Kecamatan Jekulo menika salah satunggaling kecamatan
ingkang wonten ing Kabupaten Kudus Jawa Tengah. Ing Kecamatan Jekulo menika
wonten tradisi ingkang taksih dipunlaksanakaken, salah satunggalipun inggih
menika tradisi Bulusan ingkang dipunlampahi setauh sepisan inggih menika
seminggu sarampungipun dinten riyaya. Tradisi menika dipunlaksanakaken kanthi
tujuan dados rasa syukur masyarakat kaliyan Gusti lajeng ingkang kaping kalih
menika kangge ngelastantunaken tradisi Bulusan Sumber kasebat.
Masyarakat percados kaliyan asal usulipun tradisi
kasebat bilih kanjeng Sunan Muria nate ngendhika bilih papan panggenan menika
wau benjang saben seminggu sarampungipun dinten riyaya kathah tyang-tiyang
ingkang sami rawuh wonten ing mriku.
Prosesi ingkang wonten ing tradisi Bulusan Dukuh
Sumber Dhusun Hadipolo Kecamatan Jekulo Kabupaten Kudus Jawa Tengah inggih
menika arupi gunungan ingkang dipuntata kanthi sae. Gunungan menika wau
isinipun lepet kaliyan kupat. Lepet kaliyan kupa menika simbol bilih dinten
riyaya sampun pasti masyarakat ndamel kupat kaliyan lepet. Sarampungipun
gunungan menika wau sampun dados, lajeng para warga sami ngarak gunungan menika
wau keliling kampong kadosta kirab. Sarampungipun kirab dipunlajengaken kaliyan
pembacaan do’a dening sesepuh utawi tokoh desa kaliyan Pak Kyai. Lajeng
dipunpungkasi kaliyan maos donga sesarengan kaliyan masyarakat. Sesampunipun
prosesi sampun kalampahan sedaya lajeng gunungan menika wau dipundamel rebutan
kaliyan masyarakat ingkang ndherek tradisi Bulusan menika wau. Dalunipun dipunlajengaken
kaliyan adicara wayang kulit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar