Tembung
mitoni tembung lingganipun pitu, pikantuk ater-ater anuswara m-,
panambang –an lan –i. Dene tegesipun inggih punika nindakaken pakaryan.
Tingkeban asalipun saking tembung tingkeb ingkang tegesipun nutub, mingkub.
Mitoni inggih punika upacara adat, wilujengan tumrap calon Ibu ugi si
Jabang bayi ing kandhutan ingkang sampun ngancik wulan kapitu. Ing bebrayan
Jawi kandhutan yuswa pitung wulan penika kalebet kandhutan sepuh, pramila kedah
dipun samaptakaken samudayanipun murih pinanggih gangsar, wilujeng boten
manggih aral satunggal punapa. Kanthi Tingkeban, sampun nutub, mingkub
dedalaning godha- panggodha tumrap calon Ibu lan jabang bayi, manggiha wilujeng
nirkala.
TATACARA
TINGKEBAN
“Negara mawa tata, desa mawa cara”, prasasat saben
laladan nggadhahi tatacara piyambak-piyambak. Ing andhap punika namung salah
satunggal tuladha ingkang dipunsumerapi (penulis) kemawon;
1. Sungkeman
Calon Ibu lan Calon Bapak mijil saking sasana panti
busana tumujweng ing ngarsanipun para sesepuh. Kekalihipun lajeng nindakaken
sungkeman. Kapisan dhumateng Rama-Ibu saking calon Bapak, kalajengaken ing
ngarsanipun Rama-Ibu saking calon Ibu. Jroning batos nyuwun rumentahing
pangastawa murih sedaya paran sedya tansah binerkahan awit
donga-pangestunipun tiyang asepuh. Ugi mengku werdi murih si Jabang bayi
tansah anggadhahi watak utama, bekti dhumateng bapak-ibu, saged “mikul dhuwur
mendhem jero”.
Salajengipun kekalihipun kadherekaken tumuju ing
pasiraman.
2. Siraman
Calon Ibu pinaringan donga pangestu, lumantar peparing
siraman toya suci. Wadhahing toya inggih punika genthong toya ingkang sampun
rinengga maneka warna. Toyanipun sinawur ing sesekaran murih manggih arum
mawangi, kongas mrebawani.
Lenggahipun linambaran klasa bangka, ron gangsal warna
ingkang werdinipun sae; ron kluwih, ron alang-alang, ron apa-apa, ron dhadhap
seprapat, ron nanas.
Peparing Siram dipuntindakaken dening priyantun putri
cacah pitu. Kawiwitan Rama-Ibu, eyang putri, budhe, bulik, lan salajengipun.
Jroning batos namung tansah nyenyuwun ridlaning Gusti Kang Akarya Jagad supados
sageda gangsar lancar lairipun si jabang bayi boten manggih alangan satunggal
punapa. Ugi ngemu pangajab murih si jabang bayi ing tembenipun tansah
resik-suci tebih saking godha rencana.
Sasampunipun sedaya paraga sampun peparing siraman
kangge ngicali sukerta, ingkang pungkasan juru panata busana paring
sampurnaning siraman kanthi anyepeng kendhi kagem sesuci (wudlu) calon ibu.
3. Ganti Nyamping
Tata cara punika mangagem nyamping pitung warni.
Nyamping kapisan kaagem lan nyuwun tetimbangan dhateng Ibu-ibu ingkang sami
amirsani. “wis pantes apa durung?”, wangsulanipun “durung!” mekaten ngantos
nyamping kapitu, nembe paring wangsulan “pantes”. Dene nyamping ingkang kasamaptakaken
inggih punika :
a. wahyu tumurun : mugi si calon ibu lan jabang bayi
pikantuk ridlaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos, pikantuk wahyu sejati, manggih
wilujeng widodo nir ing sambekala.
b. Sida Asih : mengku pangajab mugi si jabang bayi
tansah pikantuka raos tresna asih saking tiyang asepuh, sanak kadang miwah
tangga tepalih sami remen amargi bebudenipun si jabang bayi/lare.
c. Sida Mukti : murih tansah nyandhang drajad pangkat,
sekeca gesangipun lair batos.
d. truntum : mugi-mugi si jabang bayi tansah saged
tumaruntun, nurun kesaenan lan kadarmanipun keluwarga.
e. Sida Luhur : gesangipun si jabang bayi tansah
celak ing kamulyan, boten kekirangan satunggal menapa ing gesangipun.
Bapak-Ibunipun tnsah pikantuk rejeki ingkang halal barokah hanyekapi sedaya kabetahanipun.
f. Semen Rama : tansah pikantuk raos asih kados
asihing tiyang sepuh kekalih nenulad raos tresna asihipun Prabu Rama
dhateng Dewi Shinta mekaten ugi sawangsulipun.
g. Babon Angrem : mugi-mugi anteng jinem kebak ing
raos asih kebak pangayoman, calon Ibu anggenipun njagi lan nggulawenthah si
jabang bayi.
4. Angrem : inggih punika lenggahipun
calon Ibu ing sanginggilipun nyamping pitu ingkang kalawau dipun agem/dipun
coba. Mengku pralampita bilih calon ibu saestu anggenipun mbangun turut dhateng
tiyang sepuh, ngudi murih widada-santosa kandhutanipun. Boten keguh ing
sabarang kewuh, kwagang ngadhepi sakeg godha panggodha. Jroning baton amung
tansah nyenyuwun palimarmaning Gusti Ingkang Maha Welas lan Maha Aih
supados sedaya gegayuhan sageda kasembadan.
5. Nigas Janus utawi benang lawe ingkang
kasabukaken ing wangkinganipun calon ibu dening calon bapak kanthi migunakaken
keris ingkang sampun linambaran kunir utawi benang lawe lajeng mnir. Mengku
teges mugi pinanggih gangsar lancar lairipun si jabang bayi. Wonten sawenenh
panggenan ingkang mekaten; sasampunipun calon bapak nigas janur lajeng mlajeng
kanthi rikat, mengku teges mugi saestu pinaringan gangsar lancar lairipun si
jabang bayi.
6. Brojolan inggih punika tatacara nalika
Ibu saking calon Ibu (pihak putri) mbrojolaken cengkir gadhing ingkang mawi
gambar kamajaya lan ratih. Anggenipun mbrojolaken liwat ing salebeting nyamping
ingkang kasarungaken. Dene ibu saking calon bapak (pihak kakung) ingkang
nadhahi wonten ing sangandhapipun. Anggenipun nampeni/nadhahi kanthi nyamping
ingkang dipun cepengi ing wingking dening paraga sanes. Nalika cengkir gadhing
mbrojol sarwi angucap “ lanang wadon ora dadi apa. Lamun lanang baguse kaya
kamajaya, yen wadon ayune kaya dewi ratih,” salajengipun cengkir gadhing menika
kagendhong manjing ing panti busana sesarengan kaliyan calon ibu.
7. Mecah cengkir gadhing. Cengkir gadhing
kalawau lajeng kasalap ing papan ingkang sampun kasamaptakaken kanthi kahanan
mengkureb, tegesipun boten katingal gambaripun bethara Kamajaya lan dewi Ratih.
Lajeng calon bapak nyigar ing sakala cengkir gadhing kalawau.
8. Sade Rujak. Calon ibu-bapak lajeng
sadeyan dhawet dhateng sanak kadang, para tamu sedaya. Werdinipun ngemu
pangajab mugi-mugi bebrayanipun tansah cekap ing sandhang lan pangan. Tebih
saking saipat kirang, nanging kebak ing raos syukur lan remen tumindak
kebagusan mliginipun kadarman. Suka peparing ingkang nandhang kekiranganan,
mekatena ugi benjang si jabang bayi ing gesang bebrayanipun.
9. Wilujengan. Ubarampenipun, bubur pitung
warni, Tumpeng Kuwat (tumpeng, urab-urap tanpa lombok, tigan godhog lan
lelawuhanipun. Jajan peken, pala pendhem, pala gumandhul, pala kesimpar, sajen
medekingan (sekul kuning, enten-enten, bubur procot).
Wilujengan
minangka panutuping upacara Tingkeban. Kanthi pangajab manggih wilujeng nir ing
kala, manggih basuki kang kaudi, sembada kang kinarya, kaleksanan sedaya
gegayuhan, kasembadan lan binerkahan sedaya gegayuhan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar