Serat Wulangreh ngrupiaken satunggaling
genre salebeting khasanah sasra Jawi, sanajan mboten sedanten kalebet teng
saleneting teks wulang sacaos sinurat anyebat atanapi kasebat teng tembung
wulang kados dening kang wonten teng judull punika. Sacaos harfiah, ‘wulang‘ artosipun weling
atanapi wawaler.
Wonten pinten-pinten teks kang kalebet
teng salebeting wulang, di antawiseWulangreh,
Wulang Putri, Wedhatama, Tripama, lan Sanasunu. Teks-teks ingkang
kasebat punika katahe ngrupiaken asil susastra keraton, ingkang kawentar
ngantos tebih sajawining tembok keraton salebeting tataran kabudayan Jawi,
sanajan lami-lami sacaos alon-alon pupus dening dinamika kabudayan sastra Jawi
ing atasing “Kebudayaan Indonesia”. Mangga sami-sami mulasara kabudayan Jawi
punika.
PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01
Pamedare
wasitaning ati, cumanthaka aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging
kedah ginunggung, datan wruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang
kalantur, turur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih
padhanging sasmita.
Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat
meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin
disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk
menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun
(hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.
02
Sasmitaning
ngaurip puniki, apan ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang
ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
Isyarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika
kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak
yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum
mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah
(memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.
03
Jroning
Kur’an nggonira sayekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah
sasar-susur, yen sira ayun waskita, sampurnane ing badanira, punika sira
anggegurua.
Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya
yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh
dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau
semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka
bergurulah.
04
Nanging
yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong
tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira
guronana kaki, sartane kawruhana.
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru
yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah.
Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan
imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05
Lamun
ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age,
anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun, dalil qadis lan ijemak, myang kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai
dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya.
Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak,
dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.
06
Nora
kena lamun den antepi, yen ucula sing patang prakara, nora enak legetane, tan
wurung ningal wektu, panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus
salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den
singgahi, bubrah sakehing tata.
Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal
tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’
sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu
tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.
07
Angel
temen ing jaman mangkin, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja
ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing
panggawene sarak, den arani luput, nanging iya sasenengan, nora kena den uwor
kareping janmi, papancene priyangga.
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman
ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika
seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah dianggap
salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang,
masing-masing memiliki perbedaan.
08
Ingkang
lumrah ing mangsa puniki, apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik tingale,
kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu
anggeguru, samengko iki tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya
kanthinira.
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari
murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu.
Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak
begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai
pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu
Kinanthi).
PUPUH II
K I N A N T H I
K I N A N T H I
01
Padha
gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.
Kalian biasakanlah megasah kalbu, agar (pikiranmu) tajam
menangkap isyarat, jangan hanaya selalu makan dan tidur, jangkaulah sikap
kepahlawanan, latihlah dirimu dengan mengurangi makan dan minum.
02
Dadiya
lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa
sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin.
Jadikan sebagai lelakon, kurangi makan dan tidur, jangan
gemar berpesta pora, gunakan seperlunya (karena) tabiat orang yang gemar
berpesta pora adalah berkurangnya kepekaan batin.
03
Yen
wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang
ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.
Jika kau sudah ditakdirkan menjadi pembesar, janganlah
menyombongkan diri, jangan kau dekati orang yang memiliki tabiat buruk dan
bertingkah laku tidak baik, sebab suka atau tidak suka (hal itu) akan menular
padamu.
04
Nadyan
asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi
misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi.
Sekalipun berasal dari keturunan kelas bawah, namun memiliki
kelakuan yang baik atau memiliki banyak cerita yang berisi (berguna), dia patut
kau gauli, (hal itu) akan menambah kebijaksanaanmu.
05
Yen
wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh
bangsat, nora wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung
bisa maling.
Jika masih muda, biasanya mengikuti lingkungan, jika di
lingkungan itu banyak penjahat, maka jahatnla ia. Jika di lingkungannya banyak
pencuri, maka ia pun pandai mencuri.
06
Sanadyan
ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala
puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis.
Meskipun tidak ikut (mencuri) pasti mengetahui bagaimana
cara mencuri. Demikanlah (karakter) semua perbuatan jelek, awalnya hanya tahu,
kemudian bisa melakukan, itulah bujukan iblis.
07
Panggawe
becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan,
aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.
Perbuatan yang benar itu akan mudah jika sudah dilaksanakan,
terasa sulit jika belum dilakukan, enggan melaksanakan, namun jika dilakukan
(hal itu) akan bermanfaat bagi jiwa raga kita.
08
Yen
wong anom-anom iku, kang kanggo ing masa iki, andhap asor kang den simpar,
umbag gumunggunging dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan kumaki.
Para pemuda di masa sekarang meninggalkan sopan santun dan
rendah hati, sebaliknya mengumbar kesombongan dan tinggi hati.
09
Sapa
sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku wewatone uga, nom-noman adoh wong
becik, emoh angrungu carita, carita ala miwah becik.
Tidak mengenal teman satu sama lain, kurang ajar, dan congkak,
itu juga kebiasaannya, para pemuda menjauhi orang yang berperilaku baik, tidak
mau mendengar cerita yang baik maupun cerita yang jelek.
10
Cerita
pan wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener ala lan ora, kalebu jro
cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
Adapun erita yang sudah terjadi, adalah perbuatan baik dan
buruk, tingkah laku benar dan tidak benar termasuk ke dalam jenis cerita, oleh
karena itu disebu cerita, selurihnya harus kau ketahui.
11
Mulane
wong anom iku, abecik ingkang taberi, jejagongan lan wong tuwa, ingkang sugih
kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
Oleh karena itu, sebagai pemuda seharusnya rajin
berkomunikasi dan berembug dengan orang tua yang banyak bicara. Ingat, bicara
itu banyak macamnya, ada yang baik, ada pula yang buruk.
12
Ingkang
becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja sira
anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing masa puniki.
Pastikan kau ikuti pembicaraan yang baik, yang kurang baik
singkirkan, jangan kau lakukan, meskipun begitu, di masa sekarang waspadalah
setiap orang bicara.
13
Akeh
wong kang sugih wuwus, nanging den sampar pakolih, amung badane priyangga, kang
den pakolehaken ugi, panastene kang den umbar, nora nganggo sawatawis.
Banayak orang yang pandai bicara namun pembicaraannya itu
dibungkus dengan maksud untuk mementingkan diri sendiri, hanya dirinya yang
diuntungka, mengumbar kedengkian tanpa batas.
14
Aja
ana wong bisa tutur, amunga ingsun pribadhi, aja ana ingkang memadha, angrasa
pinter pribadhi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes den pareki.
Jangan ada orang yang dapat berbicara kecuali dirinya
sendiri dan jangan ada yang meyamai, merasa paling pandai, itu adalah perilaku
setan, tidak pantas kau dekati.
15
Sikakna
di kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen apan nora layak, yen sira
sandhinga linggih, nora wurung katularan, becik singkirana ugi.
Jika kau temui orang seperti itu, usirlah seperi kau
menghalau anjing, dia tak patut kau dekati apalagi menemaninya duduk, niscaya kau
akan ketularan, lebih baik hindarilah.
16
Poma-poma
wekasingsun, mring kang maca layang iki, lair batin den estokna, saunine layang
iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lair praptaning batin.
Bagi ayang membaca surat ini, perhatikan dengan sungguh-sungguh
nasihatku ini, patuhilah secara lahir dan batin, laksnakan apa yang tertulis
dalam surat ini, dan berbaktilah terhadap orang tua, lahir dan batin.
PUPUH III
G A M B U H
01
Sekar
gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula
katali, kadaluwarsa kapatuh, katuruh pan dadi awon.
Sekar gambuh pola yang keempat, yang menjadi bahan
perbincangan adalah perlaku yang tidak teratur, tidak mau mendengar nasihat,
semakin lama semakin tak terkendali, hal ini akan berakibat buruk.
02
Aja
nganti kabanjur, barang polah ingkang nora jujur, yen kebanjur sayekti kojur
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
Jangan sampai kau terlanjur dengan tingkah polah yang tidak
jujur, jika sudah telanjur akan mecelakakan, dan hal itu tidak baik. Oleh
karena itu, berusahalah ajaran yang sejati.
03
Tutur
bener puniku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
Ajaran yang benar itu patut kau ikuti, meskipun berasal dari
orang yang rendah derajatnya, namun jika baik dalam mengajarkan, maka ia pantas
kau terima.
04
Ana
pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
Ada kiasa yang berbunyi adiguna, adigang, adigung, adigang
kiasan kijang, adigung kiasan gajah, dan adiguna kiasan ular. Ketiganya mati
bersamaan.
05
Si
kidang ambegipun, angandelaken kebat lumpatipun, pan si gajah angandelken gung
ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
Tabiat si kijang adalah menyombongkan kecepatannya berlari,
si gajah menyombongkan tubuhnya yang tinggi besar, sedangkan si ular
menyombongkan bisaya yang ganas bila menggigit.
06
Iku
upamanipun, aja ngandelaken sira iku, suteng nata iya sapa kumawani, iku ambeke
wong digang, ing wasana dadi asor.
Itu semua hanya perumpamaan, janganlah kau menyombongkan
diri karena putra raja sehingga merasa tidak mungkin ada yang berani, itu
tabiat yang adiganng, ujung-ujungnya merendahkanmu.
07
Adiguna
puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan dipundheweki, sapa bisa
kaya ingsun, togging prana nora enjoh.
Watak adiguna adalah menyombongakan kepandaiannya, seluruh
kepandaian adalah miliknya. Siapa yang bisa seperti aku, padahal akhirnya tidak
sanggup.
08
Ambek
adigung iku, angungasaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyenyampahi,
tinemenan nora pecus, satemah dadi geguyon.
Tabiat orang adigung adalah menyombongkan keperkasaan dan
keberaniannya, semuanya ditantang berkelahi, bengis, dan suka mencela. Tetapi
jika benar-benar dihadapi, ia tak akan melawan, bahkan jadi bahan tertawaan.
09
Ing
wong urip puniku, aja nganggo ambek kang tetelu, anganggowa rereh ririh
ngati-ati, den kawangwang barang laku, kang waskitha solahing wong.
Dalam kehidupan, jangan kau kedepankan tiga tabiat tersebut,
berlakulah sabar, cermat, dan hati-hati. Perhatikan segala tingkah laku,
waspadai segala perilaku orang lain.
10
Dene
tetelu iku, si kidang suka ing panitipun, pan si gajah alena patinireki, si ula
ing patinipun, ngandelaken upase mandos.
Dari ketiganya itu, si kijang mati karena kegembiraannya,
gajah mati karena keteledorannya, sedangkan ular mati karena keganasan bisanya.
11
Tetelu
nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang nggunggung, wekasane kajalomprong.
Ketiganya tidak patut kau tiru, kalau kau tiru akibatnya
akan buruk. Ciri-ciri pemuda adalah tidak dapat menyimpan rahasia , senang bia
banyak yang menyanjung yang akhirnya menjerumuskan.
12
Yen
wong anom iku, kakehan panggunggung, dadi kumprung, pengung bingung wekasane
pan angoling, yen ginunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mencothot.
Jika pemuda terlalu banyak sanjungan, maka ia menjadi tolol,
tuli, dan bingung, akhirnya mudah diombang-ambingkan, jika sedang dimuji, maka
monyong seperti bisul yang hampir meletus
13
Dene
kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuk kalimising
lathi, lan telese gondhangipun, reruba alaning uwong.
Adapun yang senang menyanjung sangat sederhana keinginannya,
yaitu kenyang perut, basah lidah dan tenggorokan dengan menjual keburukan orang
lain.
14
Amrih
pareke iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi,
tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.
Supaya dekat (dengan atasan). Jika sudah terpakai kemudian
membuat ulah dengan membuat orag menjadi takut sehingga ia menerima upeti dari
hasil menjual kemampuan orang lain.
15
Yen
wong mangkono iku, nora pantes cedhak lan wong agung, nora wurung anuntun
panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.
Orang seperti itu tidak pantas untuk berdekata dengan
pembesar karena dapat mendorong untuk berbuat jahat. Meskipun begitu tetap ada
kepantasannya, yaitu ditumbuk.
16
Aja
kakehan sanggup, durung weruh tuture agupruk, tutur nempil panganggepe wruh
pribadi, pangrasane keh kang nggunggung, kang wus weruh amalengos.
Jangan terlalu merasa tahu banyak. Belum melihat dengan mata
kepala sendiri tetapi banyak berbicara, bahkan hanya dengan mendengar seolah-olah
mengetahui sendiri. Dikiranya banyak yang menyanjung, padahal yang
mengetahuinya akan memalingkan muka.
17
Aja
nganggo sireku, kalakuwan kang mangkono iku, nora wurung cinirenen den titeni,
mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.
Oleh karena itu, Nak. Jangan kau bersikap seperti itu karena
pasti akan mencadi catatan dalam hati sanak saudara. Mereka tidak akan percaya
lagi kepadamu.
PUPUH IV
P A N G K U R
P A N G K U R
01
Sekar
pangkur kang winarna, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana, adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den
kaesthi siyang ratri.
Nasihat ini dibalut dengan tembang Pangkur. Seyogyanya kau
memahami hakikat pengabdian bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kau
ketahui. Pahami pula ada dan aturan, serta siang malam jangan kau lupakan tata
krama
02
Deduga
lawan prayoga, myang watara reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena
tininggala, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra,
duga-duga nora kari.
Jangan kau lupakan pertimbangan, boleh sedikit curiga karena
hal itu merupakan (keharusan) yang tidak boleh kau lupakan, baik ketka sedang
terjaga, duduk, bangun, maupun berjalan, diam, berbicara, maupun tidur (jangan
lupakan nalar).
03
Miwah
ta sabarang karya, ing prakara kang gedhe lan kang cilik, papat iku aja kantun,
kanggo sadina-dina, rina wengi nagara miwah ing dhusun, kabeh kang padha
ambegan, papat iku aja lali.
Demikian pula pertimbangan empat perkara dalam segala hal
baik yang besar maupun yang kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari,
siang atau malam, di kota maupun di desa. (Hal ini berlaku) untuk semua makhluk
yang bernapas.
04
Kalamun
ana manusa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan
wong kathah, wong degsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak,
nora wurung neniwasi.
Jika ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar, itu tak
patut berbaur dengan orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tak tahu
adat dan hanya menuruti kemauannya sendiri, (orang seperto itu) akan membawa
kehancuran.
05
Mapan
watake manusa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun, pan
dadi panengeran ingkang, kang apinter kang bodho miwah kang luhur, kang sugih
lan kang melarat, tanapi manusa singgih.
Ciri perilaku manusia itu tampak dari bagaimana varanya
berjalan dan duduk, tindak-tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu pandai
atau bodoh, berderajat tinggi atau hina, kaya atau miskin
06
Ulama
miwah maksiyat, wong kang kendel tanapi wong kang jirih, durjana bebotoh kaum,
lanang wadon pan padha, panitike manusa wateke wewatekipun, apa dene wong kang
nyata, ing pangawruh kang wus pasthi.
Ulama atau penjahat, pemberani maupun penakut, pencuri
maupun bebotoh, atau lelaki maupun perempuan semua memiliki ciri-ciri yang
sama.
07
Tinitik
ing solah muna, lawan muni ing laku lawan linggih, iku panengeran agung,
winawas ginrahita, pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujanma,
datan kongsi mindho gaweni.
Terlihat dari tindak-tanduk, berbicara, berjalan, dan duduk,
itu cirri utama yang mudah diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu, orang
jaman duu tidak pernah salah dalam menilai orang.
08
Masa
mengko mapan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong
puniku, dhengki srei lan dora, iren meren dahwen pinasten kumingsun, opene nora
prasaja, jail mutakil bakiwit.
Masa sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang baik.
Umumnya (manusia sekarang) itu dengki, serakah, dan pembohong, malas, iri,
senang encela, sombong, tidak jujur, jahil, banyak curiga, dan curang
09
Alaning
liyan den andhar, ing becike liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung,
kinarya pasamuan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong mangkono wateknya,
nora kena denpedhaki.
Kejelekan orang lain disebarluaskan, sementara kebaikan
(orang lain) disembunyikan, kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan
dibicarakan dalam pertemuan, tidak merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang
yang bertabiat seperti itu tidak layak kau dekati.
10
Iku
wong durjana murka, nora nana mareme jroning ati, sabarang karepanipun, nadyan
wusa katekan, karepane nora mari saya banjur, luwamah lawan amarah, iku kang
den tut wuri.
Orang seperti itu disebutpenjahat serakah, tidak
pernah merasa puas meskipun semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya
tidak ernah berhenti, malah semakinmenjadi-jadi, menurutkan hawa nafsu lawamah
dan amarah.
11
Ing
sabarang tingkah polah, ing pangucap tanapi lamun linggih, sungkan asor
ambekipun, pan lumuh kaungkulan, ing sujanma pangrasane dhewekipun, nora nana
kang memadha, angrasa luhur pribadi.
Segala tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk, tabiatnya
tidak mau dikalahkan oleh orang lain, tidak mau ada yang menyamai, ia merasa
dirinya paling tinggi.
12
Aja
nedya katempelan, ing wewatek kang tan panates ing budhi, watek rusuh nora
urus, tunggal lawan manusa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon dadi
tuladha, tinuta ing wuri.
Jangan sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas karena
perilaku jahat seperti itu tidak patut disandang manusia. Seyognya berbuatlah
kebajikan sehingga menjadi suri teladan dan panutan di kemudian hari.
13
Aja
lunyu lemer genjah, angrong pasanakan nyumur gumuling, ambubut arit puniku,
watek datan raharja, pan wong lunyu nora pantes dipunenut, monyar-manyir tan
anteban, dela lemeran puniku.
Janganlah bersikap lunyu lemer genjah, angrong
pasanakan nyumur gumuling, dan ambubut arit karena sifat itu tidak
akan menyelamatkanmu, tidak patut kau anut. Watak lunyu itu artinyakata-katanya
tidak bisa dipegang, sedangkan sifat lemer
14
Para
penginan tegesnya, genjah iku cak-cekan barang kardi, angrong pasanak liripun,
remen ulah miruda, mring rabine sadulur miwah ing batur, mring sanak myang
prasanakan, sok senenga den ramuhi.
Adalah mudah tergiur sesuatu. Genjah artinya senang berkata
jorok, angrong pasanakan artinya senang berselingkuh dengan istri orang, dan
jika sudah mencintai istri sahabat atau kerabat harus terlaksana.
15
Nyumur
guling linira, ambeladhah nora duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wewadine
den umbar, mbuntut arit punika pracekanipun, ambener ing pangarepan, nanging
nggarethel ing wuri.
Nyumur gumuling artinya tidak dapat menyimpan rahasia, jika
mendengar kabar (meskipun sebagian) langsung disebarluaskan. Mbuntut arit
artinya di awal terdengar baik tapi menggerutu di belakang.
16
Sabarang
kang dipun ucap, nora wurung amrih oleh pribadi, iku labuhan patut, aja na
nedya nulad, ing wateking nenem prakara punika, sayogyane ngupayaa, lir mas
tumimbul ing warih.
Semua yang diucapkannya hanya untuk keuntungan diri sendiri.
Hal itu bukan kebajikan yang baik, dan jangan ada yang meniru keenam sifat di
atas. Seyogyanya berlakulan seperti emas yang tersembul di permukaan. (mas
tumimbul merupakan isyarat pola tembang berikutnya yaitu maskumambang).
PUPUH V
MASKUMAMBANG
MASKUMAMBANG
01
Nadyan
silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora
pantes yen den nuta.
Meskipun ayah, ibu, kakek, maupun nenek jika nasihatnya
tidak baik, maka jangan kau dengar, tidak patut kau turuti.
02
Apan
kaya mangkono karepaneki, sanadyan wong liya, kalamun watake becik, miwah
tindake prayoga.
Demikian seharusnya. Meskipun orang lain, namun memiliki
tabiat dan tingkah lakunya yang baik
03
Iku
pantes yen sira tiruwa ta kaki, miwah bapa biyung, amuruk watek kang becik, iku
kaki estokena.
Itu pantas kau tiru, Nak, begitu pula jika ayah dan ibu
memiliki nasihat yang baik, maka turutilah, Nak.
04
Wong
tan manut pitutur wong tuwa ugi, pan nemu duraka, ing dunya praptaning akhir,
tan wurung kasurang-surang.
Orang yang tidak mentaati orang tua itu durhaka, dia akan
kena kutuk sejak hidup di dunia sampai di alam akhir
05
Maratani
mring anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja sira kumawani, ing bapa
tanapi biyang.
Hingga kelak ke anak cucu. Oleh karena itu, perhatikan
sungguh-sungguh, jangan engkau kurang ajar kepada ayah atau ibu
06
Ana
uga etung-etungane kaki, lelima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lelima
punika.
Ada juga yang disebut dengan lima sujud (bakti), Nak. Adapun
kelima jenis sujud (bakti) itu adalah :
07
Kang
dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kaping katri, ya
marang sadulur tuwa.
Yang pertama ayah dan ibu, kedua kepada mertua baik
laki-laki maupun perempuan, ketiga kepada saudara tua
08
Kaping
pate marang guru sayekti, sembah kaping lima marang Gustinira yekti, parincine
kawruhana.
Keempat kepada guru, sedangkan kelima kepada raja (atasan).
Adapun penjelasannya adalah
09
Pramila
rama ibu den bekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, kinawruhan padhang
hawa.
Mengapa ayah dan ibu harus dibaktikan, sebab keduanya adalah
perantara yang menyebabkan kita hadir di dunia
10
Uripira
pinter samubarang kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widdhi, milane
wajib sinembah.
Semua kepandaianmu bermula dari ayah dan ibu yang secara
mata batin berasal dari Yang Mahakuasa. Oleh karena itu (mereka) patut kau
sembah.
11
Ya
mulane maratuwa jalu estri, pan wajib sinembah, angsung kabungahan tuwin, aweh
rasa ingkang nyata.
Mengapa kedua mertuamu patut kau sembah, sebab mereka
memberimu kebahagiaan dan kenikmatan sejati
12
Katanipun
sadulur tuwa puniki, pan wajib sinembah, gegentening bapa benjing, mulane guru
sinembah.
Sementara saudara tua harus kau sembah karena ia adalah
ganti ayah kelak. Adapun guru wajib disembah karena
13
Kang
atuduh sampurnanning urip, tumekeng antaka, madhangken pethenging ati,
anuduhaken marga mulya.
Yang menunjukkan kesempurnaan hidup sampai datangnya
kematian, menerangkan gelapnya hati, menunjukkan jalan kemulyaan
14
Wong
duraka ing guru abot sayekti, milae den padha, mintaa sih ywa nganti, suda kang
dadi sihira.
Orang yang dikutuk guru sangat berat, oleh karena itu
mengharaplah kasih sayang guru kepadamu jangan sampai berkurang
15
Kaping
lima dununge sembah puniki, mring Gusti Kang Murba, ing pati kalawan urip, aweh
sandhang lawan pangan.
Adapun sembah yang kelima adalah kepada raja yang berkuasa
atas hidup dan matimu, memberimu sndang dan pangan
16
Wong
neng dunya kudu manut marang Gusti, lawan dipunawas, sapratingkahe den esthi,
aja dumeh wus awirya.
Orang yang hidup seyogyanya berbakti kepada raja serta
menjaga segala tindakan agar selalu benar, jangan sombong meskipun sudah
berkuasa
17
Nora
beda putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi, yen
dosa kukume padha.
Tidak berbeda antara putra raja dan kerabat raja dengan
rakyat jelata dalam hal mengabdi. Bukankah kedudukan abdi semuanya sama di mata
hukum?
18
Yen
rumasa putra santana sireki, dadine tyasira, angendiraken sayekti, nora wurung
anemu papa.
Jika kau merasa sebagai putra raja atau kerabat raja, itu
artinya kau menyombongkan diri, hal ini akan menyebabkan kesulitan bagimu
19
Angungasken
putra sentananeng Aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.
Janganlah kau mengagungkan diri sebagai putra raja, Anakku
orang yang mengabdi (kepada raja) tidak boleh demikian, kau harus tahu
kewajiban
20
Yen
tinuduh marang Sang Maha Narpati, sabarang tuduhnya, iku estokna ugi, karyanira
sungkemana.
Jika diperintah oleh Sri Baginda, apapun bentuk printahnya,
maka hormati dan taati perintahnya
21
Aja
mengeng ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja malincur ing kardi, lan
aja ngepluk sungkanan.
Janganlah menghindar pada perintah raja. Rajinlah menghadap
dan jangan malas menjalankan tugas. Jangan sering terlambat dan menolak tugas
22
Luwih
ala-alane ing wong ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan patut ngawuleng aji,
angengera sapa-sapa.
Seburuk-buruknya orang hidup adalah bangun terlambat dan
menolak kewajiban. Jika mengabdi kepada raja bahkan mengabdi kepada siapapun,
hal itu tidak layak
23
Angengera
ing bapa biyung pribadi, yen ngepluk sungkanan, nora wurung den srengeni,
binalang miwah pinala.
Ikut pada ayah maupun ibu sekalipun, jika bangun terlambat
dan menolak kewajiban pasti dimarahi, disambit, atau dipukul
24
Apa
kaya mangkono ngawuleng aji, yen ngepluk sungkanan, tan wurung manggih bilahi,
ing wuri aja ngresula.
Demikan pula mengabdi kepada raja, jika bangun terlambat dan
malas akan celaka, (jika terjadi hal demikian) jangan kau menyesal di belakang
hari
25
Pan
kinarya dhewe bilahine ugi, lamun tinemenan, sabarang karyaning Gusti, lahir
batin tan suminggah.
Bukankah celakanya itu hasil kerjanaya juga? Jika kau
bersungguh-sungguh secara lahir batin, jangan kau menghindar
26
Mapan
Ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kekasih, amung
bener agemira.
Karena memang raja tidak memiliki putra, saudara, dan
kerabat, demikian puia (raja) tidak memiliki istri atau kekasih, yang dipegang
hanya aturan
27
Kukum
adil adat waton kang denesthi, mulane ta padha, den rumeksa marang Gusti, endi
lire wong rumeksa.
Hukum yang adil dan adat istiadat, itu yang dijalankan raja.
Oleh karena itu, jagalah. Adapun cara menjaga raja adalah
28
Dipun
gemi nastiti ngati-ati, gemi mring kagungan, ing Gusti ywa sira wani,
anggegampang lawan aja
Hidup hemat, teliti, damn hati-hati. Janganlah kau
menggampangkan milik raja, juga jangan
29
Wani-wani
nuturken wadining Gusti, den bisa rerawat, ing wewadi sang siniwi, nastiti
barang parentah.
sekalipun berani membocorkan rahasia raja. Simpanlah
rapat-rapat rahasia raja dan cermati selurruh perintahnya.
30
Ngati-ati
ing rina kalawan wengi, ing rumeksanira, lan nyadhong karsaning Gusti,
Dudukwuluhe kang tampa.
Cermatilah segala milik raja dan berhati-hatilah siang dan
malam sambil menerima perintah raja (dudukwuluhe adalah isyarat pola tembang
berikutnya, yaitu dudukwuluh)
PUPUH VI
DUDUK WULUH
DUDUK WULUH
01
Wong
ngawula ing Ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu mantep
sartanipun, setya tuhu marang Gusti, dipunmiturut sapakon.
Mengabdi kepada raja memang amat repot, tidak boleh
ragu-ragu dan harus mantap, serta setia dan percaya kepada raja
02
Mapan
Ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahaken hukum adil, pramila wajib den
enut, sing sapa tan manut ugi, ing parentahe Sang Katong.
Bukankah raja adalah wakil Yang Mahaagung, yang menjalankan
hukum dan keadilan sehingga harus ditaati. Barang siapa yang tidak menuruti
perintah sang raja
03
Aprasasat
mbadali karseng Hyang Agung, mulane babo wong urip, saparsa suwiteng Ratu, kudu
eklas lair batin, aja nganti nemu ewoh.
Ibarat ingkar dari Yang Mahaagung. Oleh karena itu, setiap
yang mengabdi kepada raja harus ikhlas lahir batrin agar tidak mendapat
kesulitan
04
Ing
wurine yen ati durung tuwajuh, angur sira ngabdi, becik ngidunga karuhun, aja
age nuli ngabdi, yen durung eklas ing batos.
di belakang hari. Jika hati belum bulat, jangan kau
mengabdi, lebih baik jika menumpang tinggal dulu jangan kemudian mengabdi jika
batin belum pasrah
05
Anggur
ngindung bae pan nora pakewuh, lan nora nana kang ngiri, amungkul pakaryanipun,
nora susah tungguk kemit, seba apan nora nganggo
Lebih baik menumpang tinggal agar tidak susah dan tidak ada
ayang memerintah, tekun bekerja, tidak perlu bertugas jaga, bahkan tidak perlu
menghadap
06
Mung
yen ana tongtonan metu ing lurung, kemul bebede sasisih, sarwi mbanda
tanganipun, glindhang-glindhung tanpa keris, andhodhok pinggiring bango.
cuma jika ada keramaian tontonan di jalan, keluar dengan
kain bebed sebelah sambil bersilang tangan, hilir mudik tanpa keris, duduk di
pinggir warung.
07
Suprandene
jroning tyas, anglir tumenggung, mengku bawat Senen Kemis, mankono iku liripun,
nora kaya wong ngabdi, wruh plataraning Sang Katong.
Meskipun demikian, di dalam hatinya merasa sebagai seorang
tumenggung yang berpatyung kebesaran. Sikap seperti itu bukanlah sikap pengabdi
yang setiap hari hanya melikat halaman istana
08
Lan
keringan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun,
nanging ta dipunpakeling, mulane pinardi kang wong.
yang terhormat, memiliki gelar dan kedudukan. Tetapi ingat,
orang yang mengabdi itu harus memperhatikan :
09
Samubarang
karyanira Sang Aprabu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, wong kang
padha-padha ngabdi, panggaweyane pan saos.
Seluruh perintah raja harus dilaksanakan, karena kewajiban
mengabdi adalah menghadap dan menantikan perintah raja
10
Kang
nyantana bupati mantri panewu, kliwon peneket miji, panalaweyan pananjung,
tanapi para prajurit, lan kang nambut karyeng katong.
Baik yang mengadi sebagai bupati, mantra, penewu, kliwon,
peneket, miji, panalawe, pananjung, maupun prajurit dan yang bekerja pada raja
11
Kabeh
iku kawajiban sebanipun, ing dina kang amarengi, wiyosanira Sang Aprabu,
sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
Semua memiliki kewajiban untuk menghadap pada hari yang
bersamaan pada saat raja bersidang. Sekalipun tidak ikut bersidang, jangan
(dijadikan alasan untuk) tidak menghadap
12
Ingkang
lumrah yen karep seba wong iku, nuli ganjaran den icih, yen tan oleh nuli
mutung, iku sewu sisip, yen wus mangerti ingkang wong.
Biasanya, orang yang rajin menghadap itu mengharapkan
mendapat hadiah, jika tidak mendapat hadiah, ia ngambek. (sikap seperti itu)
keliru bagi orang yang bijak
13
Tan
mangkono etunge kang uwis weruh, ganjaran datan pinikir, ganjaran pan wus
rumuhun, amung naur sihing Gusti, winales ing lair batos.
Bagi yang sudah mengetahui, perhitungannya tidak begitu,
masalah hadiah tidak dipikirkan, karena hadiah sebenarnya sudah diterima
terlebih dahulu, sehingga tinggal membalas kebaikan raja dengan lahir batin
14
Setya
tuhu marang saprentahe pan manut, ywa lenggana karseng Gusti, wong ngawula
paminipun, lir sarah mungging jaladri, darma lumampah sapakon.
Melaksanakan segala perintah raja. Jangan membantah kehendak
raja. Orang mengabdi ibarat sampah di samudra, hanya sekedar menjalankan
15
Dene
begja cilaka utawa luhur, asor iku pan wus pasthi, ana ing bebadanira, aja sok
amuring muring, marang Gusti Sang Akatong.
Adapun kebahagiaan dan kesengsaraan, ataupun tinggi rendah
tergantung pada takdir masing-masing, jangan suka marak kepada raja
16
Mundhak
ngakehaken ing luputireku, ing Gusti tuwin Hyang Widdhi, dene ta sabeneripun,
mupusa kalamun pasthi, ing badan tan kena megoh.
Hal itu akan menambah kesalahan kepada raja serta Yang
Mahakuasa. Yang benar adalah menerima takdir diri, jangan berdiam diri
17
Tulisane
ing lohkil makful kang rumuhun, pepancen sawiji-wiji, tan kena owah sarambut,
tulisan badan puniki, aja na mundur ing kewoh.
Yang sudah tersurat dalam laukhil makfudz tidak dapat diubah
barang serambutpun, oleh karena itu jangan mundur meghadapinya (mundur adalah
isyarat pola tembang berikutnya, yaitu durma)
PUPUH VII
D U R M A
D U R M A
01
Dipun
sami ambanting ing badanira, nyudha dhahar lan guling, darapon sudaa, nepsu
kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadya sabarang, karyanira lestari.
Biasakanlah melatih dirimu untuk prihatin dengan mengurangi
makan dan tidur agar berkurang nafsu yang menggelora, heningkan hatimu hingga
tercapai yang kau inginkan
02
Ing
pangrawuh lair batin aja mamang, yen sira wus udani, mring sariranira, lamun
ana kang Murba, masesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
Janganlah ragu terhadap pengetahuan lahir batin. Jika kau
memahami bahwa dalam kehidupan ini ada yang berkuasa, mudah-mudahan keinginanmu
terkabul
03
Bener
luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu
saking wong liya, mulane den ngati-ati, sakeh dirgama, singgahana den eling.
Benar salah, baik buruk, serta untung rugi, bukankah berasal
dari dirimu sendiri? Bukan dari orang lain. oleh karena itu, hati-hatilah
terhadap segala ancaman, hindari dan ingat
04
Apan
ana sesiku telung prakara, nanging gedhe pribadi, puniki lilira, yokang telung
prakara, poma ywa nggunggung sireki, sarta lan aja, nacat kepati pati.
Bukankah ada tiga perkara utama yang akan membesarkanmu?
Ketiga perkara tersebut adalah jangan menyombongkan diri, jangan mecela
05
Lawan
aja maoni sabarang karya, sithik-sithik memaoni, samubarang polah, tan kena
wong kumlebat, ing masa mengko puniki, apan wus lumrah, uga padha maoni.
Dan jangan mengritik hasil orang lain, sedikit-sedikit
mengritik, segala tingkah orang lain dikritik. Memang zaman sekarang sudah
lumrah orang mengritik
06
Mung
tindake dhewe datan winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen
tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi.
Hanya hasil karya sendiri yang tidak dikritik karena merasa
paling benar. Meskipun benar, jika perbuatan orang lain pasti dikatakan salah.
Hal itu salah karena kebenarannya menggunakan (ukuran) diri sendiri
07
Nora
nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memamaoni, sira eling-eling, aja
sugih waonan, den sami salajeng budi, ingkang prayoga, sapa-sapa kang lali.
Tidak ada perbuatan yang lebih mudah daripada mengritik. Kau
ingatlah, jangan terlalu sering mengritik, selalulah berpikir baik. Barang
siapa yang lupa
08
Ingkang
eling iku padha angilangna, marang sanak kanca kang lali, den nedya raharja,
mangkono tindakira, yen tan nggugu liya uwis, teka menenga, mung aja sok
ngrasani.
Dari yang ingat, maka ingatkan. Kepada sanak dan kerabat
semoga bahagia. Begitu seharusnya tidakanmu, namun jika tidak diturut, maka
diamlah, namun jangan membicarakan
09
Nemu
dosa gawanen sakpadha-padha, dene wong ngalem ugi, yen durung pratela, ing
temen becikira, aja age nggunggung kaki, meneh tan nyata, dadi cirinireki.
Kau akan berdosa pada sesame. Begitupun jika kau memuji yang
belum kaubuktikan kebenarannya, jangan terburu-buru memuji, Anakku.
Karena jika tidak terbukti malah akan menjadi celaan
10
Dene
kang wus kaprah ing masa samangkya, yen ana den senengi, ing pangalemira, pan
kongsi pandirangan, matane kongsi malirik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
Adapun yang sering terjadi pada zaman sekarang adalah jika
ada orang yang disenanginya maka dipuji setinggi langit sampai matanya melotot,
meskipun jelek tetapi tetap dikatakan baik
11
Aja
ngalem aja mada lamun bisa, yen uga masa mangkin iya ing sabarang, yen nora
sinenengan, den poyok kapati pati, nora prasaja, sabarang kang den pikir.
Kalau bisa, jangan memuji atau mencela. Namun kini, jika
tidak disenangi maka akan dicela habis-habisan, yang dipikirkan pun
bermacam-macam
12
Ngandhut
rukun becike ngarep kewala, ing wuri angarsani, ingkang ora-ora, kabeh kang
rinasanan, ala becik den rasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.
Pada awalnya berpura-pura baik, tetapi di belakang diomongkan
yang bukan-bukan, pembicaraan pun berganti (wirangrong merupakan isyarat
pergantian pola tembang beirkutnya, yaitu wirangrong)
PUPUH VIII
WIRANGRONG
WIRANGRONG
01
Den
samya marsudeng budi, wuweka dipun was paos, aja dumeh bisa muwus, yen tan
pantes ugi, sanadya mung sekecap, yen tan pantes prenahira.
Hendaklah kau berusaha mengendalikan diri dan berhati-hati,
jangan mentang-mentang pandai berbicara jika tak layak (didengar), meskipun
hanya sepatah kata jika bukan pada tempatnya
02
Kudu
golek masa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, durunge den
kaesthi, aja age kawedal, yen durung pantes lan rowang.
Carilah waktu dan tempat jika ingin bicara, jangan
terburu-buru berbicara sebelum kau piker, jangan cepat-cepat kau keluarkan (isi
hati) jika belum layak siapa yang kau ajak bicara
03
Rowang
sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, aja sok metuwo wong celathu, ana
pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.
Perhatikan dengan siapa kau berbicara sehingga tidak asal
bicara. (pembicaraan itu) ada yang layak didebgarkan orang banyak ada pula yang
tidak
04
Tan
pantes kanggo ngawruhi, milane lamon miraos, dipun ngarag-ngarah ywa
kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tinurutan, milane dipun prayitna
Diketahui orang banyak. Oleh karena itu, jika berbicara
jangan melantur karena jika telanjur terucap tidak dapat ditarik kembali
05
Lan
maninge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku gawe reged badanipun, nanging
masa mangkin, tan ana itungan prakara, supata ginawe dinan.
Di samping itu, orang hidup jangan terlalu banyak bersumpah,
itu akan mengotori dirimu, namun zaman sekarang tidak ada pertimbangan,
bersumpah adalah perbuatan sehari-hari
06
Den
gemi marang ing lathi, aja ngakehke pepisoh, cacah cucah erengan ngabul-abul, lamun
andukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.
Berhematlah dengan lidahmu, jangan memperbanyak umpatan,
menggerutu, dan marah-marah. Jika kau marah, sebutkan kesalahan bawahanmu itu
07
Lawan
padha den pakeling, teguhna lahir batos, aja ngalap randhaning sedulur, sanak
miwah abdi, rowang ing sapangandhap, miwah maring pasanakan.
Dan juga ingatlah, kuatkan lahir batin, jangan mengharapkan
janda saudaramu, kerabat, maupun bawahanmu, dan seterusnya
08
Gawe
salah graitaning, ing liyan kang sami anom, nadyan lilaa lanangipun kang
angrungu elik, ing batin tan pitaya, masa kuranga wanodya.
Hal itu akan membuat curiga orang yang mengetahuinya,
sekalipun suaminya rela, tetapi yang mendengarnya tidak yakin, tidak mungkin
kurang wanita
09
Tan
wurung dipun cireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu,
arang ngandel batin, ing tyase padhasuda, pangandele mring bendara.
Hal itu pasti dijadikan tanda dan dicap jorok. Di dalam
hatinya, mereka tidak percaya, hal itu menyebabkan kepercayaan kepada tuannya
akan berkurang
10
Anu
cacat agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakawan iku akeh pun, dhingin
wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
Ada lagi cacat yang lebih besar dari kesalahan, yaitu empat
perilaku, pertama madat, kedua bertaruh, dan ketiga pencuri
11
Kaping
sakawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan
wengi, mung batine den etang, alumuh lamun kalonga.
Yang keempat adalah berwatak pedagang. Adapun watak pedagang
dianggap jelek karena siang malam hanya memikirkan keuntungan, tidak mau jika
berkurang
12
Iya
upamane ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga
sadawa, gegetun patang warsa, padha lan ilang sanambang.
Meskipun memliki uang empat karung pun, belum tenang
hatinya, sekalipun hanya hilang satu sen, menyesalnya sampai empat bulan, sama
dengan hilang seribu
13
Wong
ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku,
anggegawe ugi, gegadhen pan tumanggal, ulate teka sumringah.
Orang berwtak pedagang, dalam banyak hal pura-puta tidak
tahu, namun jika ada orang yang dating sambil membawa barang jaminan, ia
bersikap ramah dan wajanya pun cerah
14
Dene
wong durjana ugi, nora ana den raos, rina wengi mung kang den etung, duweke
liyan nenggih, dahat datan prayoga, kalamun wateke durjana.
sedangkan watak pencuri, tidak ada lagi yang dirasakan,
siang malam yang diperhitungkan adalah milik orang lain. oleh kaera into sangat
tidak baik berwatak pencuri
15
Dene
bebotoh puniki, sabarang pakaryan lumoh, lawan kathah linyok para padha, yen
pawitan enting tan wurung anggegampang, ya marang darbeking sanak.
Adapun watak penjudi itu malas bekerja, sering berbohong,
dan suka beradu mulut, jika modalnya habis, maka menggampangkan segala milik
saudara
16
Nadyan
wasiyating kaki, nora wurung dipun edol, lamun menang lali gawe angkuh, pan
kaya bopati, wewah tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.
Bahkan warisan kakeknya pun berani dijual. Jika menang lupa
daratan, lagaknya seperti bupati, member dengan tanpa perhitungan. Begitulah
kejelekan penjudi
17
Kabutuhe
nuli memaling, tinitenan saya awon, apan boten wonten panedinipun, pramilane
sami, sadaya nyinggahana, anggegulang ngabotohan.
Jika sudah terpaksa terus mencuri, lama-kelamaan
kejelekannya ketahuan karena memang tidak ada penghasilan. Oleh karena itu,
hindarilah dan jangan lakukan perjudian
18
Dene
ta wong akng madati, kesade kaworan lumuh, amung ingkang dados senengipun,
ngadep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leleyang bedudan.
Adapun pemadat wataknya malas tidak kepalang, kesukaannya
hanya menghadapi lampu sambil duduk di amben bertumpang kaki sambil menimang
culim
19
Yen
leren nyeret, netrane pan merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru
putih, njalebut wedi toya, lambe biru untu pethak.
Jika berhenti menhisap madat, matanya terkatup. Jika sudah
parah, maka tubuhnya kurus kering, wajahnya kuyu, takut air,bibir biru
sedangkan gigi putih kotor
20
Beteke
satron lan gambir, jambe suruh arang wanuh, ambekane sarwi melar mingkus, atuke
anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung metu bolira.
Karena tidak kenal gambir, pinang, dan sirih. Napasnya
kembang kempis tersengal—sengal, batuk tiada henti, dan dahak menyumbat dada,
dan akhirnya mengeluarkan bul
21
Yen
gering nganggo ndalinding, suprandene nora kapok, iku padha singgahana patut,
ja ana nglakoni, wong mangan apyun ala, uripe dadi tontonan.
Jika sakit disertai mencret. Meskipun negitu (ia) tidak
kapok. Itu patut kalian hindari, jangan ada yang melakukan (perbuatan itu).
Orang madat itu hidupnya menjadi tontonan
22
Iku
kabeh nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha
pakeling, aja na wani nerak, kang wani nerak tan manggih arja.
Itu semua tidak baik, jangan ada yang berani melakukan empat
perkara tersebut. Dan ingatlah, jangan ada yang berani nekat, yang berani nekad
tidak akan menemui kesejahteraan
23
Lawan
ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum, sayeng tanpa masa iku, endi
lire ugi, angombe saben dina, pan iku watake ala.
Ada lagi pantangan, jangan suka mabuk, minum tanpa batas
waktu, (padahal) minum-minuman setiap hari itu tabiatnya buruk
24
Kalamun
wong wuru ugi, ilang prayitnaning batos, nora ajeg barang pikiripun, elinge
ning ati, pan baliyar-baliyur, endi ta ing becikira
Pemabuk akan kehilangan keseimbangan batin, pikirannya tidak
jelas, ingatannya goyang. Lalu, di mana kebaikannya?
25
Lan
aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi siraku,
ngarsaning pawestri tan wurung nuli corah, pan wus lumrahing wanita.
Jangan pula kau menyukai wanita yang kotor, jangan pula kau
membuka rahasia di depan wanita sebab akan menjadi buah bibir. Bukakankah
begitu umumnya wanita
26
Tan
bisa simpen wewadi, saking rupake ing batos, pan wus pinanci dening Hyang
agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.
Tidak bisa menyimpan rahasia karena sempitnya hati. Sudah
menjadi kodrat dari Yang Mahaagung, menciptakan wanita sebagai hadiah kepada
para lelaki
27
Kabeh
den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dapur, yen
bakale becik, den anggo weh manfaat, ywa kaya Pucung lan kaluwak.
Semuanya mesti waspada, jangan hanya karena nasihat
sederhana. Jika itu memang baik , maka dengarkanlah karena jika dilaksanakan
memberi manfaat., jangan seperti pucung dan kluwak. (Pucung lan kluwak
merupakan isyarat pola tembang berikutnya)
PUPUH IX
P U C U N G
P U C U N G
01
Kamulane
kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa
kaluwake pisah-pisah.
Pada waktu muda, buah kluwak meyatu dan namanya pucung, jika
sudah tua, kluwak tersebut terpisah
02
Den
budiya kapriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom
kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
Bagaimanapun juga, usahakan jangansampai berpisah,
bersatunya seperti masa muda, muda menyatu ketika tua pun sebaiknya menyatu
03
Aja
kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora
wurung dadi bumbu pindhang lulang.
Jangan seperti kluwak, ketika masih muda menyatu, namun
ketika tua masing-masing menyebar, akhirnya hanya sebagai bumbu pindang
04
Wong
sadulur nadyan sanak dipunruntut, aja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen
arukun dinulu teka prayoga.
Persaudaraan itu,meskipun dengan sudara jauh harus ruku,
jangan sampai terpisah dalam segala hal. Jika hidup rukun akan baik dilihat
orang
05
Abot
enteng wong sugih sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji,
abotipun yen sabiyantu ing karsa
Banyak sudara memang ada berat dan ada juga ringannya.
Ringan bila masing-masing pikirannya terpisah, adapun beratnya jika (kita)
membantu segala hal
06
Luwih
bakuh wong sugih sanak sadulur, ji – tus tadhingira, yen golong sabarang pikir,
becik uga lan wong kang tan duwe sanak
Lebih kokoh jika banyak saudara, satu berbanding seratus
jika bersatu hati, lebih baik dibadingkan tidak memiliki saudara
07
Lamun
bener lan pinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih,
dipun sabar pamengku mring santana.
Jika benar dan pandai memperlakukannya. Yang merasa dituakan
jangan berat sebelah, harus berlaku seimbang terhadap kerabat dan bawahan
08
Pan
ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa
nenom aja beda traping karya.
Memang repot jika dituakan, tidak boleh menganggap gampang
kepada saudara. Jangan membedakan perintah, baik kepada yang muda maupun kepada
yang tua
09
Kang
saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik,
ingkang malincur den age bendanana.
Yang rajin dan yang malas harus kau ketahui. Pujilah ia yang
rajin, sedangkan yang malas, segera marahilah
10
Yen
tan mantun binendonan nggone malincur, nuli patrapana, sapantese lan dosaning,
kang santosa dimene dadi tuladha.
Jika tidak sadar kemalasannya dengan dimarai, jatuhilah
hukumanyang seimbang dengan kesalahannya agar menjadi contoh
11
Kang
wong liya darapon wedia iku, kang padha ngawula, ing batine wedi asih, pan
mangkono lelabuhane dadi wong tuwa
Bagi orang lain. orang yang mengabdi akan menjadi segan dan
setia. Bukankah begitu seharusnya perilaku orang yang dituakan
12
Nggone
mengku jembar amot tur rahayu, den kaya sagara, tyase ngemot ala becik, mapan
ana pepancene sowang-sowang.
Seyogyanya berhati bersih dan lapang dada bagai samudra,
memahi baik dan buruk, bukankah masing-masing memiliki takdir?
13
Jer
sadulur tuwa kang wajib pitutur, marang kadang taruna, wong anom wajibe wedi,
sarta manut wulange sadulur tuwa.
Saudara tua memiliki kewajibanuntuk memberikan nasihat,
adapun kewajiban orang muda adalah segan dan menuruti nasaihat saudara tua
14
Kang
tinitah dadi anom aja masgul, ing batin ngrasaa, saking karsaning Hyang Widdhi,
yen masgula ngowai kodrating Suksma.
Yang ditakdirkan menjadi saudara muda jangan ragu.
Bersyukurlah karena sudah dikehendaki Yang Mahaesa, jika ragu akanmegubah
kodrat Allah
15
Nadyan
bener yen wong anom dadi luput, yen ta anganggoa, ing pikirira pribadi,
pramilane wong anom aja ugungan
Orang muda, sekalipun benar tetap dipersalahkan, hal itu
jika kau turuti pikiran sediri. Oleh karena itu, orang muda jangan manja
16
Yen
dadi nom weruha ing enomipun, kang ginawe tuwa, dikaya banyu neng beji, den
awening paningale aja samar
Jika ditakdirkan muda, sadarlah dengan kedudukan mudanya,
adapun yang tua jadilah seperti air di kolam, jernihkan penglihatanmu
17
Lan
maning ana ing pituturingsun, yen sira amaca, laying sabarang layanging, aja
pijer ketungkul ngelingi sastra.
Di samping itu, nasihatku, jika kau membaca segala macam
serat (kitab), jangan hanya terpaku pada (keindahan) sastranya
18
Caritane
ala becik dipun enut, nuli rasa kena, carita kang muni tulis, den karasa kang
becik sira anggowa
Pahami baik dan buruk ceritanya, kemudian renungkan (makna)
cerita yang tertulis, yang kau rasa baik, ambillah
19
Ingkang
ala kawruhana alanipun, dadine tyasira, weruh ing ala lan becik, ingkang becik
wiwitane kawruhana.
Yang jelek pahamilah kejelekannya sehingga kau memahami mana
yang buruk dan mana yang baik. Adapun yang baik, pahamilah asal mulanya
20
Wong
kang laku mangkono wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkono witing ing
satemah puniku pan dadi ala.
Orang yang bertindak begitu di awal, akan baik pada
akhirnya, sedangkan orang yang bertindak sebaliknya akan berakibat buruk
21
Dipun
weruh iya ing kawulanipun, kalawan wekasanira, puniku dipunkalingling, ana ala
dadi becik wekasanya.
Pahamilah, baik awal maupun akhir. Perhatikan, ada yang
tampak awalnya jelek namun pada akhirnya menjadi baik
22
Ewuh
temen babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang temen
wijile basa raharja.
Kehidupan memang repot karena tidak dapat diperkirakan,
jarang sekali tindakan yang baik (wijil adalah isyarat pola tembang berikutnya)
PUPUH X
M I J I L
M I J I L
01
Poma
kaki padha dipun eling, ing pituturingong, sira uga satriya arane, kudu anteng
jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk
Harap kau ingat nasihatku ini, Nak. Engkau juga disebut
sebagai kesatria, harus halus dan hening hatimu, lembut, dan cerdas dalam
segala hal
02
Dipun
nedya prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane,
kekendelan aja wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.
serta berusahalah utuk berani, namun jangan sampai terihat,
bahkan jika belum waktunya jangan sampai keberanian itu kau perlihatkan,
hati-hati, sabar, dan rahasiakan
03
Lawan
densemu lawan den lungit, maneh wekasingong, aja kurang iya panrimane, yen wis
tinitah dera Hyang Widhi, ing badan punika, pan wus pepancenipun.
Melalui isyarat dengan cermat. Di samping itu, pesanku,
jangan lupa bersyukur atas karunia Yang Mahakuasa dengan kodrat yang
menyertaimu
04
Kang
narima satitah Hyang Widhi, temah dadi awon, lan ana wong tan narima titahe,
wekasane iku dadi becik, kawruhana ugi, aja selang surup.
(meskipun demikian) ada orang yang tidak bersyukur malah
bernasib baik, sedangkan orang yang bersyukur bernasib jelek. Pahamilah, jangan
sampai kau keliru
05
Yen
wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong
narima norabecik dene ingkang becik, wong narima iku.
Jika ada orang bodoh tetapi tidak mau bertanya dan tidak
manu menerima kodrat kebodohannya, itu tidak baik. Adapun yang baik adalah yang
menerima dengan syukur
06
Kaya
upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane,
dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.
Seperi orang yang mengabdi kepada raja, lama-kelamaan akan
terlihat kemampuannya, (akhirnya) diangkat sebagai menteri atau bupati atau
tercapai seluruh keinginannya
07
Nuli
narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing
gusti tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.
Kemudian bersyukur secara lahir dan batin dengan tidak
menolak perintah rajakarena merasa bahwa semua yang diterimanya sampai ke anak
istri adalah atas kasih sayang raja. Orang yang bersyukur seperti itu baik.
08
Nanging
arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis
ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
Namun sangat jarang orang jaman sekarang orang seperti itu.
Yang sering terjadi adalah sal sudah memiliki kedukukan meskipun kecil akan
melupakan asal-usulnya
09
Pangrasane
duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih
sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.
Perasaanya miliknya itu hasil pribadi, semua benda yang
dipergunakan tidak diingat asal-usul bagaimana ia menjadi kaya, bahkan
dikiranya diperoleh begitu saja seperti hasil nemu
10
Tan
ngrasa kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane,
arane turun wong lumakyeng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.
Tidak merasa atas kemurahan Yang Mahakuasa itu berkat kasih
sayang raja. Itulah sebabnya jaman sekarang jarang orang yang mewariskan
kedudukan (kepada keluarganya) karena ia tidak sabar, tergesa-gesa, dan sombong
11
Arang
nedya males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine,
nora nedya narimeng Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.
Jarang orang yang berkeinginan untuk membalas kasih
sayang raja, raja dari segala raja. Dalam batinnya tidak bersyukur atas
anugrah Yang Mahakuasa, (orang seperti itu) tidak merasakan kenikmatan
12
Yeku
wong kurang narima ugi, luwih saka awon, barang gawe aja age-age, anganggoa
sabar rereh ririh, dadi barang kardi, resik tur rahayu.
Atau orang yang tidak tahu bereterima kasih (menyebabkan
segalanya) menjadi buruk. Jangan tergesa-gesa dan selalu bertindak sabar,
tenang, dan cermat sehingga pekerjaan menjadi baik dan mendatangkan kenikmatan
13
Uwis
pinter nanging iku maksih, nggonira ngupados, undhaking ing kapinterane, lan
undhake kawruh ingkang yekti, durung marem batin lamun durung tutug.
Ada pula orang yang sudah pandai namun masih mencari
kepandaian yang melebihi kepandaian dan pengetahuannya, ia belum merasa puas
jika belum sempurna
14
Ing
pangawruh kang densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing kapinteran wus
dene, samubarang pakaryan wus enting, nora nana lali, kabeh wus kawengku
Pengetahuan yang dia senangi dan sudah tertanam di dalam
batin, segala pekerjaan sudah mampu ia lakukan, tidak ada yang terlupakan,
semuanya sudah ia kerjakan
15
Lan
maninge babo dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngempek-empek, iya
marang kang jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
Dan lagi, ingatlah nasihatku. Kalian semua bernaung pada
raja. Oleh karenanya, merasalah secara lahir dan batin
16
Kang
jumeneng nata ambawani, wus karseng Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine,
aja mamang parintahing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.
Bahwa yang menjadi raja memerintah Negara,itu merupakan
kehendak Yang Mahatahu, oleh karenanya,jangan ragukan perintahnya. Meskipun
masih muda namun menjadi raja
17
Nora
kena iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye
nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.
Tidak boleh dicela. Perintah raja adalah benar adanya, maka
bagaimanapun mau menghindar dan tidak menjalankan perintahnya pasti tidak akan
membawa kebajikan
18
Krana
ingkang kaprah mansa iki, anggone angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek,
ing batine datan nedya eling, kamuktene ugi, ngendi sangkanipun.
Yang lumrah di masa kini adah mendaku, tidak merasa dirinya
bernaung, bahkan dalam hatinya tidak mau mengingat asa-usul (kemuliaan itu)
19
Lamun
eling jalarane mukti, pasthine tan ngrengkoh, saka durung bisa ngrasakake, ing
pitutur engkang dingin-dingin, sarta tan praduli, wuruking wong sepuh.
Jika ingat asal-usul kemuliaan itu, pasti ia tidak akan
sombong. (hal itu terjadi) karena ia belum dapat memahani nasihat orang
terdahulu dan tidak perduli nasihat orang tua
20
Ing
dadine barang tindak iki, arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane,
pan nganggo karsane pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.
Sehingga segala tindakannya jarang yang kokoh karena belum
memiliki dasar dan menurutkan kehendak pribadi, ngawur, dan tanpa aturan
21
Mulanipun
wekasingsun kaki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho
witing pinter kaki, mung Nabi kakasih, pinter tanpa wuruk.
Oleh karena itu nasihatku, Nak, rajinlah bertanya, angan
malu menampakkan kebodohan, kepandaian itu berawal dari kebodohan, Nak. Hanya
Nabi terkasih yang pandai tanpa berguru
22
Sabakdane
datan ana maning, pinter tanpa tetakon, pan wus lumrahing wong urip kiye,
mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.
Sesudah itu tidak ada lagi (orang) yang pandai tanpa
bertanya. Bukankan sudah lazim kehidupan jaman sekarangbahwa kepandaian
diperoleh karena bertanya. Oleh karena itu, orang muda rajinlah mencari ilmu
sebagai pegangan
23
Driyanira
dadya tetali, ing tyas dimen adoh, akeh ati ingkang ala kiye, nadyan lali pan
tumuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh
Inderamu jadikan sebagai ikatan jiwa yang kuat agar
kehidupanmu dijauhkan dari kejahatan. Bagi orang yang berilmu dengan sempurna,
meskipun lupa, ia akan segera ingat
24
Kacek
uga ingkang tanpa ngelmi, sabarange kaot, ngelmi iku dene kangge, saben dina
gurokena dhingin, pan sarengat ugi,parabot kang parlu.
Berbeda halnya dengan orang yang tidak berilmu, segalanya
berbeda. Gunakan ilmu dan asahlah setiap hari. Bukankan syariat juga merupakan
kewajiban?
25
Ngelmu
sarengatpuniku dadi, wewadhah kang sayektos, kawruhana kawengkune kabeh, kang
sarengat, kang lair myang batin, mulane den sami, brangtaa ing ngelmu.
Inderamu jadikan sebagai ikatan jiwa yang kuat agar
kehidupanmu dijauhkan dari kejahatan. Bagi orang yang berilmu dengan sempurna,
meskipun lupa, ia akan segera ingat (brangtaa merupakan isyarat pola tembang
berikut, yaitu asmarandana)
PUPUH XI
ASMARANDANA
ASMARANDANA
01
Padha
netepana ugi, kabeh parentahing syara, terusna lair batine, salat limang wektu
uga, tan kena tininggala, sapa tinggal dadi kupur, yen misih remen neng praja.
Tetapkan juga seluruh perintah agama secara lahir batin.
Sholat lima waktu tidak boleh kau tinggalkan. Barang siapa yang meninggalkan
sholat akan menjadi kufur. Itupun jika kau masih mencintai kehidupan
02
Wiwitane
badan iki, iya saking ing sarengat, anane Manusa kiya, rukune Islam lelima, tan
kerja tininggala, pan iku parabot agung, mungguh uripe neng donya.
Badan ini pun bermula dari syariat, begitupun adanya
manusia. Kelima rukun Islam tidak boleh kau tinggalkan, bukankah itu semua
perangkat yang mulia bagi kehidupan manusia di dunia
03
Kudu
uga den lakoni, rukun lelima punika, apantosa kuwasane, ning aja tan linakwan,
sapa tan ngalakanana, datan wurung nemu bebendu, mula padha estokena.
Kelima rukun Islam itu harus kau laksanakan semampumu, namun
jangan sampai tidak kau laksanakan. Barang siapa yang tidak melaksanakan akan
mendapatkan hukuman, karenanya laksanakan
04
Parentahira
Hyang Widdhi, kang dhawuh marang Nabiu’ullah, ing Dalil Khadis enggone, aja
padha sembrana, rasakna den karasa, Dalil Khadis rasanipun, dimene padhang
tyasira.
Segala perintah Yang Mahakuasa, sebagaimana yang disabdakan
Nabiullah, dalam dalil dan hadits, sangan sembarangan, rasakan sampai kau
merasakan. Camkan betrul-betul makna dalil dan hadits agar menerangi hatimu
05
Nora
gampang wong ngaurip, yen tan weruh uripira, uripe padha lan kebo, angur kebo
dagingira, khalal lamun pinangan, yen manungsa dagingipun, pinangan pastine
kharam.
Tidak mudah dalam menjalani kehidupan jika kau tidak
mengetahui hidupmu. Orang demikian seperti kerbau, bahkan kerbau masih lebih
baik karena dagingnya halal dimakan, tetapi daging manusia itu pasti haram
untuk dimakan
06
Poma-poma
wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman,
banget paes neng dunya, siang dalu dipun emut, wong urip manggih antaka.
Perhatikan sungguh-sungguh nasihatku, anak cucu jangan
terlena, jangan terlalu ingin memiliki perhiasan dunia. Siang malam ingatlah,
bahwa orang yang hidup akan menemui kematian
07
Lawan
aja angkuh bengis, lengus lanas calak lancang, langar ladak sumalonong, aja
ngidak aja ngepak, lan aja siya-siya, aja jahil dhemen padu, lan aja para
wadulan.
Dan juga jangan kau bengis, angkuh, mudah tersinggung,
pemarah, bermulut lancing, tidak tahu tata karma galak, dan merendahkan orang
lain, gemar bertengkar, dan suka mengadu
08
Kang
kanggo ing masa iku, priyayi nom kang den gulang, kaya kang wus muni kowe, kudu
lumaku kajinan, pan nora nganggo murwat, lunga mlaku kudhung sarung, lumaku den
dhodhokana.
Untuk masa sekarang, para priyayi muda biasa melakukan
perbuatan seperti itu, berjalan pun tidak dihormati karena tidak menggunakan
pertimbangan, berjalan pun dengan berkerudung sarung agar tidak dikenali
09
Ngandelaken
satriyane, lamun ngatrah dinodokan, anganggoa jejeran, yen niyat lumaku namur,
aja ndodokaken manusa
Perbuatan semacam itu tidak baik. Dapat dikatakan sebagai
kesatria yang tidak tahu adat dan hanya mengandalkan kesatriaannya. Kalaupun
ingin menyamar, jangan menyamar sebagai orang lain
10
Iku
poma dipuneling, kaki marang ptituturingwang, kang wus muni buri kuwe, yen ana
ingkang nganggoa, cawangan wong mblasar, saking nora ngrungu tutur, lebur tan
dadi dandanan
Sesunguh-sungguhnya, ankku, ingatlah pesanku ini. Jika ada
yang melakukannya, maka ia menjadi orang yang tidak tahu aturan karena tidak
mendengarkan nasihat sehingga hancur tidak membawa manfaat
11
Barang
gawe dipuneling, nganggoa tepa sarira, aparentah sabenere, aja ambak kumawawa,
amrih denwedenana. Dene ta kang wus linuhung , nggone mengku marang bala
Segala perbuatan hendaknya diukur dengan diri sendiri.
Berikan perintah berdasarkan kemampuannya, jangan mentangmentang berkuasa agar
ditakuti. Bagi orang yang sempurna dalam memerintahkan bawahan
12
Prih
wedi sarta asih, ggone mengku marang bala, den weruhana gawene, den bias
aminta-minta, karyane wadyanira, ing salungguh-lungguhipun, ana karyane priyangga
Berupaya agar segan dan hormat, dalam memerintah bawahan,
tunjukan apa yang harus dikerjakan, jelaskan pekerjaan menurut tugas dan
tanggung jawabnya masing-masing
13
Sarta
weruhana ing becik, gantungana ing patrapan, darapon pethel karyane, dimene aja
sembrana, denya nglakoni karya, ywa dumeh asih sireku, yen leleda patrapana
Serta tunjukan pada hal-hal yang baik, berikan sanksi agar
rajin dan tidak sembarangan dalam melakukan pekerjaan. Sekalipun engkau
sayangi, jika ia teledor, jatuhkan hukuman
14
Iku
uga dipun eling, kalamun mulyaning praja, mufa’ati mring wong akeh, ing rina
wengi tan pegat, nenedha mring Pangeran, luluse kraton Sang Prabu, miwah
arjaning negara.
Itu juga harus kau ingat, jika Negara sejahtera akan
memberikan manfaat terhadap orang banyak. Siang dan malam jangan sampai putus
memohon kepada Gusti Allah agar merestui raja dan ketentraman negara
15
Iku
wewalesing batin, mungguh wong suwiteng Nata, ing lair setya tuhu, kalawan
nyandhang ing karsa, badan datan nglenggana, ing siyang dalu pan katur, atur
pati uripira.
Demikian itu balas budi secara batin bagi orang yang
mengabdi kepada raja, secara lahir setia dan menanti perintah raja, dirinya dan
hidup matinya ia pasrahkan, siang maupun malam
16
Gumantung
karsaning Gusti, iku traping wadya setiya, nora kaya jaman mangke, yen wus
antuk palungguhan, trape kaya wong dagang, ngetung tuna bathinipun, ing tyas
datan pangrasa.
Bergantung pada kehendak raja itulah sikap bawahan yang
setia, tidak seperti jaman sekarang, jika sudah mendapatkan kedudukan,
tingkahnya sperti pedagang, yang diperhitungkan hanyalah untung dan rugi, di
hatinya tidak merasa
17
Awite
dadi priyayi, sapa kang gawe ing sira, tan weling ing wiwitane, amung weruh ing
witira, dadine saking ruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.
Bagaimana awalnya sehingga menjadi pembesar, siapa yang
menjadikanmu demikian,sekalipun tak mengingat pada asal usulnya, pasti
dalam hatinya ia tahu mulainya. Ia mejadi pejabat karena suap, maka
perhitungannya seperti berdagang
18
Mung
mikir gelise mulih, rerubanira duk dadya, ing rina wengi ciptane, kepriye lamun
bisaa, males sihing bandara, lungguhe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
Yang dipikirkan hanya sesegera mungkin kembali modal. Jika
demikian, bagaimana ia dapat membalas kebaikan majikannya karena kedudukannya
diperoleh dari hasil membeli sehingga ia berani merusak desa
19
Pamrihe
gelise bathi, nadyan besuk pinocota, picisku sok wusa mulih, kepriye lamun
tataa, polahe salang tunjang, padha kaya wong bebruwun, tan ngetung duga
prayoga.
Dengan harapan segera mendapatkan untun, g sekalipun besok
dipecat uangku sudah kembali. Bagaimana mungkin dapat tertib karena
perbuatannya tidak pantas, seperti orang jahat yang tidak memperhitungakn
kebaikan dan nalar
20
Poma
padha dipun eling, nganggo syukur lawan lila, nrimaa ing pepancene, lan aja
amrih sarama, mring sedya nandhang karya, lan padha amriha iku, harjane kang
desa-desa.
Oleh karena itu ngatlah. Bersyukurlah jangan kau lupakan.
Terimalah keharusan dan jangan mengharapkan suap dari bawahan yang melaksanakan
tugas, sebaliknya berusahalah untuk menyejahterakan desa-desa
21
Wong
desa pan aja ngesthi, anggone anambut karya, sesawah miwah tegale, nggaru
maluku tetapa, aja den owah dimene, tulus nenandur jagung, pari kapas lawan
jarak.
Orang-orang desa jangan sampai kesulitan dalam mengarap
lading, bekerja, bersawah, bertani, dan membajak, jangan kau ganggu agar mereka
dapat terus menanamjagung, padi, kapas, dan jarak
22
Yen
desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthisira, wetune pajeg undhake, dipun reh
pamrihira, aja kongsi rekasa, kang wani kalah rumuhun, beya kurang paringana.
Jika desa banyak penduduknya, yang neruntung tentu engkau,
karena mendapatkan pajak yang lebih. Oleh karena itu hati-hatilah dalam mengatur
jangan sampai menyusahkan, biarlah mengalah dulu, jika kurang biaya, berilah
23
Kapriye
gemahing bumi, sakehe kang desa-desa, salih bekel pendhak epon, pametuhe jung
sacacah, bektine karobelah, temahan desane suwung, priyayi jaga pocotan
Namun bagaimana bumi dapat tentram jika pemimpinnya berganti
setiap hari Pon. Tanah satu jung diambil upeti seratus lima puluh sehingga desa
kosong karena berganti-ganti pemimpin
24
Poma
aja anglakoni, kaya pikir kang mangkono, satemah lingsem dadine, den sami
angestakena, mring pitutur kang arja, nora cacad alanipun, wong nglakoni
kebecikan.
Sesungguh-sungguhnya jangan ada yang melakukan perbuatan itu
sebab pada akhirnya akan mempermalukan dirimu. Patuhilah nasihat yang member
kesejahteraan karena tidak ada jeleknya menjalankan kebaikan
25
Nonoman
ing mengko iki, yen dituturi raharja, arang ingkang ngrungokake, sinamur bari
sembrana, ewuh yen nuruta, malah mudhar pitutur, pangrasane pan wus wignya.
Para pemuda zaman sekarang ini jika dinasihati baik-baik
jarang ada yang mendengarkan seraya bercanda dan tidak ada yang meniru bahkan
ganti menasihati karena merasa sudah tahu
26
Aja
na mangkono ugi, yen ana wong kang carita, rungokena saunine, ingkang becik
sireng gawa,bawungen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi
nonoman.
Jangan ada yang bersikap seperti itu. Jika ada yang sedang
bercerita dengarkan sesuai dengan apa yang dikatakan, yang baik kau ambil, yang
tidak baik kau buang. Semua itu camkan dalam hatimu, jangan biasakan bertindak
sebagai pemuda (nonoman merupakan isyarat pola tembang berikut, yaitu sinom).
PUPUH XII
S I N O M
S I N O M
01
Ambeke
kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu
bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring
padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.
Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak
akan membatasi atau mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan
sedangkan kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang
menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya
02
Ingsun
uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek
den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning
tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan
kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang
lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku)
banyak bercerita bohong
03
Tur
ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan
kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan.
Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang
perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk
cerita yang tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian,
kepandaianku tidaklah bertambah
04
Carita
nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun
rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang
paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
Adapu cerita yang kuberikan ini kuturunkandari orang tua
yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang kudengarkan baik siang maupun malam
sampai sekarang masih aku ingat. Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku
nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku
kebaikan
05
Nanging
padha estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone
pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha
bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Namun turitilah nasihat yang tertulis ini, jika kau
menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang kuingat dari tetua,
mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini, sebab ajaran orang tua
akan membawa berkah
06
Lan
aja nalimpang madha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi
dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang
sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
Dan jangan ada yang berani mencela leluhur. Pahami laku
berupa mengurangi makan dan tidur dengan cara ‘menyakiti’ diri untuk
membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala yang diinginkan. Adapun
orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau lambat akan dikabulkan
jika sungguh-sungguh.
07
Hyang
sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan
iku ujare Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan
pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
Bukankah Yang Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang
mengabulkan segala keinginan yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang
dikatakan hadits. Buktinya juga ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon
sehingga anak, cucu, buyut, canggah, wareng ikut mewarisinya
08
Panembahan
senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang
Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing
nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
Panembahan Senopati yang memerintah di Mataram pun
berkesesuaian dengan dengan anugrah Yang Mahaesa keturunasnnya berkuasa turun
temurun dari berkah leluhur . agar berkahmu lestari, seyogyanya kau ikuti laku
09
Mring
leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni,
cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang
dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan.
Para leluhur jaman dulu. ‘Menyiksa diri sudah barang tentu
semampumu, semampu kau melaksanakannya. Kurangi sedikit tidur dan makanmu.
Tidak perlu meniru seluruhnya perilaku leluhur, sepertiganya atau seperempat
saja sudah cukup
10
Pan
ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka
sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den
sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
Bukankah ada peribahasa ‘belajarlah dalam nikmat, sakit
dalam sehat, senang dalam penderitaan, prihatin dalam kesukaan, dan matilah
dalam hidup. Begitulah laku orang jaman dulu
11
Pamore
gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi,
gampange ta kaki, tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi
siji, mari nama tembaga tuwin kencana.
Perhatikan pula manunggaling kawula gusti
yangsesungguh-sungguhnya bagai sotyaludira (roh suci). Secara sederhana,
Anakku, emas dan tembaga itu lebur dalam api, bercampur menjadi satu, hilanglah
nama tembaga dan emasnya
12
Yen
aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan
kancanedi, milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane
namane salin, lan rupane sayekti yen warna beda.
Jika dinamakan emas sudah bercampur tembaga, jika disebut
tembaga sudah bercampur dengan emas, oleh karenanya disebutlak suasa yang
merupakan campuran mas dan tembaga. Adapun namanya berubah karena warna dan
wujudya berubah
13
Cahya
abang tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang
nora becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote
pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
Suasa murni berwarna merah kekuning-kuningan . jika membuat
suasa dengan tembaga yang tidak baik, pegolahannya tidak bersih, atau masnya
muda, maka tidak akan bercahaya, namanya pun suasa bubul
14
Yen
sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga
prusi, biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan,
dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.
Jika kau ingin membuat suasa yang baik, pilihlah tembaga
yang baik, syukur-syukur jika mendapatkan tembaga prusi, diolah dengan bersih,
emas tua dengan dasar sari yang tidak tercampuri, hasilnya adalah suasa mulia
15
Puniku
mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti,
sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir
batin, pedimene apan sarira tunggal.
Itu hanyalah sebuah perumpamaan sebagai ukuran badan ini.
Jika kau ingin memahami manunggaling kawula gusti, sesungguhnya harus bersih,
jangan terhinggapi nafsu lawamah dan nafsu amarah, serta suci lahir batin agar
jiwamu hening
16
Lamun
mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den
sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara,
angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.
Jika tidak demikian, yakinlah tidak akan terjadi.
Mempelajari ilmu yang sejati didak boleh diduakan. Bagi yang belum memperoleh
pengetahuan memang repot jika tidak sungguh-sunguh. Mudah berbicara namun sulit
jika belum terbuka
17
Nanging
ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas
bok pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga
bosenan, kalamun arsa udani, apan ana dalile kang wus kalawan.
Namun demikian, segala hal yang diperkirakan baik, itu layak
jika kau tekuni, lama-kelamaan juga akan kau temukan dan menetap dalam hatimu.
Yakini petunjuk guru, jangan cepat bosan jika hendak mencapai kemuliaan karena
memang demikianlah hukum yang sudah tertuang dalam dalil
18
Marang
leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat
Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune
leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
Seluruh leluhur jaman dulu dalam memohon kepada Yang
Mahakuasa agar dapat menguasai Negara dan menjadi pusat tanah Jawa diperolehnya
melalui wahyu karena mereka rendah hati dalam melaksanakan laku
19
Tampane
nganggo alingan, pan padha alaku tani, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja
katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang
kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
Laku dilaksanakan secara diam-diam sambil bertani. Sikap
seperti itu dilakukan agar tidak kentara serta bersikap tidak menyombongkan
kemampuan diri bahkan mau mengabdi kepada siapapun yang memperoleh wahyu
keraton jawa.
20
Punika
laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den
alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga
tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.
(penyamaran) Itulah laku yang utama, tidak menampakkan bahwa
ia sedang menjalankan laku, sehingga yang disamarkan itu merupakan cita-cita
tersembunyi dalam hati, jauh dikejar karena di situlah manungaling kawula gusti
mencapai kedalaman. Hal demikian baik jika ditiru, Anak cucuku agar tidak
kehilangan keturunan
21
Lan
maning ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak
putu ingkang kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur
padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
Dan ada lagi wasiat berupa tabu yang terucap pada jaman
dulu. Wajib kau ketahui sebagai anak cucu yang terakhir, dan jangan ada yang
berani melanggar tabu leluhur yang dimuliakan oleh Yang Mahaesa. Mudah-mudahan
bermanfaat bagi keluarga besar
22
Wiwitan
ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan
nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena
dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.
Yang pertama kali mengucapkan tabu adalah Ki Ageng Tarub. Ia
berpesan agar keturunannya tidak mengenakan keris dan tumbak yang terbuat dari
baja, tidak boleh makan daging sapi, dan tidak boleh memelihara abdi perempuan
wandan
23
Dene
Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe
den waleri, kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena
dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
Adapun Ki Ageng Sela mengucapkan tabu, bahwa keturunannya
tidak diperbolehkan berkain cindai, tidak diperbolehkan menanam labu di depan
rumah dan tidak boleh memakan buahnya. Panembahan Senapati Ingalaga mengucapkan
tabu
24
Ingkang
tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun
waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken
lawang, wuri tan ana nunggoni, dipun emut punika mesthitan kena.
Bahwa keturunannya tidak diperkenankan mengendarai kda
berwarna abu-abu kekuning-kuningan dan dilarang menunggang kuda yang surainya
dikepang, makan membelakangi pintu kecuali di belakangnya ada yang menjaga.
Ingatlah dan jangan ada yang melanggar itu
25
Jeng
Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal
bendana yen jurit, nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan
ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi, pan prayoga satedake sinauwa.
Kanjeng Sultan Agung Mataram mengucapkan tabu bahwa
keturunannya tidak diperkenankan menunggang kyda yang rewel jika diajak
bertempur, tidak memperkenankan tumbak ang bergagang kayu wregu vserta tidak
akan diakui sebagai keturunan (Mataram) jika tidak dapat membaca tembang kawi
dan mengharuskan belajar tembang kawi
26
Jeng
Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura,
prasapanira anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu
Mangkurat, waler mring saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah.
Kanjeng Sunan Pakubuwana yang dilantik di Semarang kemudian
berkuasa di Kartasura mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan
menunggang gajah. Sunan Prabu Amangkurat mengucapkan tabu bahwa keturunannya
dilarang berziarah ke makam Butuh
27
Lawan
tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh
aja na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng
Susunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
Jika sedang menungang kuda tidak boleh menyandangkeris tanpa
pendhok. Janganlah kau meremehkan tabu-tabu di atas. Adapun Kanjeng Susuhunan
Pakubuwana II mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang
28
Dhahar
apyun nora kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang
padha nglakoni, narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng
prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
Madat, baik dihisap maupun dimakan. Barang siapa melanggar
tabu dengan madat akan dikeluarkan dari daftar keturunan Kanjeng Sunan yang
dimakamkan di Laweyan
29
Prasapa
Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den
lilani, agawe andel ugi, wong sejen ing jinisipun, apan iku linarangan, anak
putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.
Adapun Kanjeng Susuhunan III mengucapkan tabu bahwa
keturunannya tidak diperbolehkan mengangkat orang kepercayaan yang bukan
berasal dari bangsa sejenis, serta anak cucu tidak diperkenankan melanggar
larangan
30
Wonten
waler kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana
Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih
winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
Masih ada tabu leluhur ang terlewat, yaitu dilarang merambah
Hutan Krendhawana. Adapun yang mengucapkan tabu tersebut adalah Dananjaya. Ada
lagi tabu bagi keturunan Mataram, yaitu tidak diperkenankan bermain-main di
hutan atau rawa-rawa
31
Dene
sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang
nyenyirik malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan payung
dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
Adapun tabu bagi keturunan Demak adalah mengenakan pakaian
berwarna ungu, tabu keturunan Madiun adalah kain panjang luntang dan paying
berhias merah, tabu keturunan Madura adalah mengenakan batik bermotif parang
rusak
32
Yen
tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora
kena ajang piring, watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen
dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
Keturunan Kudus tidak boleh makan daging sapi, keturunan
Sumenep tidak diperkenankan makan dengan piring batu, makan daging kijang, dan
dilarang menggunakan daun plasa sebagai alas makan
33
Kabeh
anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler
leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak,
pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Semua abak cucu, camkan dan jangan lupa tabu zaman kuno
warisan leluhur, patuhilah jangan sampai ada yang melanggar. Barang siapa
berani melanggar pasti tidak akan selamat dan yang mendengar ini supaya giris
(girisa merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu girisa)
PUPUH XIII
G I R I S A
G I R I S A
01
Anak
putu den estokna, warah wuruke pun bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke
wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den padha
santosa, teguhana jroning nala.
Anak cucuku, turutilah nasihat ayahandamu, dan jangan ada
yang meremehkan nasihat orang tua. Biasakan mendengar nasihat orang tua secara
lahir batin, yakinlah dan teguhkan hatimu
02
Aja
na kurang panrima, ing pepasthening sarira, yen saking Hyang Moha Mulya, kang
nitahken badanira, lawan dipunawas padha, asor unggul waras lara, utawa beja
cilaka, urip utawa antaka
Jangan ada yang kurang bersyukur atas takdirmu, sebab takdir
merupakan anugrah Yang Mahamulia yang menciptakan dirimu. Di samping itu,
ketahuilah bahwa hina dan mulia, sehat dan sakit, bahagia dan celaka, serta
hidup dan mati
03
Pan
iku saking Hyang Suksma, miwah ta ing umurira ingkang cedhak, lan kang dawa,
wus pinasthi ing Hyang Suksma, duraka yen maidowa, miwah yen kurang panrima,
ing lokhilmahfut punika tulisane pan wus ana.
Itu berasal dari Yang Mahasuci, demikian pula umurmu yang
panjang atau pendek sudah ditakdirkan oleh Yang Mahasuci. Meskipun kau tidak
percaya atau tidak menerimakannya, semua itu sudah tersurat dalam laukhil
mahfudz
04
Iku
padha kawruhana, sesikune badanira, aywa marang kang amurba, Kang Misesa,
marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh
ing ma’na, iku kang para ulama.
Sebaiknya ketahuilah hukuman bagimu dari Yang Mahakuasa.
Jika kau belum memahaminya, maka bertanyalah kepada yang sudah mengetahui
maknanya, yaitu para alim ulama
05
Kang
wus wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib moka ing Hyang Suksma,
wiwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tatakrama, sarengat
dipunwaspada, batal kharam takokeno.
Yang telah menyelami makna kitab agar engkau mengetahu apa
yang dimaksud dengan sifat wajib dan mokal Yang Mahaesa serta wajib dan mokal
makhluk. Demikian pula kau ketahu dank au tanyakan pula tata karma, syariat,
batal, haram,
06
Sunat
lan parlu punika, prabot kanggo saben dina, iku uga dipunpadhang, patakonira
den terang, lan aja bosen jagongan, lawan kang para ulama, miwah wong kang
sampun sampurna, kawruhe marang Hyang Suksma
Sunah, dan wajib yang menjadikan kelengkapan sehari-hari.
Itupun pahami hakikatnya secara jelas. Pertanyaanmu hendaknya rinci dan jangan
bosan untuk berbincang dengan para ulama serta orang yang telah sempurna
pengetahuannya mengenai Yang Mahasuci
07
Tanapi
ing tata karma, ing tindhak-tandhuking basa, kang tumiba marang nistha, tuwin
kang tumibeng madya, lan kang tumba utama, iku sira takokena, marang kang para
sujanma, miwah mring wong tuwa-tuwa
Demikian pula perilaku tata karma dan pengguaan bahasa yang
berkedudukan rendah, yang berkedudukan sedang, dan yang berkedudukan tinggi
tanyakan pada para sarjana dan orang tua
08
Kang
padha bisa micara, miwah wong kang ulah sastra, iku pantes takonana, bias
padhang ing tyasira, ana kinarya gindhelan, pamuruke mring wong mudha, anuladha
basaning sastra, utawa saking crita
Yang bisa bicara dan olah sastra. Mereka itu pantas kau
tanyai agar jiwamu terang serta ada yang dapat dijadikan pegangan karena
caranya dalam menasihati orang muda menggunakandasar dengan memetik sastra atau
cerita
09
Lawan
den sregep amaca, sabrang caritanira, aja anampik wawacan, carita kang
kuna-kuna, layang babad kawruhana, caritane luhirira, darapon sira weruha,
lelakone wong prawira
Serta rajinlah membaca segala macam cerita. Jangan memilih
bacaan. Ketahui dan camkan cerita-cerita lama, babad, kisah leluhur, dan kisah
para pahlawan
10
Miwah
lakone padha, kang para wali sadaya, kang padha oleh nugraha, asale saking
punapa, sara kang para satria, kang digedaya, lakune sira tirua, lelebetan kag
utama
Demikian pula kisah para wali yang memberoleh kanugrahan,
bagaimana asal-muasalnya. Tirulak kesetiaan dan pengabdian utama para kesatria
yang digdaya dalam perang
11
Nora
susah amirungga, mungguh tindhaking satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha
lan kang utama, kang asor kang luhur padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh
ana carita, ala becik sira weruha
Tidak perlu mengkhususkan pada perilaku kesatria, sebab
segala cerita memiliki bagian yang hina danutama, ada yang hina dan ada yang
agung. Demikian pula kehidupan suatu Negara, ada yang baik dan ada kisah yang
jelek yang seyogyanya kau ketahui
12
Yen
during mangerti sira, caritane takokena, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha
weruh ing carita, iku ingkang dadhi uga, undhaing pinteranira, nanging ta
dipunelinga, sabarang kang kapiyarsa
Jika kau belum mengetahui ceritanya, maka tanyakan pada
orang-orang tua yang mengetahui cerita itu dengan harapan dapat menambah
pengetahuanmu. Meskipun demikian, ingatlah semua cerita yang pernah kau dengar
13
Aja
na tiru ing bapa, kalakuwane kang ala, banget tuna bodho mudha, ketul tan duwe
graita, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, marang ing pitutur yogya,
kabeh padha angestokena
Jangan meniru perilaku buruh ayahandamu yang sedemikian
bodoh, bebal, dan tidak punya perasaan, tetapi mudah-mudahan anak cucuku, Allah
membukakan hatimu pada nasihat yang baik dan kalian semua mematuhinya
14
Marang
pituturing bapa, muga padha kalakona, kabehpadha mituruta, panedhaningsun mring
Suksma, lanang wadon selameta, manggiha suka raharja, ing dunya prapteng
akirat, den dohna sangsara papa
mudah-mudahan kalian melaksanakan dan mengikuti nasihat
ayahandamu. Permohonanmu pada Yang Mahasuci, semoga kalian, baik laki-laki
maupun perempuan memperoleh keselamatan dan kebahagiaan di dunia dan akhirat,
serta dijauhkan dari kesulitan dan kesengsaraan
15
Olehe
padha kekadhang, pada atut aruntuta, marang sadulure padha, suguha dunya
barana, lan padha sugiha putra, pepeka jalu wanodya, kalawan maninge aja,
nganti kapegatan tresna
Rukunlah persaudaraan kalian, kaya harta dan banyak anak
baik laki-laki maupun perempua, dan jangan sampai putus tali cinta kasih
16
Padha
uga den pracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, poma wahyuning
Hyang Suksma kang dhawuh marang ing sira, jalarane saking bapa, Hyang Suksma
paring nugraha, maring anakingsun padha
Di samping itu percayalah danjangan ragu-ragu dalam hatimu
terhadap semua nasihat ini. Anggaplah sebagai wahyu yang disabdakanYang
Mahasuci kepadamu melalui ayahandamu. Semoga Yang Mahasuci member berkah kepada
semua anakku
17
Den
bias nampahi padha, mungguh sasmitaning Suksma ingkang padha marang sira,
wineruhken becik ala, anyegah karepanira, kang marang panggawe ala, kang tumiba
siya-siya, ya iku paring Hyang Suksma
Semoga kalian dapat memahami tanda-tanda yang
diberikan Yang Mahakuasa kepada kalian mengenai hal yang baik dan burukmencegah
niatmu dari perbuatan buruk, mencegahmu untuk melakukan hal jahat yang
membawamu ke kehinaan. Itulah berkat Yang Mahasuci
18
Paring
peling marang sira, tinuduhken ing marga, kang bener kanggo kang uga, neng
dunya ingkang sampurna, muga anak putu pada, bisa dadi tuladha, kabecikaning
manusa, tinirua ing sujanma
Memberikan peringatan padamu, juga menunjukkan jalan yang
benar, dalam dunia yang sempurna, semoga seluruh anak cucu dapat menjadi surei
teladan bagi kebaikan dan ditiru manusia
19
Sakehing
wong kapengina, aniru ing solah bawa, marang anak putu padha, anggepe wedi
asiha, kinalulutan ing bala, kedhepa saparentahnya, tulusa mukti wibawa, ing
satedhak turunira
Dan banyak yang ingin meniru perilaku ank cucuku mengenai
sikap segan dan kasih, disayangi dan dituruti seluruh perintahnya oleh bawahan,
abdikanlah seluruh kemuliaanmu hingga keturunanmu
20
Den
dohna saking doraka, winantua ing nugraha, sakeh anak putu padha, ingkang
ngimanaken uga, marang pituturing bapa, Allah anyembadanana, ing
pandhonganingsun iya, ing tyasingsun wus rumasa
Semoga dijauhkan dari segala dosa dan senantiasa diberkati
dengan anugrah. Se,oga Allah mengabulkan permohonanku karena jiwak sudah merasa
21
Wakingsun
umpama surya, lingsir kulon wayahira, pareking surupe uga, adoh marang
timbulira, pira lawase neng dunya, kauripaning manusa, masa nganti saatus
warsa, uripe ana ing dunya
Diriku ibarat matahari sudah condong ke barat, dekat waktu
tenggelam, jauh dari waktu terbitnya. Seberapa lama hidupmu sebagai mausia,
tidak akan sampai seratus tahun kehidypan manusia di dunia
22
Mulane
sun muruk marang, kabeh paraputraningwang, suntulis sunwehi tembang, darapon
padha rahaba, enggone padha amaca, ngrasakna carita, aja bosen den apalna, ing
rina wengi elinga
Oleh karenanya, aku mengajarkan kepada seluruh anakku, kutuliskan
dalam bentuk tembang agar semua senang membaca, merasakan (manfaat)
cerita, jangan sampai bosan dan hafalkan, ingatlah baik siang maupun malam
23
Lah
muga padha tirua, kaya leluhure padha, sudira betah atapa, sarta waskitha ing
nala, ing sampurnaning ngagesang, kang patitis tan amamang, iku ta
panedhaningwang, muga ta kalampahana
Mudah-mudahan kalian meniru para leluhur, prihatin, bijak
dalam jiwa atas kesempurnaan hidup, cermat dan tidak ragu, itulah permohonanu,
semoga dapat terlaksana
24
Titi
tamating carita, serat wawaler ing putra, kang yasa Shri Maharaja, Pakubuwana
Kaping Pat, karsane Shri Maharaja, ing galih panedhanira, kang amaca kang
miyarsa, yen lali muga elinga
Tamatlah cerita berupa nasihat bagi putraku. Yang menggubah
adalah Shri Maharaja Pakubuwana ke IV. Harapan Shri Maharaja kepada yang
membaca dan mendengar jika sedang lupa, ingatkanlah
25
Telase
panuratira, Besar tunggal ping wolulas, Akad Pon, Dal sinengkalan, tata guna
sabdeng raja, masasta windu Sancaya, pamujinireng kawula, ya Allah kang luwih
wikan, obah osiking kawula
Tamatnya yang tertulis ini pada Ahad Pon, delapan belas
Besar, Dal Tahun 1735, mangsa kawolu, windu sancaya. Aku memuji Allah yang
mengetahui segala gerak hidupku.
Kapethik saking : https://panditoblog.wordpress.com/2012/05/17/serat-wulangreh/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar