Miturut Bausastra Jawa,
geguritan iku minangka karangan kang pinathok kaya tembang, nanging duwe
perangan kayata guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ora ajeg. Geguritan
duweni unsur-unsur (bab) kang kudu digatekake lan kamot ing sajerone geguritan iku.
Geguritan iku ngemu piwulang
utawa amanat kang bisa dipethik lan kanggo piwulang tumrap wong kang maca.
Kanggo mangerteni amanat utawa nilai-nilai kang diandhut tumrap wong kang
maca geguritan iku, bisa kanthi parafrasakake geguritan iku. Parafrasa yaiku
ngandharake maneh sawijining teks utawa karangan arupa wujud kang beda supaya
bisa mangerteni maknane.
Wong kang maca geguritan ora
banjur bisa mangerteni isi lan karepe geguritan. Supaya bisa mangerteni isine
lan karepe, geguritan kudu diparafrasakake utawa digancarake. Menawa geguritan
wus digancarake (diprosakan) pamaos lagi bisa luwih cetha mangerteni apa
sejatine isi lan karepe geguritan iku.
Kang kudu digatekake lan
kamot ana ing geguritan yaiku:
1.Wutuh
(koheren)
Geguritan kudu dadi bab kang wutuh,
antarane perangan lan unsur-unsur ing geguritan. Perangan-perangane nyawiji ana
gandheng ceneng lan gegayutane, ora madeg dhewe-dhewe ing pamikiran lan
lelawaning ekspresi. Geguritan dianggit ben diwaca wong liya, supaya ana
sesambungan batin antarane panganggit karo wong kang maca geguritan mau. Mula
geguritan kang angel dingerteni maknane, bakal kawujudan anane sesambungan
batin antarane panganggit karo kang maca. Kajaba saka iku, bisa dienggo nuntun
pangangen-angene wong kang maca lan bisa nemokake makna kang sinigid ing
geguritan kasebut.
2.Estetis
(nilai/unsur keindahan)
Geguritan kudune duweni kualitas estetik
kang magepokan karo pilihan kang trep, nuwuhake imajinasi estetik
kang kuat, ana wiramane, kanthi sasmita-samita kang urip lan seger, kanthi
lelewaning basa, nuwuhake rasa lan pamikiran kang jero uga ngamot daya
ekspresi. Padhatane geguritan iku ngandharakake pikiran, ide, utawa gagasan
kanthi cara ora langsung.
3.Unsur
edukatif
Geguritan luwih becik yen bisa ngamot
unsur edukatif (pendidikan. Amarga, anane unsur pendidikan ing geguritan bisa
kanggo aweh tuladha lan pitutur kang becik sing miguna kanggo sangu urip
bebrayan ing donya.
4.Nuwuhake
rasa tresna
Geguritan duweni ide-ide sarta pamikiran
kang maju lan kanggo kapentingan umum. Pramila geguritan bisa nuwuhake rasa
tresna kanggo masyarakat.
Geguritan kalebu salah sawijining sastra
Jawa kang awujud puisi. Kayadene puisi-puisi liyane, geguritan uga minangka
puisi kadhapuk saka unsur-unsur kang bisa ditemokake lang dideleng ana ing
geguritan iku dhewe, kang bisa diarani unsure intrinsik.unsur
intrisik kayata tema, amanat, lan rima. Tema yaiku inti prakara kang diangkat
ing geguritan. Rima yaiku unen-unen kang dibolan-baleni ndadekake geguritan
katon nduweni irama. Miturut unine, rima kaperang dadi rima asonansi lan rima
aliterasi. Yen sing dibaleni kuwi kalebu swara urip (vocal a, i, u, e, o)
kagolong rima asonansi. Dene yen sing dibaleni iku saliyane vocal kalebu rima
aliterasi.
Tuladhane geguritan!
Kahanan Wayah Iku
Sinawang dalan jembar
Akeh semut bebarisan
Padha saiyeg bebarengan
Anyengkuyung anambut kardi
Sekar setaman nyawiji
Sesawangan kang guyub rukun
Tuwa, enom, jaler kalawan estri
Tresna asih sareng tan bedani
Nuwuhake rasa tentreming ati
Gotong royong saeka kapti
Kapethik
saking : Esensi Bahasa Jawa kelas XI semester genap
Tidak ada komentar:
Posting Komentar