Ing jaman
tepangipun agami budha mbiyen, wonten ing papan lembah gunung sidingklik wonten
tiyang ingkang nyiaraken agami islam asmanipun chotibul ali. Ing jaman budha saweg
majeng-majengipun chotibul ali sami tetep nyakini ajaran ingkang dianutipun
inggih meniko ajaran islam. Kasiaripun ngantos menyang dusun-dusun sanesipun,
dene chotibul ahli dados penyebar agami Allah, inggih menika agami islam.
Kathah tiyang ingkang tumut saking njawi daerah.
Chotibul ali
piyambak sebenere sanis tiyang asli saking laladan lembah sidingklik.
Kasunyatanipun tiyang menika tiyang saking dusun Sikasur kabupaten Pemalang.
Piyambake sampun dangu ing dusun mriku kalian anak lan garwane. Kakange, ki
nalaita, mireng adhine sampun sukses anggene nyiaraken agami islam ing lembah
sidingklik, lajeng piyambeke nusul ingkang gadeh maksud kepengin ngrewangi.
Kasunyatanipun
sawise gutul ing mriku, chotibul ali saweg ing bahaya ngadepi mungsuh saking
tiyang – tiyang budha. Tiyang – tiyang budha mboten remen wontenipun agami
islam mlebet ing laladan kasebut. Ki nalaita nyuwun pitunjuk marang gusti Allah
supados diparingi pitulungan dene piyambake kalian adhine gadhah tujuan ingkang
mulia sanget, inggih menika kepengin nyebaraken agami islam. Ki nalaita semedi
ing perek tuk pulanggeni. Ing papan mriku pancen ngantos saniki taksih
dikramatake. Ing wekdal menika tuk pulanggeni teksih dados kebon ingkang angel
ditembus manungsa ngantos papan mriku. Sebab ki nalaita mantep sanget kangge
mbelani adine lan kangge mbelani agami suci, kados napa angele piyambeke tetep
usaha semedi ing papan mriku. Wonten wengi kaping kawan dasa wonten sinar
karemenan saking ingkang maha kuasa. Piyambeke angsal wangsit dene kudu nggabung
kalian pendekar putri ingkang saweg madepokaken ing candi supit urang.
Piyambeke pendekar putri ulung inggih menika dewi rantan sari. Piyambake
penyiar agami islam. Sebabe sekedap malih kawontenan mungsuh saking tiyang
–tiyang budha saking ngaler.
Saking
dukanipun chotibul ali ngadepi masalah ingkang werna-werna. Teka ki Nalaita
ngutaraken sedaya peristiwa ingkang dipun alami banjur ngomong “ aja kewatir
chotibul Ali, aku wis olih wangsit sekang gusti Alloh, dene dewek kudu gabung
karo pendekar putri ingkang asmanipun Dewi rantan sari, ingkang saweg
madepokaken ing Candi supit urang”. Chotibul ali dados sumringah krungu omongan
saking kakange. Ing sawijining dinten, tepat dinten setu pahing katekanan
mungsuh saking ngaler. Sadurunge tekan sampun ketingal benderane. Ki Nalaita
kaliyan adine Chotibul ali, kalih Dewi rantan sari mboten mendel mawon.
Piyambeke kabeh di rewangi sedaya wadiyabalane siap njemput saking candi
Pulanggeni. Kasunyatanipun tepat dinten setu pahing ketekan mungsuh. Padudon
mboten saged di tinggalna lan kathah korban saking kalih pihak. Sebabe dinten
setu pahing di kramataken dening tiyang-tiyang laladan kasebut. Mboten angsal
lelungan ing dinten setu pahing. Amargi menawi di langar mesti badhe nemahi
kacilakan. Kasunyatane mungsuh saged di kalahake ngantos saniki taksih wonten
paninggalane inggih punika gunung proyek lan gunung sambeng.
Prajurit
mungsuh ingkang seda dipun sarekaken ing candi proyek lan prajurit kita ingkang
seda di sarekaken ing candi gunung sambeng. Papan punika ngantos saniki taksih
dikramataken. Gunung sambeng pancen papan ingkang medeni sanget, kaliyan
wit-witan ingkang ageng-ageng. Saged dipun wastani papan ingkang angel di
ambahi manungsa. Ing gunung sambeng wonten jaran lanang ingkang saged mabur,
inggih meniko arane jaran sembrani.
Cariyosipun
jaran kasebut saged mabur ngantos ing desa sebelahe inggih meniko dusun karang
klesem. Sebabe ngantos saniki tiyang karang klesem menawi ngopeni jaran wadon
ngantos meteng gadhah anak jaran lanang bahaya sanget. Anak jaran kasebut saged
mabur supados jaran sembrani ingkang manggon ing gunung sambeng. Ngantos saniki
tlapak sikil jaran sembrani kasebut teksih wonten bekase ing watu ageng lan
anehe bekas tlapak sikil jaran kasebut medal banyune. Papan kasebut saben
dinten jumat kliwon ngantos saniki dados papan ziarah para dalang lan penari
jaran kepang.
Semanten
cariyos babadan dusun Talagening saking tembung telaga gending. Disebataken
telaga gending amargi asal mulane badhe damel telaga ing tlagayasa lan ing
mriku dados papan kangge musyawarah antarane ki nalaita, chotibul ali lan dewi
rantan sari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar