Tradisi Buka Luwur inggih menika tradisi ingkang
wonten ing Sunan Kudus. Tradisi Buka Luwur inggih menika upacara kangge mengeti
dinten pejahipun Sunan Kudus utawi saged dipunsebat kaliyan “khaul”. Buka Luwur
menika dipunpengeti saben tanggal 10 Muharram utawi 10 Syura. Tradisi Buka
Luwur dipunpengeti tanggal 10 Muharram utawi 10 Syura amargi tanggal menika wau
dipunyakini dening masyrakat bilih ilmu saking Gusti Allah SWT mandap wonten
ing bumi, saengga tanggal menika wau dipunanggep tanggal ingkang keramat.
Menawi kronologisipun, proses upacara Buka Luwur menika wau dipunwiwiti saking
penyucian pusaka ingkang arupa keris ingkang dipunyakini gadhahipun Sunan
Kudus. Padatanipun toya ingkang tilas menika wau dipunsebat kaliyan “kolo”,
ingkang dipunsuwun kaliyan masyarakat kangge
nyucinipun keris piyambak-piyambak amargi menika wau sami percados bilih
samangke angsal berkah saking Sunan Kudus.
Sabibaripun upacara menika wau lajeng tanggal 1 Syura
wonten acara pencopotan kelambu utawi kain warni petak tilas punutup kangge
makam ingkang sampun setaun dipun-ginakaken. Kelambu utawi kain petak menika
wau ingkang dipunsebat kaliyan Luwur. Kelambu utawi kain petak menika wau
samangke ingkang dados rebutan masyarakatipun supados angsal berkah.
Lajeng tanggal 9 Muharram utawi Syura dipunwaosaken
berjanjen, sabibaripun sholat subuh dipunwontenaken khataman Al-Qur’an kaliyan
ndamel bubur suro. Bubur suro wau dipunyakini saged dados obat kangge maneka
warna penyakit.
Ing wekdal samenika ugi dipunwontenaken penyembelihan
kewan kang arupa wedus utawi kebo. Lajeng dalunipun inggih menika tanggal 10
Muharram salajengipun sholat subuh dipunwiwiti bikak klambu kairing kaliyan
maos Al-Qur’an lan tahlil. Lajeng sekul ingkang sampun dipunmasak wau
dipunbagikaken kaliyan masyarakat. Masyarakat percados bilih sekul menika wau
nggadhahi berkah lan nggadhahi khasiat saged kangge obat maneka warna penyakit.
Sekul menika wau ingkang dipunwastani “sego mbah sunan”.
Makna Buka Luwur inggih menika ekspresi utawi
kapicadosan akal kangge mahami realita ingkang leres antawisipun setunggal
tiyang kaliyan sejarah sarta kalbu ingkang dipun-ginakaken kangge mahami
firman-firman saking Gusti ingkang murba jagad.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar