Budaya grebeg besar punika bentuk keramaian ingkang dipuntepang kaliyan nami GREBEG BESAR ingkang asli
asil cipta sedaya wali. Tata caranipun dipunwiwiti sasampunipun walisanga
angkatan setunggal ngawontenaken siding wonten ing serambi Masjid Agung Ampel
Dento Surabaya, ingkang putusanipun kadosta “NGENANI ANANE SOMAWANA KIPRAH
MEKARE TSAQOFAH HINDHU ING NUSA SALALADANE, KUWAJIBAN PARA WALI AREP ALAKU TUT
WURI ANGISENI. DARAPUN SUPAYA SANAK-SANAK HINDU MALAH LEGA-LEGAWA MANJING
ISLAM.Tegesipun: kawontenan kaliyan ngrembakanipun ajaran Hindu ing pulau
wilayah punika, tugas sedaya wali dakwah ngetrepaken adat istiadat ing
daerahipun piyambak-piyambak sinambi ngisi napas islam, supados masyarakat
Hindhu manahipun rela lan tulus ikhlas mlebet islam.
Putusan sidang ingkang dipunserat Sunan Bonang kaliyan
Huruf Arab Gondil, bentukipun singkat. Wonten ing taun 1938 M, taksih kasimpen
wonten ing lebetipun mushola Astana Tuban dipunrawat juru kunci ingkang
naminipun Raden Panji Soleh. Abit wekdal punika, Sunan Kalijaga milai
nindakaken dados pelopor pembaharuan (Reformis) anggenipun nyiaraken agami
islam. Kangge ngimbangi kepentingan masyarakat, piyambakipun nyiptakaken jinis
kesenian enggal ingkang dipunsebat Wayang Purwa (wayang kulit). Ancasipun
kangge mitadosi ingkang sampun kiyat agaminipun kaliyan agami tartamtu.
Prekawis punika ugi dipunleresaken kaliyan Dr. W. F Stutterheim wonten ing
seratanipun “Culture Geschidenis Van Indonesia”.
Wonten ing zaman kejayaan Majapahit masa
pemerintahanipun Prabu Kertabhumi Brawijaya V, ngawontenaken upacara Sadha
ingkang dipundamel spektakuler.
Amargi upacara kasebut dipununikaken gamelan Prabu Kertabhumi Brawijaya V
ingkang naminipun Kanjeng Kya Sekar Delima. Rumiyin dipundamel kaliyan Raden
Panji Inu Kerta Pati (Panji Semirangsaking kerajaan Jenggala kanthi cara turun
temurun dados kagunganipun raja-raja Majapahit.Sasampunipun Majapahit runtuh,
sedaya benda pusaka kagunganipun Prabu Kertabhumi Brawijaya V ingkang
dipunboyong wonten Demak. Kalebet gamelan Kanjeng Kyai Sekar Delima ingkang
kaperang dados : “Bonang Sapangkon, Demung dua pangkon, Kempyang Sepangkon,
Saron Barung kalih pangkon, Saron Penerus kalih pangkon, bedhug, lan Gong Besar
Sakti”.Menawi gamelan punika dipuntabuk utawi dipununikaken, bonang ingkang
nggambaraken satunggaling imam ingkang donga, menawi Demung, Kempyang, Saron,
lan sanes-sanesipun nggambaraken makmum ingkang saweg dados ngamini (maos
Amin). Supados dakwahipun sedaya wali anggenipun nyiaraken islam saged narik
perhatian umum, gamelan Kanjeng Kyai Sekar Delima dipunmupangataken. Ananging
sampun dipunjangkepi kaliyan seperangkat gamelan enggal ingkang dipundamel
kaliyan Sunan Kalijaga. Lajeng gamelan dipunperang dados kalih perangkat,
ingkang saperangkat dipunwastani Kanjeng Kyai Sekati lan perangkat
setunggalipun malih dipunwastani Kanjeng Nyai Sekati. Miturut wasiat Sunan
Kalijaga, ngantos kapan kenawon wontenipun gamelan kasebut kedah sejodho
(sapasang). Mila, Keraton Kasunanan Surakarta namung nampi pambagyan gamelan
Kanjeng Kyai Sekati, lajeng damelaken pasangan ingkang enggal (dipunduplikat
gamelan Kanjeng Kyai Sekati) lan dipunparingi nami “Guntur Madu” ingkang
panggenanipun wonten ing serambi masjid bagyan selatan lan “Guntur Sari” wonten
ing bagyan utara. Mekaten ugi, kangge Keraton Kasultanan Yogyakarta, amargi
namung nampi gamelan Kanjeng Nyai
Sekati, lajeng damelaken pasanganipun (duplikat Kanjeng Kyai Sekati), ingkang
naminipun Guntur Madu lan Nogo Wilogo.
Kangge Kasultanan Cirebon ingkang mboten pikantuk
gamelan Kyai Sekati kemudian dibuatkan oleh Sunan Kalijaga yang kebetulan masih
ada ikatan keluarga dengan Sunan Gunung Jati di Cirebon.Grebeg Besar lan
Sejarahipun saking tembung basa jawi Garebeg, Grebeg, Gerbeg, ingkang gadhahi
makna: swanten angin ingkangmenderu.Tembung
basa jawi anggarebeg, nggadhahi makna ngiringi raja, agungutawi pengantin. Grebeg saged ugi
dipunwastani dipungiring, dipunkempalaken, lan dipunkepung. Dados grebeg saged
dipunwastanidipunkempalaken wonten ing satunggaling panggenan kangge
kapentingan khusus. Wonten ugi Grebeg
Besar seremonial ingkang katepang wonten Demak, tembung “Besar” inggih punika
mundhut nami wulan inggih punika wulan besar (Dzulhijah).Mila makna Grebeg
Besar inggih punika kempalipun masyarakat islam wonten ing wulan Besar, sepisan
wonten ing setunggal taun inggih punika kangge satunggaling kepentingan dakwah
islamiyah ing Masjid Agung Demak. Criyos tutur mawartakaken menawi rumiyin
sedaya raja Jawa asring ngawontenaken selamatn kerajaan (wilujengan nagari)
saben taun baru lan dipunsebat Rojowedo, tegesipun kitab suci utawi kebajikan raja. Wonten ugi ingkang
ngendika Rojomedo, punika tegesipun kewan korban kaprajan.Ancasipun selametan
kaprajan akikatipun inggih punika satunggaling cara korban supados Gusti
ingkang Maha Kuwaos maringi lindungan, kaslametan kangge raja lan kaprajan
sarta rakyatipun. Wonten ing prastawa punika, rakyat dhateng ngadhep raja
kangge ngandharaken sembah bektinipun. Raja medal saking keraton lajeng lenggah
wonten ing dhampar kencana ing bangsal Ponconiti. Penampilan raja kangge nampi sembah bektinipun rakyat ingkang badhe
sowan, ginarebeg saking sedaya putra lan sedaya punggawa Keraton.
Wonten ing Babad Jawa Jaka Tingkir dipunjlentrehaken:
sampun dados prekawis ingkang lazim ing padintenan Maulid Nabi punika
dipunwontenaken riwayat Nabi, pamaosan syair tembang-tembang ingkang merdu
ingkang gantosan. Sasampunipun perigatan, dipunlajengaken musyawarah
antawisipun Sultan Demak lan sedaya Wali Agung, sasampunipun dipunlajengaken tahlilan
lan wonten ing pungkasanipun santap sesarengan.Benjingipun
dipunwontenaken upacara grebegan, Sultan Demak ngawontenaken paseban ing
sitinggil Demak. Wonten ing grebegan kala wau, Sultan wonten ing dhampar
kencana Manikwungu ngadhep ing utara, ing sebelah kiwa tengenipun Sultan
lenggah sedaya wali pawingking, sedaya pandhita wonten ing Masjid lan sedaya
Ulama, abid (tiyang ingkang ahli ibadah), sulaka (salik inggih punika tiyang
ingkang gesangipun namung kangge nyaketaken pribadhinipun marang Allah Swt),
puhaka (ahli fiqih utawi syariat Islam) wonten ing serambi masjid lan
palataranipun. (Babad Jaka Tingkir, 1981:78). Boten dangu sasampunipun Raden
Fatah dipunnobataken dados Sultan ingkang nomer setunggal kasultanan Demak
kaliyan gelaripun Kanjeng Sultan Raden Abdul Fattah Al Akbar Sayyidin
Panatagama, baginda ngicalaken adat ngawontenaken upacara kurban ingkang asring
dipunlampahi sedya raja Jawa-Hindhu kepengker. Amargi adat kados mekaten,
gadhahi aji ingkang bertentangan
kaliyan aqidah Islam.
Pangicalan adat punika dadosaken resah ing kalangan
rakyat, amargi rakyat wonten ing gesangipun sampun biasa kaliayan adat
kapitadosan ingkang dangu, dereng saged dipuntampi sikap rajanipun ingkang
enggal. Karesahan punika dadosaken gangguan keamanan Negara. Saking saran
sedaya wali, adat kapitadosan ingkang dangu punika supados dipungesangaken
malih, ananging dipunparingi warni keislaman inggih punika kewan kurban
dipunsembelih kanthi cara aturan agami islam. Donga awal lan pungkasan punika
donga slametan ingkang arupi donga islam dipunpimpin Sunan Giri lan Sunan
Bonang.Sedaya wali semangat anggenipun dakwah, panyebaran
agami islam ingkang awalipun boten kathah kemajenganipun. Prekawis punika saged
dipuntingali kaliyan taksih sekedhik cak-cakanipun santri. Sebagyan rakyat
ingkang utamanipun masyarakat saking desa boten purun ngecapaken syahadat
ingkang dados pernyataan mlebet agami islam. Pungkasanipun sedaya wali
ngawontenaken musyawarah, lan piyambakipun sependapat kangge nginsyafaken
rakyat ngenani ajaran agami islam, kedahipun dipunlampahi kanthi cara bertahap,
ngginakaken kawicaksanan, sopan santun, ramah tamah anggenipun dakwah lan tanpa
maiben adat sarta unur-unsur kabudayan rakyat, kedahipun ugi mupangataken
unsur-unsur kabudayan rakyat dados sarana dakwah, ingkang utama inggih
punikanmupangataken basa, adat-istiadat lan kesenian rakyat. Sedaya wali
manggihi taktik dakwah “TUT WURI ANGISENI” tegesipun ngginakaken lan ngormati
kabudayan ingkang wonten, kangge nggampilaken syair agami islam. Naminipun
ingkang sanes, JOWO DIGOWO, ARAB DIGARAP.
Sunan Kalijaga mangertosi menawi wekdal punika rakyat
remen kaliyan perayaan lan keramaian ingkang dipunhubungaken kaliyan upacara
keagamaan. Langkung malih menawi perayaan lan keramaian wonten ugi irama
gamelanipun, tamtu kemawon dadosaken gadhahi daya tarik sanget marang rakyat
kangge dhateng ningali. Pungkasanipun gagasan saking Sunan Kalijaga medal
supados kaprajan ngawontenaken perayaan lan keramaian saben nyambut dinten
kelahiran Nabi Muhammad Sawing wulan Rabiul Awal. Kangge narik kawigatosan
rakyat supados purun dhateng ing Masjid Agung, mila dipununikaken gamelan
ingkang panggenanipun wonten ing palataran masjid. Sasampunipun kempal sedaya
wali saged dakwah kanthi cara langsung ing ngajengipun rakyat.
Anggenipun ngunikaken gamelan wonten ing lingkungan
masjid punika wonten ingkang ngendika makruh, ananging kanthi cara ngginakaken
azas mupangat lan hikmah kangge kelancaran syariat, mila Sunan Kalijaga saking
ijtihadipun, wantun ngendika menawi prekawis punika hukumipun mubah utawi
angsal dipunlampahi. Pendapat Sunan kalijaga punika saged dipuntampi dening
majelis Walisanga. Sultan Fatah ing pungkasanipun ugi sarujuk ngenani
gagasanipun Sunan Kalijaga. Mila ing wulan Rabiul Awal, 12 (kalih welas) dinten
saderengipun Nabi lair, dipunwontenaken perayaan lan keramaian ingkang
dipunsebat Sekaten. Wonten ing palataran Masjid Agung dipunbangun panggenan
khusus kanggemenaruhlan ngunikaken
gamelan ingkang dipunsebat pagongan. Pagongan inggih punika gong (gamelan)
ingkang dipundamel Sunan Giri. Separuh saking gendhing-gendhing (tembang)
gamelan punika dipunasilaken saking Sunan Giri lan separuhipun saking Sunan
Kalijaga. Ngantos kalih welas dinten gamelan dipunpirengaken kanthi cara
terus-tersuan, kajaba ing wekdal-wekdal sholat malem jumat ngantos sholat
Jumat.
Tradisi Grebeg Besar
lan sejarah Kota Wali boten saged dipunpisah malih menawi dadosaken
tiyang Demak bangga dados warga Kota Wali. Catetan sejarah Kabupaten Demak
punika boten saged kapisah saking perjuanganipun sedaya wali (walisanga)
anggenipun nyebaraken agami islam ing abad V, inggih punika wontenipun Demak
dados pusat kaprajan islam (Kasultanan Bintoro) ing pulau Jawa kaliyan
”masterpieces”ipuninggih punika Sunan Kalijaga lan Sultan Fatah ingkang
dipunakui punika tokoh-tokoh ingkang ageng lan wonten pengaruhipun ing lintas
sejarah Kabupaten Demak. Boten heran menawi salajengipun kathah acara ritusl
ingkang dipunwiwiti dening kalih tokoh kala wau ingkang ngantos samenika lan
dados jinising upacara ritual ingkang kedah dipuntengga tiyang, boten namung
sedaya warga kota wali ananging ugi saking daerah saking jaba.
Masa Sunan Kalijaga dados penasehat spiritual Sultan
Bintoro, khususipun wonten ing masa emas kejayaanipun pemerintahan Sultan
Fatah.Piyambakipun ngawontenaken Grebeg Besar dados media dakwah. Tradisi
punika dipunwontenaken saben tanggal 10 Dzhulhijjah sesarengan peringatan Hari
Raya Idul Adha (Qurban).Namung kemawon leresipun Grebeg Besar ingkang kaping
pisan punika dipuwontenaken ing Demak, boten namung sepisan ing setunggal taun
wekdal Idul Adha. Ananging punika miturut catetan sejarahipun, wiwitanipun
tradisi Grebeg Besar wonten sekawan, inggih punika Grebeg Maulid, Grebeg Dal,
Grebeg Syawal, dan Grebeg Besar.Kadosta adicara Grebeg Besar Demak gadhahi
urutan tata cara perayaan inggih punika:
1.
Dipunwiwiti kanthi cara silaturrahmi ing pihak Kasepuhan Kadilangu, Bupati lan Wakil Bupati Demak, sarta jajaran Muspida
Demak. Bupati Demak sesarengan rombongan silaturrahmi ing Kasepuhan Kadilangu
ingkang panggenanipun wonten ing Pendopo Noto Bratan Kadilangu Demak.
Salajengipun, sesepuh Kadilangu lan kulawarga kasepuhan silaturrahmi ing
Kabupaten Demak lan piyambakipun dipuntampi Bupati ing ruang tamku Kadipaten
Demak.
2.
Sasampunipun silaturrahmi Bupati, Wakil Bupati, DPRD, Muspida Demak lan jajaran
pemerintah Kabupaten Demak ziarah wonten makam-makam leluhur Sultan Bintoro ing
kompleks Masjid Agung Demak, lan dipunlajengaken ziarah ing makam Sunan
Kalijaga.
3.
Salajengipun Bupati, Wakil Bupati, DPRD, Muspida Demak ngresmikaken pambukaan
keramaian Grebeg Besar ing lapangan tembiring Jogo Indah.
4.
Ing wekdal ndalu menjelang Idul Adha dipunwontenaken upacara Tumpeng Walisaanga
ingkang nggambaraken sanga wali (walisanga), lajeng dipunparingaken Bupati Demak
kaliyan Takmir Masjid Agung Demak kangge dipunbagikaken kaliyan sedaya
pengunjung.
5.
Ing tanggal 10 Dzulhijjah dipunwontenaken acara jamasan Kotang Ontokusumo
ingkang dipunwiwiti sasampunipun Sholat Idul Adha. Jamasan punika dipunwiwiti
saking Pendopo Kabupaten Demak kaliyan maringaken miyak jamas saking Bupati
kaliyan Manggala Prajurit ingkang badhe dipunbeta wonten ing Kadilangu kaliyan
dipunkawal dening prajurit sekawan dasanan ingkang mlampah kanthi jarak 2 km.
Bupati lan sedaya kulawarga sarta sedaya pejabat Pemerintah Kabupaten Demak
dherek mengantar minyak jamas kaliyan
nitih kereta kencana. Sasampunipun ngantos ing Kadilangu, minyak jams punika
dipuntampi kaliyan sesepuh Kadilangu lan salajengipun dipunginakaken kangge
jamasi Kotang Ontokusumo dan Keris Kyai Crubuk.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar