Argo
Merapi mujudaken satunggaling Argo ingkang gadhah bobot ingkang inggil
tumraping tanah jawi minggahing nuswantoro, kasusra dumugi ing tataran bawana
awit mujudaken hardi ingkang asring piyambak muntahaken lahar ingkang ateges
gunung berapi ingkang paling aktif ing donyo mila boten mokal menawi anggadahi
daya tarik ingkang kiyat tumraping para nara wisata ugi anggadhahi sesambetan
ingkang raket kaliyan para raja ing tanah jawi, ingkang saklebeting mitos ugi
wonten sesambetan kaliyan Ratu kidul ingkang dipunpitados dados ratuning
lelembut ing segara kidul. Mila nama jumbuh menawi ing Argo Merapi mujudaken
papan ingkang kathah ngemot kawontenan-kawontenan gaib.
Derek
punapa ingkang dados gotheking ngakatah awit saking pangandikaning para leluhur
duk ing kina makina gethok tular turun temurun ngantos dumugi ing titi wanci
punika kathah kedadosan ingkang kasad mata menapa dene ingkang boten kasad mata,
kathah dumados ing ardi Merapi. Ingkang sedaya kala wau damel satunggaling raos
kapitadosan tumrap wargo Selo mliginipun lan warga masyarakat umumipun.
Kapiji
satunggaling kadadosan ing kala rumiyin Kasunanan Surakarta wekdal semanten
ingkang kepareng agasto jejed wengkuning praja Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun
Pakubuwono ing kaping enem (6), inggih Sinuhun Bangun tapa, kepareng asring
tindak mertinjo argo Merapi ingkang sayektosipun, kejawi tindak mertinjo lan
ameng-ameng ing argo Merapi-Merbabu ingkang tuhu edi endah. Ugi wonten kepareng
dalem ingkang sinandi nuwun inggih pepangihan winandi kaliyan Pangeran
Diponegoro, saperlu paring bebantu anggenipun Pangeran Diponegoro perang
lumawan Walandi. Dados kacetha ingkang Sinuhun Pakubuwono kaping VI, bidho
apirowang dhumateng penjajah Walandi ing wekdal semanten.
Menggah
pepanggihan winandi ing antawising priyagung kekalih mapan wonten ing
satunggaling gua ingkang sapuniko sinebat Gua Raja. Tindak Dalem Sinuhun
ingkang mekaten wekasanipun kadenangan dening Walandi, awit wonten palapuran
saking satunggaling Bupati. Tumuli ingkang Sinuhun dipun cepeng dening walandi
saha dipun selong wonten ing Ambon. Inggih awit lekas Sinuhun Pakubuwono VI ingkang
mekaten sasampunipun Indonesia mardika Sampeyan Dalem Sinuhun Pakubuwono VI
Sinengkaaken minangka satunggaling Pahlawan Nasional. Menggah sesambetan
antawising Kraton Surakarta menapa dene Ngayogyakarto kaliyan argo Merapi lumintu
dumugi sangriki, ing wanci-wanci tinamtu ngawontenaken larung sesaji ing
Merapi.
Kacariyos
malih sesambetan kapitadiosan masyarakat dumateng satunggaling priyagung
ingkang asma Kyai Petruk asma Timuripun Piadegipun Handoko Kusumo awit dedeg
piadegipun inggil kados piyayi Petruk ing pewayangan lajeng katelah asma Kyai
Petruk sinebat ing kathah bilih Kyai Petruk mujudaken Putranipun Pengangeng
kapaniwon Cepogo. Wiwit timur panjenenganipun gentur kasutapanipun remen
tetulung dateng sesamining ngagesang wicaksana tuwin waskitha ing pamawas,
turto jujur lahir batosanipun, linambaran sekti mandra guna.
Inggih awit saking kawontenan ingkang mekaten
dening masyarakat Selo lan sakkiwa tengennipun gadhah kapitadosan, bilih Kyai
Petruk saget angayomi, masyarakat tlatah Selo ing sakiwa tengenipun saking
pangamukipun Hardi Merapi. Ugi pinitadhos Kyai Petruk seda lan mukswa ing Hardi
Merapi. Ingkang menika kagem memule angromati Kyai Petruk, masyarakat Selo
saben ing malem 1 Suro ngawontenaken sedekah gunung tuwin larung sesaji,
ingkang wujudipun : tumpeng sesaji, sekul gunung kadamel saking jagung, brubus
kadamel saking roning lumbu, gomok, acung – acung, bhotok sempuro kanthi dipun
jangkepi uba rampe palawija jangkep, singkong baker telo rambat baker, unjukan
kopi, jadah baker, rokok klobot, rokok gudang garam kretek, pisang raja, sekar
kanthil, kunir saha tigan, arta Rp. 100,- kemeyan saha mliginipun sirahing
Maheso ingkang kalarung ing hardi Merapi.
Sedaya
kala wau mujudaken sarana nyenyuwun dhumateng gusti ingkang akarya laka, mugi kepareng
paring karahayon tuwin kabagyan dhumateng mliginipun masyarakat Selo saha
masyarakat Boyolali umumipun. Pramila Upacara Tradisional Sedekah Gunung ingkang
mujudaken tilaranipun para leluhur katindakaken kanthi turun menurun lestantun
dumugi sakngriki lan saklajengipun minangka ikhtiyar nglestantunaken
budayanipun para Leluhur.
Wonten
ing sebrang lor pesisiran ing Pati wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen.
Sakmenika wonten ing desa menika kathah tiyang – tiyang saking pundi kemawon
ingkang sami Ziarah wonten ing Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing makam menika
boten nate sepen saking peziarah, dinten menapa kemawon. Senajan iku esok,
awan, sore. Apa maneh wengi, boten nate sepi saking peziarah. Kemashuran Mbah
Mutamaqin sampun boten dipunsepelekaken malih. Kathah ingkang maosake surat
yasin lan maosake tahlil lan uga wonten ingkang ngapalaken Qur’an. Ugi wonten
ingkang nyuwun ijabahe supados angsal kepinteran lan sapanunggalanipun.
Desa
Kajen sakmenika asalipun saking mbah Mutamaqin. Kacariyos Mbah Mutamaqin
anggadhahi pangingon inggih menika Jin ingkang kathah. Cekak cariyos, Mbah
Mutamaqin tindak wonten ing Mekah dipungendong jin. Nanging dereng ngantos
Mekah, jin menika nibakake mbah Mutamaqin wonten ing segara. Lajeng Mbah
Mutamaqin pepanggihan kaliyan iwak ingkang ageng. Boten dangu Mbah Mutamaqin
numpak Iwak ingkang ageng mau wonten ing lepen Nil. Lajeng Mbah Mutamaqin saged
nglampahaken Kaji ngantos bibar.
Sakrampungipun
kaji, mbah Mutamaqin boten angsal kendaraan kangge kondur menyang tlatah Jawi.
Nanging penggalihipun mantep menawi piyambakipun saged kondur ing tlatah Jawi.
Boten dangu, mbah Mutamaqin pepanggihan kaliyan tiyang wonten ing Mesjid.
Dereng siyos maturaken menapa ingkang taksih dipunadepi, tiyang menika sampun
ngertos piyambak. Mbah Mutamaqin manut lan mantep menawi menika pitulunganipun
ingkang damel gesang. Mbah Mutamaqin dipunparingi pesen, “aja melek yen durung
tekan lemah”. Mbah Mutamaqin merem.
Tiyang
mau ngepruk Mbah Mutamakin ingkang taksih sila ngagem tongkat ingkang wonten
ing astanipun. Lajeng Mbah mutamakin mletik aduh, tiba ing desa ingkang
dipunwastani Cebolek (ingkang artinipun ceblok lajeng melek). Lajeng
mlampah terus ing arah kulon saking desa Cebolek lajeng netep ing ngrika.
Mbah
Mutamakin netep ing kulon desa Cebolek menika kathah ingkang boten remen.
Menapa tenan tiyang menika kaji ijen? Sampun dangu netep ing ngrika, Mbah
Mutamaqin ngamalaken ilmunipun wonten ing ngrika. Lajeng sakdangunipun zaman,
papan panggenan menika dipunwastani Desa Kajen ( Kaji Ijen), ingkang sakmenika
dados kutha santri ing daerah menika. Cekak cariyos, ngantos sakmangke
saksampunipun Mbah Mutamaqin ing sasi Sura. Saben setunggal Sura kathah tiyang
ingkang ziarah ing ngrika.
Kapethik
saking : http://sastra-jawa007.blogspot.com/2008/06/asal-mula-desa-kajen.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar