Ing salah setunggaling desa,ing zaman samono enten ula
sanca ula sanca menika ageng sanget . bekasipun dalan ula menika saged kange
dalan tiyang ageng. Ceritanipun dalan ing dusun menika asal mulanipun saking
dalan ula sanca menika.
Menurutipun tiyang – tiyang ula menika jelmahan nipun
tiyang ingkang kagungan kasekten ingkang duwur. Asmanipun Baru klinting.
Ing salah sijining wengi , Baru klinting ingkang saweg
tapa nampi wangsit ken madosi bayi lanang lan di pangan ingkang kangge ningkat
aken kasekten Baru klinting menika.
Salah setungaling wengi baru klinting medal saking
prtapaanipun kalihan wujud ula. Baru klinting muter – muter desa kngge madosi
bayi menika. Akhiripun baru klinting nemu bayinipun ing salah setungaling
griya. Baru klinting langsung nundut bayi menika lan langsung di bekto kesah.
Tapinipun enten salah setungaling tiyang ingkang
ngertos lan ningali kedadosan niku. Yaiku ki Gedang karang. Ki Gedang karan
glangsung nguber Baru Klinting. Kangge nylamet aken bayi menika. Akhiripun Baru
klinting lan ki Gedang karang adu kasekten. Sanking ramenipun tiyang – tiyang
sami tangi lan teka ningali adu kasektean antaranipun ki Gedang karang lan Baru
klinting.
Baru klinting lan ki Gedang karang adu kasekten
sawengi – wengi. Akhiripun ki Gedang karang saged ngalah aken Baru klinting.
Ketiko Baru klinting saweg lengah, ki gedang karang nunjlep aken
kerisipun ing awakipun Baru Klinting.
Baru klinting langsung ngeletak lan seketiko tiyang –
tiyang wau langsung “notog – notog” awake Baru klinting ingkang dados
wujud ula ngnatos mati.
Sasampunipun mati Baru klinting ingkang kawujud ula menika awake dados watu utawi arca sedaya. Ngantos sanika ceritanipun tiyang – tiyang dusun menika arca ula menika tesih enten ing dusun menika.
Sasampunipun mati Baru klinting ingkang kawujud ula menika awake dados watu utawi arca sedaya. Ngantos sanika ceritanipun tiyang – tiyang dusun menika arca ula menika tesih enten ing dusun menika.
Desa utawi tempat ingkang matine utawi tempat tiyang –
tiyang “notog – notog ” ki lawi , di arani dusun totogan ,saking
kata notog notog menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar