Kupatan menika salah satunggiling tradisi
jawa wonten ing kutha Kudus. Sampun dados adat tradisinipun ing pesisir
limrahipun kaliyan wewangkon Kudus mliginipun saben tanggal 8 Syawal sami
ndamel kupat kaliyan lepet. Sedaya kalawau menika dipuntindakaken minangka
awujud raos syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring karaharjan saged
nindhakaken siyam sakwulan ing wulan Ramadhan. Boten namung ndamel kupat lpet
,rumaos bombongkalawau ugi dipunwujudaken kanthi nganakaken pahargyan
werni-werni. Kamangka ing kabupaten Kudus kathah papan panggenan ingkang dados
punjering Karamean.
Kupatan menika saking tembung ”Kupat” singkatan saking tembung
“ngaku lepat” ateges ngrumaosi lepat
utawa klenta-klentunipun. Kupatan anggadhahi ateges ngaku kalepetan , ngakeni
kathah kalepetan , kados padatan jarwi ugi filosofinipun. Kupatan menika
minangka tradisi ingkang kebak kaliyan jarwi mliginipun jawi, wigatosipun
wonten ing tradisi kupatan menika , para masyarakat sami pepanggihan ngakeni
kalepetan mawi ngapuntenaken kaliyan tiyang sanes.
Ketupat utawi tradisi kupatan namung
setunggal trdisi wiyaren kaliyan nyameptakaken ketupat, sakwarni tedhan utawi
uwos ingkang dipunmasak ugi dipunbungkus ron utawa janur kanthi wujud prisma
saking anyaman lan kersaa menawi segi sekawan. Amargi kupatan anggadhahi ancas
kang wigatos sanget. Tardisi kupatan budhal saking upaya-upaya Walisongo ingkang
mbiyarakaken agami Islam, amargi jaman rumiyin tiyang Jawi ngginakaken
simbol-simbol menika. Pungkasanipun para Walisongo ngginakaken cara kasebat,
dados tradisi kupatan
ngginakaken simbol janur
utawi ron glugu anem arupi jene.
Amargi Janur padhatanipun dipunginakaken
masyarakat jawi lebet kawontenanipun remen. Mliginipun dipunpasang menawi
wonten adicara panggih temanten utawi mantenan. Janur menika saking bahasa arab
inggih menika “Ja a Nur”
anggadhahi ateges sampun dhateng sunar/Cahaya.
Setunggal pangajab cahaya utawi sunar tumuju marang rahmat Allah.
Kupat menika ateges paring semangat sami
ngapuntenaken , inggih menika sami semangat taubat dhumateng gusti Alloh s.w.t
,ugi dhateng sesami. Kanthi pangajab taubat boten badhe malih nyacat kaliyan
kalepetan ing mangsa ngajeng.
Kupat menika mlebet Basa Arab,inggih
menika saking tembung “Kaffi”,
ateges kuffat ingkang anggadhahi teges sampun cekap pangajab, dadosipun kaliyan
nyiyani setunggal wulan kathah ing wulan Ramadhan lajeng wiyaran ing 1 Syawal
ugi dipunlajengaken kaliyan siyam sunnah enem dinten syawal, mila tiyang-tiyang
ingkang kuffat ingkang rumaos cekap ibadahipun. Menika sami kaliyan hadis
kanjeng Nabi inggih menika Siyam setunggal warsa kebak utawi Siyam ing Wulan
Ramadhan.
Kapethik saking : http://rinakurniasari17.wordpress.com/2014/12/07/tradisi-kupatan/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar