Para sutresna Budaya, saderengipn kula
ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun
boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita.
Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau
tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan
setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula
bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan
dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca,
ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini
sepuh.
Mila siaran bab upacara adat kang
lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan
nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami
nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.
Dene mligi kula pribadi ingkang
kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit
sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng
wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih
lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna
budayan sami kersa paring atur pemanggih
pamrayogi, lan panyaruwe,
murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih.
Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan
Jawi.
BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA LAN SOLO
Dene wanci punika kula badhe ngaturaken
mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa
mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran,
ingkang sipatipun kepara nasional. Dene gambaripun Upacara makaten:
No
|
Gagrak Yogya
|
Gagrak Solo
|
Keterangan
|
|
1
|
Nontoni
|
Nontoni
|
Woten, sampun boten mlapah
|
|
2
|
Lamaran
|
Lamaran
|
Woten, sipatipun mana suka
adat kulawarga
|
|
3
|
Asok tukon
|
Asok tukon
|
Woten, sipatipun mana suka
adat keluwarga
|
|
4
|
Srah-srahan, Nyantri
|
Srah-srahan
|
Woten, sipatipun mana suka,
umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
|
|
5
|
Tarub
|
Tarub
|
Woten, sipatipun mana suka,
awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
|
|
5
|
Siraman
|
Siraman
|
Woten, Resmi padatan benten.
Solo, wonten bopongan, mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar
siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
|
|
6
|
Midodareni
|
Midodareni
|
Woten, sipatipun Resmi,
padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
|
|
7
|
Ijab
|
Ijab
|
Woten. sipatipun Resmi
menggahing nagari
|
|
Panggih
|
Panggih
|
Woten, sipatipun Resmi atat
Jawi padatan tata upacaraipun benten-benten
|
||
8
|
Resepsi
|
Resepsi
|
Woten, Siapatipun resmi, mana
suka
|
Saking sarenteten upacara wau sak
perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
- Tata Adat upacara Siraman
- Tata adat upacara Panggih
- Tata adat Rias penganten
- Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka,
tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih
gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun
- Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
- Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
- Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
- Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing ngakathah murih gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara
Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan
kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis kulawarga setunggal lan
satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados/jadi nggenipun nglamar.
Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni
pemanggih kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten perlu
mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng
, tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun
tasih mana suka, kados contonipun
- Nontoni;
- Lamaran
- Asok Tukon
- Srah-stahan
- Pasang Tarub
- Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga
para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah
para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung
terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata
cara Jawi, mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung,
badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun,
gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya
matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken
utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri ingkang dados
inceranipun wau.
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten
tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun
samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun
nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri
ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan ngladosaken unjukan, sarta
dhahar kagem para tamu wau. Liripun sageda dipun pirsani ingkang badhe
ngersakaken, leres lan botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing adicara nontoni
rantamanipun:
- Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
- Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
- lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
- salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
- panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
- Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat
ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang
ing madyaning brayat agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni,
satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi
pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan
: BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun,
lan punapa tasih relepan :
Saking pemanggih kula bab upacara
nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering
tiyang sepuh kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring
tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang
dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang
punika wonten saenipun, awit werdinipun :
- Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
- BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan. Mila pangajabipun murih saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
- BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit
sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados
tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados
pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan
watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni
ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken para sutresna
budaya badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman
kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran
katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados
inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening
Lamaran kang baku
- Atur pambuka saking kulawarga
- Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
- Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan, werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
- Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
- panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun
acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal
kaliyan nalika Lamaran. Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
- Sanggan.
- Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
- tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
- Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
- Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling
adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri
kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged
dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking
punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat
ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados
satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados
pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun
dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut
ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana
anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi
anggenipun kagungan kersa murih papan wau saged cekap(amot) lan
mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring
wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun
wastani “saat”. Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran
awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados
contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene
tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening
sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten
nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan,
kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang
kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet
medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang
awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa
ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene
- Pisang Raja Ayu
- Kelapa ganding
- Tebu wulung
- Pari lan cantle
- ron-ronan ; keluwih,ringin dan kroton lsp
Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking
“kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika
tratak umumipun dipun gantos tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur
kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.
Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun
‘jan’ saking tembung “jane” dene ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning
dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana
janur kuning mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe
kagem damel tarub :
1.
Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung
(pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman
“bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
2.
Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking
pisang raja, cengkir gading, tebu wulung, pari lan cantel, ron
kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau
kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel
3.
Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih
tundhun” . kang werdinipun lambang pangajab ing tembe para putra kagungan
watak/sipat kados raja ingkang berbudi
bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah,
sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene
pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.
“Pari wulu” kalih
unting’ utawi cantel
(salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.
5.
Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang ing
pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang
sanes
6.
Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak,
nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi
saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados
manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis
manis sepah dibuang”
7.
Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged
tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana
sarta derajat dsb
8.
Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga,
sumrambah dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah
damel kapitunan )
9.
Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe
ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang
tolak balak sambet anggenipun kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene
janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N
) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi
ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi
pasang tarub
BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN
GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula
aturaken mligi:
- NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
- LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur,
liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi
piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking
pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih
sageda sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten
punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados
dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi
uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang
dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal
semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta
Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken,
mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak
jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami
pinitados
Dene upacara Manten kula pilah dados
kalih perangan inggih punika:
- A. Upacara sangajenging tarub
- Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
- Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri 3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
- Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X. Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
- Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
B.
Upacara ing nglebet dalem
Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu
pengaring, lan pangombyong Dene Urutaning lampah upacara :
1)
Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung
maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun
tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng
pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)
Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran
kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung
namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)
Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe
sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang
sepuhipun kakung ( besan)
Adicara punika mligi yen mantenipun
prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih
wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra
manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan,
werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang
mbikak margi / bukak dasar )
Makaten sawentawis adat upacara Panggih
Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran
Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng
Tarub:
- Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
- Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli tali lawe
- Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
- sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
- tigan ayam kampung
Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan
- Kagem tampa kaya; inggih punika:
v
arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)
v
biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo,
beras, jagung lan sanesipun.
v
empon-empon: dlingo bengle
v
sekar sritaman,
v
Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.
v
Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged
dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun
v
Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu
v
Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )
Gendhing
ingkang dipun agem:
- Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
- “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
- “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.
UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO
Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun iaturaken
rikala Minggu kapengker, upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula
sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue
ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton
ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken
dados paugeran umum,
Upacara sangajenging tarub
Panataning pangombyong (pormasi barisan)
Maten kakung
- Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
- Sanggan
- Kembar Mayang sepasang
- Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
- Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )
Panataning lampah (pormasi barisan) Maten
Putri
- Cucuk lampah,
- Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
- Kembar Mayang sepasang
- Maten putri lan 2; pengaring Putri
- Tiyang Sepuh.
- Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu perlu pengombyong)
Tata rakiting upacara
- Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
- Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
- Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
- Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
- Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
- Manten putri mijiki sukunipun.
- Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
- B. Adicara kacar-kucur:
1)
Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun
pangku pupu kiwa tengen ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot
endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “
2)
Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik
pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken)
mimba tiyang tandur
3)
Upacara Tampa Kaya, sami Yogya
4)
Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga,
dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin
dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.
5)
Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun:
Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun
nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?
6)
Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun,
lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten
kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.
7)
Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun
purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.
Wigatinging rembag
- Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
- Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:
1)
ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung
mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak tigan, nembe wijikan. Mlebetipun
penganten dipun kemuli sindur Ibunipun
2)
Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3
lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.
3)
Upacara kacar-kucur,:
- Yogya: boten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
- Yogya, ingkang dhahar namung manten putri. Yen Solo kembul dhahar
3.
Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara
kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur
Makaten sawantawis gambaran upacara
panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun
Cathetan:
Gendhing ingkang dipun agem:
- Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
- Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten
TANTINGAN
= putra dalem Kakung,
PANANTUNAN
= putra dalem PUTRI
Macul
tumpeng
= Putrine luwih tuwa
medot
lawe
= tasih misan
Ancik-ancik
pipisan = sepupu ( sak Eyang )
Nyecek
mawa ( bugel) = yen kakunge wis tau krama
Santren,
3 April 2008
R.Suwardanidjaja
BAB UPACARA SANES SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH
MANTEN
Upacara Manten
Upacara Manten, ingkang
kedadosanipun sambung-sinambung kados ingkang sampun nate kula aturaken
antawisipun bab: Nontoni, Lamaran, lan
asok tukon, Siraman lan Nyantri sarta Midodareni.
Ijab, Upacara panggih
Kejawi punika ugi wonten upacara ingkang
LANGKAHAN, kang dados tetimbangan inggih punika:
- Yen Nglangkahi : kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
- Yen Putra bajeng : kasebat Upacara bubak kawah ( dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub, lan saderengipun upacara kacar-kucur )
- Yen Putra Wuragil : kasebat Upacaara tumplak Punjen ( diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna_
Dene yen ngemuti jaman semanten,
upacara panggih dipun bedakaken yen kawontenanipun putra-putra penganten kados
antawisipun:
Upacara panggih yen Prawan kaliyan Jaka
ingkang mastani tigas kawuryan, dene yen putra manten putri mbajeng dipurwakani
Tiyang sepuh ngunjuk rujag degan. Dipun wastani “BUBAK KAWAH”. Ingkang
sampun nate kula aturaken. Ingkang werdinipun Upacara punika mbok menawi
punika mendhet saking berkahipun Kyai Ageng Pemanahan nalika angsal gaibing
Pangeran yen badhe nurunaken dat ratu kang pinunjul, karana ngunjuk deganipun
ki Giring, Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh sami ngunjuk toya degan
ugi putra penganten, pamrihipun ing bejang putranipun saged gadhah turun
ingkang luhur utawi dados priyagung, ingkang gesangipun boten kekirang (ingkang
umum sami mestani ngunjuk rujak degan)
Upacara panggih Prawan asal jaka lan
tasih naning tasih sederek piyambak, dene manut silsilah kang estri langkung
sepuh, upacaranipun ingkang kakung saratipun inggih punika macul
tumpeng kanthi mancik sak nginggiling pipisan, tumuli kalajengaken nrajang lawe
wenang.. lajeng nembe dipun adani upacara panggih. Nanging yen kakungipun
langkung sepuh, manten nrajang lawe wenang, mboten ngangge macul tumpeng
Upacara Prawan kaliyan Dhudha kembang.
Dene pangrakiting upacara inggi punika ; saderengipun upacara panggih dipun
acarani manten putri nyiram bugel ( tumper) ngagem toya wonten ngajeng tarub,
dados saderengipun upacara panggih. Werdinipun, manten putri arsa nampi lan
adhe memper, nyirep punapa ingkang sampun nate dipun lampahi dening manten
kakung duk semanten, inggih klebet kekajengan, kareman utawi watakipun
Upacara Randha kembang kaliyan Jaka, dene
upacaranipun sami, namung ingkang nyiram toya ingkang kakung
Cekaking rembag: Upacara panggih jatosipun mengku
werdi ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun jaler lan
estri, ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga tepalih,
kanthi paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami ngepyakaken
anggipun badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya murik ing tembe
brayat sami manggih rahayu nir ing sambe kala. Kanthi makaten murih lancaripun
upacara layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki lahiripun tata
upacara panggih
Mila nuwun sewu yen badhe damel ada-ada
piyambak inggih mangga, nanging ingkang jangkep, tegesipun runtut. Nuwun sewu
upami ngagem busana model muslim inggih mangga, nanging yen dipun tata upacara
sampun ngagem upacara Jawi inggih gagrak Solo utawi Ngayogja. Nuwun sewu kula
mastani punika nama ngrisak kabudayan ingkang adi luhung.
Dene Bab Upacara tumplak punjen prayogi
dipun rembag ing wedal sanes. Wusana matur nuwun.
Kapethik saking : http://suwardanijaya.wordpress.com/tata-adat-busana-jawa-3/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar