1. ATER-ATER (PREFIKS)
A-, MA-, ANUSWARA, , TRIPURUSA, …lsp
Ater-ater iku wuwuhan kang manggone ing sangarepe
tembung lingga.
Wujude
ater-ater : Anuswara, Tripurusa, a-,
ma-, ka-, ke-, sa-, pa-, pi-, pra-, pri-, tar- kuma-, kami-, kapi-
ANUSWARA
Ater-ater
Anuswara utawa A- wujude ana papat; m-, n-, ny-, ng- (alomorf)
Panganggone
a. tembung
lingga kang apurwa : p, w, t, th, c, k, s, konsonan mau bakal luluh.
m- + prabu =
mrabu
m- + waca = maca
n- + tembang = nembang
n- + thiwul = niwul
ny- + coba = nyoba
ny- + sawang = nyawang
ng- + kalong = ngalong
salajengipun
......
b. ing ragam
susastra sok dadi am-, an-, any-, lan ang-
m- + purba = (h)amurba
n- + deleng = andeleng
ny- + sapih = anyapih
ng- + gawe = anggawe
c. ing
tembung lingga sawanda wujude dadi nge-
A- + cet = ngecet
A- + kum = ngekum
A- + rem = ngerem
d. tembung
lingga kang kawiwitan aksara s lan c, ana kang nggunakake n- ora ny-
A- + cacad = nacad
A- + sembah = nembah
A- + susul = nusul
Gunane
-ngowahi
tembung lingga dadi tembung kriya tanduk
m- +
pasang = masang
n- +
tandur = nandur
ny- +
jupuk = njupuk
ng- +
umbah = ngumbah
-ngowahi
tembung lingga dadi tembung kahanan
m- +
banyu = mbanyu
ng- +
kebo = ngebo
Arane rimbag
:
-rimbag
tanduk kriya wantah
anuswara + Tb. Lingga (ngombe,
mulang, nanting, nyinau)
-rimbag
tanduk ikriya
Anuswara +
Tb.Lingga + -i (nuntuni, ngusungi, nyambangi, marani)
-rimbag
tanduk kekriya
Anuswara + Tb. Lingga + -ake (ngusungake, mblanjakake, nandhingake, nyuwekake)
TRIPURUSA
Wujude : dak- kanggo utamapurusa, kok- kanggo madyama purusa, di- kanggo
pratama purusa ; ing tembang (susastra) dadi den-
gunane :
ngowahi tembung lingga dadi tembung kriya tanggap
arane rimbag
: rimbag tanggap utamapurusa, tanggap madyamapurusa, anggap pratamapurusa
dakombe daktulisi dakgawakake kula …
kokjupuk kokusungi koktembangake Panjenengan tembangaken
direbut dirasani dienggokake dipunraosi
densebut den…
ATER-ATER a-
wujude ana
telu : a-, mar-, mer-
rimbage :
bawa ha-
panganggone
:
a- + basa = abasa
a- + klambi = aklambi
a- + gaman = agaman
ma- + guru = maguru
mer- + tapa = mertapa
mer- + tobat = mertobat
mer- + tamba = mertamba
gunane :
ngasilake tembung kriya tanduk tanpa lesan (aktif intransitif)
ATER-ATER maA- UTAWA maN-
man- + tunggal = manunggal
mang- + lor = mangalor
man- + tungkul = manungkul
gunane :
ngasilake tembung kriya tanduk tanpa lesan
ATER-ATER ka-
Rimbage aran
: rimbag bawa ka
Gunane :
ngasilake tembung kriya tanggap, lan
tembung aran
ka- + tampa = katampa
ka- + tempuh = katempuh
ka- + bupati + -an = kabupaten
ka- + paring + -an = kaparingan
ka- + pundhut + -ake = kapundhutake
ka- + undhuh + -ake = kaundhuhake
ATER-ATER ke-
Gunane :
kriya tanggap, tembung kahanan
ke- + cemplung = kecemplung
ke- + gawa = kegawa
ke- + tinggal + -an = ketinggalan
ke- + obong = kobong
ke- + adhem + -en = kadhemen
ke- + udan + -an = kudanan
tegese :
nandhang pakaryan kang ora disengaja, lan nandhang kahanan.
ATER-ATER Sa-
Bisa dadi
sa-, se-
Gunane :
ngasilake tembung wilangan
sa- + dina = sadina
sa- + gelas = sagelas
sa- + yuta = sayuta
sa- + omah = saomah
sak- + kos + -an = sakosan
ATER-ATER pa-, pi-, pra-, pri-
Ngasilake
tembung aran
Ater-ater
pa- bisa dadi paA- utawa paN-
pa- + warta = pawarta
pa- + etung = petung
paN- + panggih = pamanggih
paN- + suwun = panyuwun
ATER-ATER pi-
pi- + wulang = piwulang
pi- + tutur = pitutur
pi- + guna = piguna
pi- + andel = piandel
ATER-ATER pra-
pra- + jurit = prajurit
pra- + tingkah = pratingkah
pra- + sangka = prasangka
pra- + lambang = pralambang
ATER-ATER pri-
pri- + bumi = pribumi
pri- + angga = priangga
pri- + kanca = prikanca
ATER-ATER tar-
gunane :
tembung katrangan, tembung kriya
tar- + tamtu = tartamtu
tar- + buka = tarbuka
tar- + kadhang = tarkadhang
tar- + waca = tarwaca
ATER-ATER kuma-, kami-, kapi-
gunane :
ngasilake tembung kahanan
kuma- + ayu = kumayu
kuma- + wani = kumawani
kami- + gila + -an = kamigilan
kami- + seseg + -en = kamisesegen
kapi- + adreng = kapiadreng
kapi- + lare = kapilare
2. SESELAN
Seselan
(infiks) iku wuwuhan kang manggone ing satengahe tembung. Ing basa Jawa seselan
iku cacahe ana papat, yaiku –um-, -in-, -er-, lan –el-.
Seselan –um-
Rimbage
diarani rimbag bawa ma, sebabe yen kaseselake ing tembung lingga kang apurwa
aksara menga (vokal) malih dadi m- lan dumunung ing sangarepe tembung lingga.
Tuladha :
unggah + -um- = umunggah --
munggah
atur + -um- = umatur -- matur
esem + -um- = umesem -- mesem
Tembung lingga kang kawiwitan
aksara p menawa oleh seselan -um-, aksara p malih dadi k. Dene tembung lingga
apurwa konsonan b kang oleh seselan –um-, aksara b mau dadi g.
Tuladha :
pinter + -um- = puminter -- kuminter
panggang + -um- = pumanggang -- kumanggang
bagus + -um- = bumagus -- gumagus
Gunane :
ngasilake tembung kriya tanduk tanpa lesan
lan tembung kahanan.
Tuladha :
laku + -um- = lumaku
teka + -um- =
tumeka
gagah + -um- = gumagah
bagus + -um- = gumagus
Seselan –in-
Rimbage diarani tanggap na-
Tembung kang oleh seselan –in- tegese padha karo yen oleh ater-ater di-, lan
kalebu tembung kriya tanggap.
Tembung lingga kang apurwa
vokal menawa oleh seselan –in-, seselan –in- owah dadi ing- lan dumunung ing
ngarep tembung.
Tuladha :
usung + -in- = inusung -- ingusung
awor + -in- = inawor -- ingawor
ombe + -in- = inombe -- ingombe
Yen tembung lingga apurwa
konsonan oleh seselan –in- , seselan –in- ora ngalami owah-owahan.
Tuladha :
cangking + -in- = cinangking
jawat + -in- = jinawat
Seselan –er-
lan –el-
Seselan –er- sok malih dadi
–r-, dene seselan –el- kadhangkala malih dadi –l-.
Gunane kanggo ngasilake
tembung kahanan.
Tuladha :
kelip + -er- = kerelip -- krelip
titi + -el- = teliti -- tliti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar