Minggu, 11 Januari 2015

Pengetan Tradisi Sekaten ing Kraton Kasunanan Surakarta



Sekaten asalipun saking basa Arab inggih punika “syahadatain” inggih punika ukara syahadat ingkang arupi sawenehe ukara ingkang kedah dipunwaos dening priyantun kangge mlebet Islam, ingkang ngemu teges: Mboten wonten sesembahan kajawi namung Allah soho Nabi Muhammad punika utusanipun Allah. Sekaten sanesipun saking asal ukara syahadatain ugi asat ukara:
1. Sahutain: nyigeg utawi nyingkiri perkawis kalih inggih punika sifat lacur tuwin nalisir;
2. Sakhatain: ngicalaken perkawis kalih inggih punika watak kewan tuwin sifat setan, amargi watak kasebat sumber kebubrahan;
3. Sakhotain: nanemaken perkawis kalih inggih punika yektos nguri-uri budi suci utawi budi luhur ingkang tumungkud dedheple dhateng Allah;
4. Sekati: setimbang, priyantun gesang kedah saged milah-milahaken utawi mbiji kawontenan ingkang sae punapa dene ingkang awon;
5. Sekat: wates, tiyang gesang kedah meper diri kangge nanggulangi kersanipun mboten tumindak dusta sarta mangertos wates-wates kesaean saha awon.(K.R.T Haji Handipaningrat :3).
Carios Rakyat ingkang Andadosaken Dipunwontenaken Pengetan Tradisi Sekaten
Pengetan tradisi sekaten punika salah satunggaling tradisi ingkang sahingga sak mangke taksih dipunlestantunaken saha dipunuri-uri dening Kraton Kasunanan Surakarta ingkang mapan ingkelurahan Baluarti kecamatan Pasar Kliwon. Pengetan tradisi punika inggih warisan nilai kabudayan ingkang dipuntindakaken kanthi turun temurun dening para sesepuh priyantun-priyantun. Ing Kawitanipun pengetan kasebat dipuntindakaken saben warsa dening raja-raja ing tanah hindu, awujud slametan utawi sesaji kangge arwah para leluhur ingkang katindakaken wonten kalih wekdal. Tahap kapisan dipun wastani Aswarmeda, inggih punika tahap ingkang sesaji dipunlaksanaaken selami setunggal minggu utawa 6 dinten , ingkang dipun tindakaken kanthi donga-donga tuwin nyanyian ujian dipun sarengi kanthi tetabuhan ingkang ngemu artos mujo arwah para leluhur, kangge nyuwun berkat saha pangayoman. Lajeng tahap kaping kalih kasebat Asmaradana, ingkang dipuntindakaken ing dinten kaping pitu tuwin pinangka panutup tahap kapisan. Ing sak lebetipun tahap ingkang kaping kalih punika dipuntindakaken pangobongan dupa ageng, ingkang dipunsarengi kanthi ngenegaken cipto utawi semedi. Kanthi mlebetipun agami tuwin pengaruh Hindu wonten Jawa, mangka pegetan Aswameda tuwin Asmaradana mangka mlebet ugi ing dalem panggesangan budaya Jawa. Tuwin ing jaman Hindu Jawa, raja-raja Jawa ugi nglestantunaken pengetan ingkang dipun warisi kasebat.
Pengetan sekaten lumampah selami setunggal minggu. Sesampunipun pengetan sekaten lumampah setunggal minggu, mangka pas ing surya 12 Rabiulawal, inggih punika dinten wiyosipun Nabi Muhammad dipunpengeti garebeg inggih punika pengetan slametan kanthi dipundalaken gunungan saking kraton. Gunungan dipundamel pinten-pinten dinten sakderengipun pengetan garebeg Mulud dening abdi dalem khusus ingkang dipun dhawuhi dening sinuhun. Gunungan kasebat dipundalaken saking kraton tumuju Mesjid Agung. Saking ngriki punika raja ngedalaken sakpasang gunungan ing wekdal pengetan sekaten, inggih punika gunungan kakung lan gunungan putri.
1. Gunungan kakung Gunugan kakung dipunbentuk tumpeng lan bagian pucukipun kasebat mustaka utawi sirah ingkang dipun sunduki roti ingkang dipundamel saking tepung beras lan dipasang mubeng rapet setunggal rangkaian tigan asin. Ing setunggal kujur awak saking gunungan kakung kasebat dipunpasang atusan lenjer kacang panjang kanthi mubeng rapet ingkang pucukipun dipunparingi roti-roti alit, kados ali-ali. Sanesipun dipunpasangi atusan lenjer kacang panjang ing tumpeng gunungan kakung punika ugi dipunparingi pirang-pirang susunan lombokabrit utawi lombok abrit ingkang ageng-ageng. Ing awak gunungan kakung dipuntaleni mubeng dados pinten-pinten bagian sahingga dados undak-undakan. Gunungan kakung kasebat dipunparingaken ing inggilipun kotak ingkang naminipun Jodhang kanthi lawuhipun lan diparingi taplak ingkang warninipun abrit pethak. Kangge gunungan kakukng alas kain taplak ingkang werni abrit ing inggil lan pethak ing ngandhap. Ing mangka bahan-bahan ingkang dipunginakaken wonten gunungan kakung inggih punika :
a) Gendera abrit pethakingkang cacah gangsal pinangka lambang saking sawijining negari utawi kreajaan. Warni abrit atosipun semangat utawi kaleresan, ingkang arupi pethak artosipun suci. Warni abrit pethak ngemutaken wonten kerajaan Mojopahit kanthi istilah gulo klopo ingkang pinangka lambang menawi tiyang kedah kagungan sifat tuwin semangat wantun tuwin kesucian.
b) Cakra ingkang dados pucuk sarta pangkat ngadekipun gunungan ingkang darbeni teges inggih punika: Cakra ateges gaman utawi pusaka kagunganipun Prabu Kresna ingkang nggadhahi kekuatan linangkung kangge njejekaken kawigatosan(keutamaan).
c) Wapen arupi simbol(tandha) ingkang dipun ginakaken pinangka lambang. Wapen saklebetipun gunungan ingkang dipun maksud inggih punika kangge keslametan tuwin panguaos saking raja Surakarta ingkang mimpin.
d) Kampuh, kain ingkang arupi abrit pethak ingkang nutupi judhang kangge maeman.
e) Entho-entho inggih punika maeman ingkang awujud bunder tigan ingkang dipundamel saking tepung beras ketan ingkang dipungaringaken sahingga atos, lajeng dipungoreng.
f) Tigan asin.
g) Mawarni-warni sekul.
h) Bahan-bahan ubarampe sanesipun saking tebu, lombok, ron gedhang, terong, wortel, timun, kacang, tuwin daging ingkang sedayanipun arupi kasil saking bumi ingkang dipunrahapi dening manungsa. Lan ugi dami, jodhhang, sujen, peniti, dom bundhel, samir jene. Wujud gunungan kakung kahubungaken kaliyan lingga utawi alat vital priya ingkang jumurus wonten nilai-nilai panggesangan ingkang nggambaraken wontenipun proses kadadosan manungsa utawi dipunhubungaken kaliyan asal-usul manungsa. Kajawi saking punika gunungan kakung ugi nggambaraken kangge donya lan isinipun ingkang ngemot pinten-pinten unsur ing sak lebetipun kados ta lemah, langit, tetuwuhan, latu, kewan, tuwin manungsa punika piyambak kanthi pinten-pinten jenis sarta sipat-sipatipun.
2. Gunungan putri awujud mirip kados payung mekar ingkang bagiyang pucukipun(mustaka) dipunlapisi roti ageng susun lempengan arupi cemeng kanthi sak ubengipun dipun tancepi pinten-pinten roti ingkang dipunbentuk ron. Pinangka ing bagian perangan awak dipuntutupi sakjumlah roti ketan ingkang bentukipun lintang sarta bunder ingkang dipunsamani Rengginan(criping) ing tengahipun dipunparingi roti cilik-cilik tuwin ing sak kubengipun dipun paringi roti tuwin pepaesan(hiasan) ingkang mawarni-warni wujudipun sahingga gunungan putri ketingal kados sekar ageng. Sak sanesipun pinten-pinten wujud roti kasebat, gunungan putri ugi dipunparingi roti ingkang awujud bunderan-bunderan ageng kadamel saking ketos(ketan) ingkang dipun sebat wajik. Gunungan putri dipun selehaken wonten ing sak inggilipun kotak utawi jodhang, kaliyan dipunparingi kain ingkang arupi pethak ing inggilipun sarta abrit ing sak ngandhapipun.
Pinangka bahan-bahan ingkang dipunginakaken ing sak lebetipun gunungan putri inggih punika:
a) Gendera abrit pethak ingkang jumlahipun gangsal ngibarataken sawijining negari utawi kerajaan. Warni abrit ingkang tgesipun greget utawi kewantunan sarta warni pethak artosipun suci(resik). Dados ingkang dipun pikajengaken gendera abrit pethak inggih punika pinangka lambang dhumateng kerajaan ingkang adedasar kewantunan kaliyan adedasar kasucian.
b) Eter ingkang dipundamel saking seng ingkang awujud jantung manungsa utawi sekar pisang(tuntut).
c) Kampuh pangrukup judhang ingkang dipundamel saking kain mori utawi lawe ingkang ngemu teges pinangka busana raga tuwin rohani manungsa(kasusialaan utawi sandhang).
d) Sekar pinangka pewangi.
e) Rengginan(criping) kadamel saking beras ketan ingkang ageng.
f) Jajan ingkang awujud saking jadah, wajik, sarta jenang, pinangka isi saking judhang.
g) Ubarampe saking gunungan putri inggih punika:
a. Bahan ingkang awujud dhaharan, inggih punika kacu, ingkang dipundamel saking ketan ingkang dipunbentuk bunderan cilik uwin dipunparingi warna cacahipun udakara seket warni
b. Bahan ingkang arupi alat, inggih punika giwangan bima jumlahipun wonten wolu iji, samir jene sekawan, sujen, ron pisang, tali, sarta jodhang. Gunungan putri lumampah ing sak wingkingipun gunungan kakung ugi gunungan anakan. Cacah gunungan putri sami kaliyan gunungan kakung inggih punika 12 iji. Ing sanesipun gunungan kakung kaliyan gunungan putri wonten ugi gunungan alit-alit pinangka kasampurnan inggih punika :
1) Gunungan anakan(saradan) Gunungan punika ajeg ing antawisipun gunungan kakun kaliyan gunungan putri. Pinangka bahan ingkang dipun damel ing sak lebetipun gunungan anakan inggih punika:
a) Arta logam cacahipun sami kaliyan Sri Susuhunan Paku Buwana ingkang kepinten, umpami ingkang mimpin Paku Buwana XII, cacah arta logam ugi 12.
b) Rengginan(criping) alit ingkang arupi abrit, cemeng, pethak, sarta jene cacah kangge gunungan kakung inggih punika sekawan iji sarta kangge putri cacahipun wolu iji.
c) Sekar pinangka pepaesan wonten ing gunungan.
d) Tuntut utawi eter alit.
2) Ancak Cantaka Ancak cantakanarupi wujud saking selametan alit ingkang arupi gunungan alit ingkang arupi tumpengan utawi gunungan alit ingkang cacahipun mboten dipun temtokaken, ananging biyasanipun 24 iji. Dipun pikajengaken sedekah para abdi dalem sarta kerabat kraton ingkang dipundalaken saking raja amargi piyambakipun wonten ing dalem lingkunganipun. Pinangka bahan-bahan ingkang dipunginakaken:
a) Ubarampe sekul ingkang ngibarataken pratanda saking kemakmuran panggesangan rakyat, jenisipun wonten tigang warni inggih punika:
a. Sega uduk utawi sekul gurih, kaliyan ubarampe daging ayam(ingkung), dele cemeng, sarta pisang raja.
b. Sekul janganan kaliyan ubarampe janganan , tigan mateng, woh-wohan, jajan pasar, sarta jenang.
c. Sekul asahan kanthi ubarampe sambel goreng, tahu sarta tempe goreng, serundeng, sarta jeroan ayam.
b) Woh-wohan utawi jajan pasar, inggih punika sajenis woh-wohan ingkang dipun sade ing peken.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar