyuwun idi pangestu lan ngaturi
panjenengan kersaa lenggah kanthi sakeca ngantos saparipurnaning pawiwahan.
Kula minangka talanging basa, mbok bilih anggen kula matur, saha nampi
karawuhan panjenengan sapangiring wonten kirang nuju karsa kula nyuwun agenging
pangapunten. Cekap semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
14. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur
pambageharja
Salajengipun wekdal kangge kadang candhakipun ingkang
badhe gladhen micara sacekapipun kangge atur pambegeharja tamu. Adicara menika
badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Suharto. Sumangga kula dherekaken.
15. Micara Panbageharja
Nuwun. Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puja puji konjuk dhateng Gusti Ingkang Maha
Murbeng dumadi lan Gusti Ingkang Sarwa Sanggya Bawana. Dhumateng
panjenenganipun kawula nyuwun pitulungan tumrap sadaya prakawis agami saha
donya. Dene sasampunipun menika. Para pinisepuh, sesepuh, para alim, para tamu
ingkang minulya. Kawilujengan, karaharjan, tuwin katentreman mugi tansah
kasarira panjenengan sadaya.
Keparenga kula sumela atur awit mundhi dhawuhipun
Bapak Sunetra sekaliyan, ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan.
Namung saderengipun, sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saengga kula
lan panjenengan sedaya saged pinanggih ing dalemipun Bapak Sunetra saperlu
paring idi pangestu dhateng akdun jaleripun Bapak Susilo ingkang mijil saking
dhusun Tayu mriki. Ijab qobul sampun kalampahan kanthi wilujeng, nirbaya nir
sambekala kalawau antawisipun jam 08.00 enjing.
Para tamu ingkang kinurmatan, Bapak Sunetra ngaturaken
pambagya wilujeng rawuhipun, boten kesupen Bapak Sunetra sekaliyan ngaturaken
agungipun panuwun/ matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya pambiyantu
panjenengan saha para kadang sentana lan mitra, tanggi tepalih ingkang awujud
menapa kemawon saengga pawiwahan mantu ing dinten menika lumampah kanthi
rancag, regeng, lan boten wonten rubeda.
Bapak Sunetra sekaliyan boten saged atur keliru sih
kadarman panjenengan kalawau, namung saged memuji mugi-mugi sih kadarman
panjenengan dados amal lan pikantuk liru saking Gusti Ingkang Maha Welas lan
Asih. Amin.
Para tamu kakung saha putri,
Sinaosa anggenipun kagungan kersa manton menika sampun
dangu anggenipun ngrancang sah ngracik, ewa semanten taksih kathah
kekiranganipun. Wiwit ngaturi serat sedhahan ngantos anggenipun nampi karawuhan
panjenengan ing dinten menika ing babagan aruh, suguh, gupuh, lan lungguh
menawi wonten kirang damel rena penggalih Bapak Sunetra sekaliyan nyuwun
pangapunten sakathah-kathahipun.
Salajengipun panjenengan sedaya kersaa mrayogakaken
anggenipun lenggah ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Kula
pribadi mbokbilih anggen kula matur wonten kirang leres ing reh paramasastra
miwah micara, subasita miwah tatakrama kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Panjenengan kula aturi mrayogekaken anggenipun lenggah
ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
16. Pranatacara paring wekdal siswa ingkang
badhe atur ular-ular utawi wursita wara
“Makaten gladhen atur pambageharja sampun katindakaken
kanthi tata, titi, tatas, lan titis.
Para kadang siswa ingkang kula tresnani,
“Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur
wursitawara. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula bapak Sutaji.
Sumangga kula dherekaken.”
17.
Micara Atur Wursitawara
Nuwun,
Assalamu’alaikum Wr.Wb
Sadaya
puji sembah miwah puji kagunganipun Gusti Allah ingkang nguwaosi arsy ingkang
agung. Kanugrahan saha karahayon mugi-mugi sanityasa kaluberna/kaparingna
dhumateng utusanipun ingkang mulya, inggih menika tetunggul miwah pangayom kita
Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang sumanak sumandherek tuwin tresna asih, sarta
dhumateng kulawarga dalah sekabat-sekabatipun inggih menika para-para ingkang
masrahaken jiwa/nyawa tuwin kadonyan/brana artanipun namung mligi konjuk Gusti
Allah Ingkang Agung.
Para
sesepuh, miwah pinisepuh, bapak-bapak saha ibu-ibu para tamu sadaya ingkang
kinurmatan, mligi katur anak kula penganten sekaliyan ingkang nembe kawisudha
minangka calon Bapak, calon Ibu ingkang kula tresnani. Katur sedherek kula
panatacara kula matur nuwun dipunparingi wekdal kangge mbabar sabda mulya utawi
wursitawara, utawi sabdatama utawi ular-ular. Wursitawara menika kula aturaken
dhateng anak kula penganten sekaliyan kangge sanguning gesang brebayan. Dene
penganten kawak midhangetaken menapa ingkang badhe kula aturaken inggih boten
wonten awonipun. Ananging salugunipun kemawon kula menika dereng mandhita awit
ngelmu kula menika namung sakedhik. Sanajan kados makaten kula tinuding kapiji
Bapak Wijaya saha besan saperlu atur sabdatama.
Anakku
penganten sekaliyan sira sakloron saiki wis mengku balewisma utawa wis
omah-omah najan during duwe omah ning jenenge wis omah-omah kuwi beda karo
nalikane sira isih padha ijen-ijen. Suami kudu bisa angayani, angayomi, lan
angayemi garwane. Momot, mengku, lan mimpin, sarta iklasing ati nampa kabeh
kekurangane garwa. Nek luput kudu disepura. Semono uga istri, kuwi sandhangane
kakung. Kepriye eguh pratikele saengga istri nek ditinggal ing ngomah dhewe ora
wedi ya ora medeni lan ora nguwatiri, nek dijak bareng karo sing kakung ora
ngisin-ngisini. Wong omah-omah ngono kudu tumuju marang wirya, arta, lan
winasis sinartan tekun ngibadahe miturut syariat agamane. Wirya iku tegese
kajen alias mempunyai harga diri, kulawargane dipimpin supaya duwe harga diri
ing masyarakat bebrayan agung. Arta tegese wong omah-omah iku kudu duwe dhuwit
sing digoleki kanthi cara nyambut gawe entuk kanthi halal, saengga barokah.
Golek dhuwit aja mlanggar aturane agama lan nagara, awak ora patiya mujur malah
dadi kojur. Winasis iku kepinteran, tansah ngudi marang ngelmu urip, ngelmu
agama lsp. Tekun ngibadahe tansah eling marang sing gawe urip, nyuwun taufik
lan hidayah supaya kulawargane rahayu, raharja, slamet wilujeng.
Anakku
penganten sakloron, omah-omah iku nek kepenging bisa wareg, waras, wutuh,
wasis, widada, lan wibawa mula kowe sakloron kudu nyukupi pawon, anggon-anggon,
turon, enggon utawa gupon lank ebon. Pawon tegese cukup pangan, cukup tegese
sing didhadar ora mesti mewah nanging ana gisine, anggon-anggon tegese cukup
sandhangane klebu car arias lan nata awak, ora kudu mabyor-mabyor nanging
sederhana resik rapi endah lan menarik. Menarik iki mligi supaya suamine terus
tertarik marang istrine sanajan wis nganti tuwa tetep isih tertarik marang
garwane dhewe.
Sabanjure
kudu nyukupi turon tegese kebutuhan biologis terpenuhi. Tujuwane wong omah-omah
yaiku duwe turun utawa kagungan putra supaya mbesuk bisa nerusake asmane wong
tuwo.
Enggon
utawa gupon tegese kudu nyukupi papan panggonan utawa omah. Alon-alon kudu
dirancang kapan bisa duwe omah yasane dhewe, sing gawe saka jerih payahe wong
loro. Omah ora perlu mewah, nanging sehat cukup kanggo sakulawarga bisa bungah.
Dene
sing pungkasan yaiku kebon, tegese kudu bermasyarakat. Supaya nyukupi kebon,
kowe kudu rukun marang rama-lan ibumu dhewe, rukun marang maratuwamu, lan rukun
marang tangga teparo, sarta rukun karo kanca.
Wektune
dibagi kanggo nyambut gawe, kanggo silaturahmi/kagiyatan masyarakat, kanggo
nyenengake awake, kanggo sinau utawa golek ngilmu donya akherat, ben otake ora
ketul.
Mung
samono anggonku paring pituduh marang sira penganten sakloron. Ana sing mbok
anggep apik tindakana nek sing elek aja mbok nut utawa lalekna.
Para
rawuh ingkang minulya, kados naming samanten babaring wursitawara adedhasar
gaduking nalar pangertosan kula. Ambok bilih wonten klenta-klentunipun atur
saha wacana kersa para rawuh sedaya paring pangapunten. Katur adimas panatacara
wekdal saha sasana kula aturaken wangsul.Bilahi taufik wal hidayah.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb
18. Panatacara mungkasin adicara gladhen
Satuhu
edi endah tur aji menapa ingkang sampun dipunaturaken dening sedherek kula
bapak Sutaji. Sedaya mugi saged kapetik sari-sarining wewarah saengga mahanani
tumprap penganten kekalih kangge gesang ing bebrayan agung. Kanthi pangajab
mugi tansah manggih kamulyan karaharjan, saha kabagyan.
Para
kadang ingkang kula tresnani
Dumugi
wahyaning mengsakala wus ndungkap titi purna laksitaning tatacara gladhen ing
dinten menika. Wiwit purwa, lajeng madya dumugi ing wasana sampun kalampahan
kanthi wilujeng nir ing sambekala. Sak lajengipun kasuwun para siswa ingkang
sampun purna maraga lenggah wangsul ing palenggahan sakawit. Mangga.
Namung
semanten menggah tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kula ingkang nampi
jejibahan minangka panatacara sepisan ngaturaken agengipun matur nuwun, kaping
kalih mbok bilih wonten lepatipunbasa lan sastra, kirang ing subasita miwah
tatakrama kula nyadhong lumunturing samodra pangaksama. Sugeng gladhen ketrampilan
sanesipunb mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum Wr.Wb. Nuwun.
Kapethik saking
:
http://eostudent.blogspot.com/2013/11/adat-tradisi-jawi-babagan-mantenan.html#sthash.VlbvK0LL.dpuf
Tidak ada komentar:
Posting Komentar