1.
Paribasan
Yaiku unen-unen
sing ajeg panganggone, mawa teges entar, nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha :
a.
Keplok ora
tombok : melu seneng-seneng nanging ora gelem cucul ragad.
b.
Njajah desa
milang kori : njajah nganti tekan pangonan ngendi-endi.
c.
Welas temaham
lalis : welas marang wong pamburine gawe cilaka.
d.
Pasugatane
mbayu mili : suguhane lumintu tanpa pedhot, terus wae.
e.
Njunjung
ngebatake : ngalembana nanging ngandhut karep ngasorake utawa ngremehake.
f.
Kineban lawang
tobat : wis ora oleh pangapura maneh.
g.
Giri lusi janma
tan kena kinira : ora ken angina marang wong, jalaran cacing bae sing nggremet
tekan pucuking gunung.
h.
Kulak warta
adol prungu : tetakon lan ngandhakake warta sing wis dingerteni.
2. Bebasan
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges
entar, ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipindhakake kaanane utawa sesipate
wong utawa barang.
a. Kebanjiran samodra madu : manggih kabegjan gedhe
banget.
b. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyamuk : wis
ora gelem sesrawungan maneh, awit saka seriking atine.
c.
Wasta bedhah
kayu pokah : ketaton nganti putung balunge.
d. Sedhakep ngawe-awe : wis mbuwang pakaremane ala,
nanging ing batin isih kepengin nindakake maneh.
e. Kuwuk ora weruh marang slirane : nacad wong liya, ora
ngerti yen awake dhewe luwih ala tinimbang karo wong sing dicacad.
f.
Awak pendhek
budhi ciblek : rupane ala, atine uga ala.
g. Angon ulat ngumbar tangan : maspadakke ulate wong, yen
kalimpe bakal dikutil barange.
h. Nabok nyilih tangan : namakake panggawe ala sarana
kongkonan.
3. Saloka
Yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges
entar, ngemu surasa pepindhan nanging kang dipindhakake wonge. Sing luwih
digatekake wonge, dudu kaanane kaya dene bebasan lan biasane nganggo tembung
tetuwuhan utawa kewan.
Tuladha :
a.
Pitik trondol
dibubuti : wong mlarat dirog (dikuras) bendha donyane.
b.
Emprit abuntut
bedhug : prakara cilik wusanane terus dadi prakara.
c.
Gagak nganggo
elaring merak : wong asor caraning uripe kaya wong gedhe.
d.
Glathik
sakurungan : wong akeh wis nunggal kekarepan.
e.
Lelancuring
praja : wong sing dadi tetulungung wong sanegara.
f.
Pitik trondol
diumbar ing padaringan : wong rekasa / mlarat dipercaya nyekel (simpen) dhuwit
utawa ngreksa barang.
g.
Opor bebek
mateng awake dhewek : song sing bisa madeg dhewe tanpa njaluk pitulungane wong
liya.
h.
Cecak nguntal
elo : wong duwe panjangka sing ora cocok karo kekuwatane.
i.
Bebek diwuruki
nglangi : wong wis pinter diwuruki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar