Sedekah Bumi
punika sami kalihan sedekah laut minangka wujud sangking raos puji panuwun
kagem Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringi kamurahan rejekilan
gesang ingkang mulya dumateng para petani ing dusun menika. Sedekah bumi biasanipun di pun wontenaken
sasampunipun para petani panen wonten ing satunggale desa.
Desa-desa
ingkang biasanipun ngawontenaken sedekah bumi utawi sering dipun sebut Gas Desa
menika desa-desa ingkan tasih nganut kepercayaan jawi ingkang sanget, kadosta
desa-dewa ing kabupaten Rembang. Kabupaten Rembang punika salah satunggale
kabupaten ingkang tasih nonjolaken budaya-budaya jawi
Biasane sedekah
bumi punika saben daerah benten-benten miturut
pananggalan jawi. Tuladhanipun ing desa Nggersimo, sedekah bumi dipun
wontenaken saben dinten Rebo pon, ing dusun Sawahan saben dinten Senin legi,
lan saben desa kagungan dinten piambak-piambak.
Wonten
umbarampe ingkang kedah dipun siapaken kiangge bancaan kadosta, jajan pasar,
dumbeg, tumpeng, tape ketan, lan sanesipun. Sak sampunipun siap, umbarampe
dipun betho lan dipun kumpulaken dados satunggal wonten ing panggenan ingkang
biasanipun dipun anggep panggenan ingkang dados cikal bakal desa punika. Sak
sampunipun dipun kumpulaken dados satunggal, lajeng di dongani lan bacaan
ingkang katah wau dados rebutan warga desa ingkang wonten papan panggenan
bancaan sedekah bumi punika.
Panganan
Ingkang Wonten Ing Sedekah Bumi
Jajana ingkang biasanipun di agem wonten acara sedekah bumi inggih menika;
1.
Dumbeg (bahan gelepung ketan, gula krambil, santen, di bungkus kalihan blarak
aren)
2.
Pasung (bahan gelepung beras di pun kukus)
3.
Apem (bahan gelepung beras)
4.
Jadah (bahan beras ketan krambil, di dheplok)
5.
Tape ketan (bahanipun beras ketan)
Lan tasih katah jajanan ingkang wonten ing sedekah
bumi. Sanesipun jajan inngih menika wonten sego tumpeng, pitik bakar wuluh,
benten desa benten masakan.
Sedekah
bumi biasane dipun wontenaken hiburan-hiburan ingkang dados tujuan utama tiang
jobo rawuh wonten dusun ingkang ngadaaken sedekah bumi, antarane hiburanipun
inggih meniko; wayang kulit, wayang wong, ketoprak, dangdut, lan sanesipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar