Ing satunggal desa ingkang asmanipun desa karang
klesem, kepala desa ingkang pertamanipun asmane Ki Lurah Kethok. Asmanipun Ki
Lurah Kethok dipun pendhet amargi anggenipun wonten tiyang ingkang gadah
kalapetan, mboten segen-segen Ki Lurah Kethok njatuhaken ukuman Kethok. Ki
Kethok gadah jaran lan gamelan jawa ingkang sanget diremeni Ki Kethok, Ki
Kethok ndamel kandang jaranipun ing ngilen lepen alit.
Miturut warga, sinten kemawon ingkang ningali gamelan
meniko, mesti bakal ngerasakaken kekuwatan aneh saking gamelan meniko. Menawi
malem selasa kliwon utawi malem jum’at kliwon, gamelan menikon mungel piyambak.
Ing satunggal dinten wonten tiyang ingkang mundhut gamelanipun, ananging tiyang
meniko kesurupan, akhire tiyang meniko dibekto dening panggenanipun Ki Kethok
lan ditambani, uga gamelanipun Ki Kethok dipun wangsulaken.
Yuswanipun Ki Kethok tambah taun tambah sepuh, akhire
ing satunggal dinten Ki Kethok seda. Sedanipun Ki Kethok ndamel katah keanehan,
salah satunggalipun inggih meniko matine jaran ingkang sanget dipun remeni
dening Ki Kethok lan uga icalipun gamelan meniko ing dinten ingkang sami. Ki
Kethok dipun sarekake ing tanahipun Ki Kethok piyambak. Sak niki gamelanipun
saged mungel ing malem selasa kliwon utawi malem jum’at kliwon. Tempat icalipun
gamelan meniko dipun asmani Dukuh Sigending.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar