Wonten ing Kamus Besar Bahasa
Indonesia ruwatan gadhah teges membebaskan tiyang ingkang gadhah nasip
boten sae, ruwatan tegesipun ndamel tiyang ingkang gadhah nasip boten sae
menika saged waras dados kahanan semula. Pramila tradisi ruwat menika
dipunlampahi. Tamtu kemawon wonten pangarep – arep, supados sasampunipun
nglampahi tradisi menika tiyang ingkang cocog menika saged gadhah gessang
ingkang adem lan tentrem.
Istilah ruwatan tuwuh dipunsebabaken wonten kapitadosan menawi manungsa
menika gadhah cacad (amarga miyosipun tiyang kasebat utawi kalepatan prilaku)
kedhah dipunwangsulaken malih wonten ing tata kosmis ingkang leres, supados
gesangipun saged rahayu, tentrem, adem lan ayem. Tiyang ingkang dipunanggep
cacad amargi miyosipun lan kalepatan wonten ing prilakunipun wonten ing
masyarakat Jawa dipunsebat wong sukerta. Wonten ing kapitadosan tiyang Jawa
wong sukerta menika menawi boten dipunruwat dados mangsanipun Bathara Kala.
Bathara kala inggih menika putranipun Bathara Guru ingkang miyos amargi
nepsu ingkang boten saged dipunkendhalikaken. Wonten ing pangrembakanipun
Bathara Kala nyuwun dhahar kalihan Bathara Guru, dhaharan ingkang awujud
menungsa. Bathara Guru maringi idin, nanging manungsa ingkang dipundhahar
inggih menika menungsa ingkang dipunsebat wong sukerta. Wong sukerta utawi
tiyang – tiyang ingkang dipunggolongaken mawi wong gadhah maneka warna versi. Salah satunggaling versi
ngandharaken bilih golongan wong sukerta wonten 19 jinis, 60 jinis, 147 jinis,
136 jinis, lan sapanunggalanipun.
a Sinten Mawon Ingkang
Kedhah Dipunruwat?
Taksih kathah masyarakat ingkang pitados boten gancaripun pagesangan
dipunsebabaken satunggal bab ingkang mistis,
ingkang saklajengipun dipunsebat sengkala. Sengkala tegesipun energi negative
ingkang gesang ingkang boten sae, amarga menika sengkala kedhah dipunresiki
supados boten wonten alangan wonten ing pagesanganipun.
a Prosesi Ruwatan
Persiapan
1. Nyamektaaken maneka warana sesajen :
·
Tuwuhan, gedhang raja setudun, cengkir
gading, wit tebu kalihan, ron ringin, ron elo, ron dadap serep, ron apa-apa,
ron alang-alang, ron meja, ron kara, dan ron kluwih lajeng sedaya ron kasebat
dipunikaet wonten ing tiang pintu depan. kalih sekar mayang ingkang sampun
dihias lan dipunselehaken ing wingking kelir kiwa, sekar setaman wonten ing
bokor ngajengipun dhalang, ingkang badhe dipunagem kagem nyirami Bathara Kala,
tiyang ingkang badhe diruwat lan sanes – sanesipun.
·
Geni (watu arang) wonten ing anglo, kipas lan kemenyan (ratus wangi)
ingkang dipunginakaken dhalang.
·
Kain mori
pethak 3 meter, dipunrentangaken wonten ing
ngandhapipun debog, panggungan sakin ngajeng kelir kanthi wingking kelir
dipunparingi sekar mawar wonten ing ngajeng kelir papan lungguh Ki dhalang,
lajeng wonten ing wingkingipun kelir papan lungguh ingkang badhe dirpunruwat
ngagem kain mori pethak.
·
Nginggilipun
Gawangan kelir dipunhias ngagem dengan kain
bathik enggal 5 (gangsal), wonten ugi kain sindur, kain bango tulak lan
dipunjangkepi kalihan pari segedheng.
·
Maneka
warna sega, inggih menika :
a. Sega golong, goreng-gorengan,
pindang kluwih, pecel ayam, sayur menir, lsp.
b. Sega wuduk, iwak lembaran, lalaban,
mentimun, Lombok abrit ingkang ageng blan abrit hijau brambang, kedele hitam.
c. Sega jene, tigan (tiga). Srundeng
asmaradana.
- Maneka warna (bubur) inggih menika: jenang abrit, pethak, jenang kaleh, jenang baro-baro.
- Jajan pasar (who – wohan ingkang maneka warna) kayata: pisang raja, jambu, salak, sirih diparingi arta, gendhis Jawa, krambil, blingo dipunparingi werni abrit, kemenyan sekar, toya wonten ing cupu, jarum dan benang cemeng - pethak, kaca alit, kendi ingkang isibipun toya, empluk (periuk ingkang isisnipun kacang ijem, kedele, kluwak, kemiri, gereh, tigan lan arto).
- Benang lawe, minyak krambil kagem lampu blencong
- Ingkang arupa kewan, tuladha manuk dara satunggal pasang ayam Jawa sepasang, bebek sepasang.
- Ingkang arupa sajen inggih menika : rujak wonten ing bumbung, rujak edan (rujak dari pisang klutuk dipuncampur toya, boten ngagem uyah), pring gading linma ros. Sedaya wau dipuntata wonten tambir ingakng isinipun sega tumpeng.
- Sajen buangan kagem dhayang ingkang arupa takir ageng utawa kroso inking isisnipun sega tumpeng alit lan lauk pauk, jajan pasar. Sajen menika wonten ing papan angker diparingi doa, nyuwn kawilujengan.
- Sumur utawi sendang dipunpendhet toyanipun lan dipunlebetaken krambil..
2. Upacara kedhah dipungarsani dhalang
ingkang sepuh, ingkang sampun nglampahi tirakat rumiyin. Tirakat menika
dipunlampahi, nacasipun supados dipunindharaken saking nasip ingkang boten sae,
saengga Dhalang suci lan kakiyatan batosipun saged nangkal hal – hal ingkang
boten sae.
3. Kagem wayang kulit kanthi lakon Murwakala
dipunbetahaken : gamelan, wayang kulit
satu komplit, kelir utawi layar kain, blencong
4. Tiyang ingkang badhe diruwat ngagem rasukan
werni pethak, menawi tiyang sepuhipun ngagem rasukan adat
Pelaksanaan
Wonten ing ritual pangruwatan, tiyang sukerta dipotong rikmanipun miturut
kapitadosan masyarakat Jawa, kesialan sampun tanggunganipun saking Dhalang amarga putra sukerta sampun dados putranipun
Dhalang karena anak sukerta sudah menjad anak Dhalang.
Adicara Ruwatan Murwakala
a) Dipunwiwiti kanthi doa sesarengan
b) Dipunlajengaken maos cariyos Sang
Hyangkala, ingkang dipunandharaken ngagem
c) Dipunlajengaken kanthi maos pakem suntheg,
pakem menika dipunsekaraken“hung ilaheng pra yoganira sang syang kamasalah
tangerannya, kang daging sang kemala, kadi gerah suwarane, abra lir mustika
murud, amarab”
d) Sasampunipun pakem suntheng pungkasan, dipunwaos:
“aneka akem prabawa, ketug lindhu lan prahara, geter patertan pantaraalimaku
tana suku, alembehan tanpa tangan, aninyali tanpa netra”
e) Dipunlajengaken
kanthi pasang tabeik lan maos kidung sastra pinandhati: Yanyangsiyu
yusinyangya, yanyangasiyu yusinyangya, yajasiyu yusijaya, yadangsiyu
yusidangya, yawangsiyu yusiwangya, yasangsiyu, yakangsiyu yusikangya, arangsiyu
yusirangya, yacangsiyu, yusicangya, yanangsiyu yusirangya, yacangsiyu
yusicangya, yanangsiyu yusinangya, yakangsiyu yusihangya, yahangsiyu yusihangya.
f) Dipunlajengaken kanthi maos “sastra banyak Dhalang” sekar
kentrung: “sang raja kumitir-kitir, ing ngendi anggonira linggih, den barung
ran keli, mangore lunga ngidul, anelasar sruwa sepi, sumun dukuh ulung kembang,
bale anyar ginelaran isi kang sumur bandung, toyane ludira muncar, timbane
kepala tugel, taline ususe maling, winarna winantu aji, asri dinulu tingkahe
kaya nauta, anauta lara raga, lara geng lara wigena, sampurnaning banyak
Dhalang”
g) Dipunlajengaken kanthi maos sastra gumbalageru, geni
ingkang dhateng saking penjuru angina inggih menika wetan, kilen, ler, kidul
dipun dadosaken satunggal lan dipuntolak kakiyatan negatifipunlan dipunowahi
dados setunggal satunggal ingkang gadhah manfaat kanthi nglampahi maos.
h) Dipunlajengaken
kidung sastra puji bayu:“sang hyang sekti naga nila wara, dadaku sang naga
peksa telaleku pembebet jagad, asabung kulinting limah, abebed kuliting singa,
acawet angga genitri. Liyanan catur wisa, rinejegan rejeg wesi, pinayungan kala
akra, kinemiting panca resi, sinongsongan ash-asih premanaku ing sulasih”
i) Dipunlajengaken kidung sastra mandalagiri: Sang hyang tangkep
bapak kasa, kaliyan ibu pertiwi, mijil yogyanira sang hyang kamasalah,
tengerannya kadi daging, swarane kadi gerah, abra lir mustikamurub, urube marab
arab, anakaken prabawa, ketuk lindhu lan prahara, geter pater tan pantara,
kagyat sang hyang amarta arannya, wus ruwat pedhasamengko, yen ana gering
kedadak, ngelu puyeng watuk, kena wisa wutah-wutah, miring murup benceretan,
kuu lumaku rinuwat iki, anata senajata singwang, arane-mandalagiri, sang hyang
amarta arannya wus ruwat padha samengko.”
j) Dipunlajengaken sastra kakancingan: “kunci nira kunci putih,
angruwata metuwa sang, mentu samir lare kresna, kakrasa kama dindi, langkir
tambir pokoninjog, untuing-untuing matu tingting, tunggaking kayu aren, miwah
temu pamipisan, tumunem pega pagase, miwah kerubuhan lumbung dandang tanen,
kudu lumaku rinuwat, anata sanjataning wang, arane panji kumala, pinaputrak akengunung
arane, mandalagiri, sang hyang ngamarta arannya, wus ruwat padha samengko”
wonten ing proses menika penguncian kakiyatan ghaib ingkang dipuntimbulaken
kanthi cara ritual utawi ruwat pungkasan nyekar kidung kangge ruwat murwakala,
salejengipun damel rajah kalacaraka ingkang dipuntempelaken wonten pintu –
pintu griya ingkang
d. Gayutanipun Ruwatan Kalihan Pendidikan ing Masyarakat Jawa
Wonten ing prosesi ruwatan menika dipunsebataken bilih salah satunggaling
proses ruwatan inggih menika wayangan, paedah wayangan menika supados
masyarakata Jawa mangertos babagan paraga wayang, cariyos wayang ingkang kathah
sanget paedahipun kagem gesang lan saged nerapaken paedah kasebat wonten ing
gesangipun piyambak – piyambak.
Kapethik saking : http://inesuchiha.blogspot.com/2013/12/artikel-budaya-gayutanipun-ruwatan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar