Dipun cariosaken Adipati Wirasaba VI, Warga utama I
mimpin rakyat kadipaten Wirasaba kanthi arif lan wijaksana. Ingkang
nglampahaken pemerintahan, Adipati Wirasaba ndadosaken rakyat kadipaten
Wirasaba gesang gemah ripah lan loh jinawi. Sepeninggalipun Raden Warga
utama, Kalungguhanipun dipun gantos.
Raden Bagus Mangun utawi Raden Joko Semangun
putranipun Raden Banyak Sosro. Raden Bagus Mangun lajeng dipun asmani Raden
Warga Utama II. Raden Warga Utama II maringaken palempahanipun Kadipaten
Wirasaba kangge 4 putranipun. Lajeng Raden Warga Utama II dipun asmani Adipati
Mrapat lan 4 daerah menika dipun asmani istilah “Catur tunggal” inggih puniku
Purbalingga, Banjarnegara, Cilacap, Lan Banyumas. Asmanipun Banyumas asalipun
saking tembung Banyu lan Emas.
Dipun cariosaken Adipati Mrapat angsal wangsit ingkang
nyebataken nalika kalungguhipun dados dumugi putra cucu pramila Adipati Mrapat
ndadosaken Palemahan kangge Pusat pemerentahan.
Palemahan menika ing kilen dusun kejawar, ing dusun
menika wonten wit-witan ingkan asmanipun wit tembangan. Ingkan dipun gadeh
warni kados emas.
Kanthi pemikiran saking tiyang ingkang wasis, lajeng
Adipati Mrapat mutusaken badhe nglampahaken wangsit menika. Adipati Mrapat lan
rakyat lajeng ndamel dusun kangge pusat pemerentahan.
Nalika rakyat ndamel pusat pemerentahan, wonten kayu
ageng kendang ing lepen Serayu ingkang asmanipun “Kayu Emas” saking daerah
Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga.
Kayu menika ngantos dumugi daerah pembangun,Adipati
Mrapat trenyuh lajeng kayu Emas menika dipun pundhut. Lajeng dipun dadosaken
kangge saking Balai Si Panji. Amargi menika asmanipun kayu Emas lan kendang ing
lepen, dados pusat pemerentahan menika dipun asmani “BANYUMAS”.
Sesampunipun Adipati Mrapat seda, lajeng dipun gantos kaliyan putranipun
ingkang turun-temurun inggih puniku : R. Ng. Mertasura I, II, III, R. Ng.
Mertayudas lan Saterasipun.
Kapethik saking : http://alas-news.blogspot.com/2012/03/asal-mula-kedadean-banyumas.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar