Minggu, 11 Januari 2015

Jenis Ukara Manut Isi utawa Surasanipun



Manut surasa, isine ukara iku dibedakake dadi telu, yaiku :
  1. Ukara Andharan utawa Ukara Pawarta
  2. Ukara Pitakon
  3. Ukara Prentah, Ukara Agnya
Katrangane kaya ing ngisor iki :
  1. Ukara Andharan utawa Ukra Pawarta. Yaiku ukara kang isine aweh katrangan, pawarta. Lumrahe dipungkasi kanthi tandha titik (.). Ukara-ukara ing ngisor iki lagokna kang becik!
a.     Kula ing griya gadhah rayi kalih, jaler sedaya.
b.     Omahe Miko iku cedhak karo omahe Neni.
c.      Ekstrakurikuler Bal-balan latihan saben dina selasa sore.
d.     Kanggo ningkatake prestasi belajar, para siswa diutus melu bimbingan belajar.
e.     Ujian Akhir Semester bakal dianakake suk dina senin tanggal 15 Januari 2012.
f.      Pancasila iku dhasaring negara, dadi landhasan ideologis bangsa Indonesia.

  1. Ukara Pitakon. Yaiku ukara kang mbutuhake wangsulan. Ukara pitakon iku migunakake tembung pitakon, lan ukarane dipungkasi kanthi tandha pitakon (?). Ukara-ukara pitakon ing ngisor iki lagokna!
a.     Sapa jenengmu?
b.     Ing endi Pak Wahyu nemokake emas berliyan iku?
c.      Benjang menapa Panjenengan badhe rawuh mriki malih?
d.     Kados pundi caranipun supados para siswa saged tertib?
e.     Kenging menapa taksih kathah tiyang sami boten perduli dhateng pendidikan?
f.      Pinten wragadipun kegiyatan kados ngaten punika?

Ana ukara pitakon, kang intonasine uga takon, nanging sejatine ora mbutuhake wangsulan. Ukara Oratoris, yaiku ukara pitakon kang ora mbutuhake pawangsulan, sebab apa kang ditakokake wis ora perlu diwangsuli maneh, wis cetha karepe.
Tuladhane yaiku :
a.     Ing endi ana wong urip ora kepengin sugih, uripe ayem tentrem?
b.     Sapa sing kandha yen golek elmu iku ora perlu pangurbanan?
c.      Kapan ana wong mati dilangkahi kucing, urip?

  1. Ukara Prentah utawa Agnya. Yaiku ukara kang surasane ngakon, mrentah marang wong liya supaya nindakake kaya isi/surasane ukara mau. Ukara iki nduweni intonasi dhewe, ora padha karo intonasi ukara andharan lan pitakon. Ciri liyane yaiku anane tandha ‘penthung’ utawa panyeru ing pungkasane ukara (!).
Tembung-tembung kang bisa ngasilake Rimbag Agnya iku ana papat : yaiku menawa tembung lingga oleh panambang –a, -na, -ana, lan –en. Tuladhane ing ukara kaya ing ngisor iki :
a.     Rek, aja lali sinaua!
b.     Widari, tulung pundhutna garisan iku, ndhuk!
c.      Ayo, yen pancen wani, tandhingana aku!
d.     Lawang nomer telu kae bukaken!
e.     Tom, balekna bukuku!
f.      Kabeh tugasmu iku garapen kang becik!
Ana ukara prentah kang isine menggak utawa menging supaya ora tumindak kaya ing ukarane. Ukara mau arane ukara pamenging, biasane nggunakake tembung aja, sampun. Ukara pamenging ora mbutuhake rimbag agnya –a, -na, -ana lan –en kaya ing dhuwur.
a.     Aja nganti cedhak-cedhak kebo gupak!
b.     Sampun sangga uwang mawon!
c.      Aja sembarangan, apa-apa dipikir dhisik !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar