Minggu, 11 Januari 2015

DIENG WONOSOBO



Watara taun 1950 - an kepungkur sapa sing ora kepencut mriksani sesawangan ing plato Dieng. Hawane adfhem jejet nganti kaca jendhela penginepan ketempelan es, pedhut nggembuleng sedina-dina, sadawane pendelengan kebak gumuk kerungkudanb alas ketel, tlaga - tlagane bening kebak iwak,, guwa alame wingit, akeh papan wisata alam sing gawe eram, lan bisa mriksani komplek percandhian Hindhu sing katon sakral lan merbawani. Dieng wektu iki beda kahanan lan swasanane. Gumuk sing ketel wus ilang metha pereng gundhul kanggo nandur kenthang, tlagane warna sing kinclong banyune saya ciyut lan cethek banyune, dene omah pendhudhuk sing maune isih klendhang-klendhang saiki malih uyeg-uyegan. Nanging crita Dieng ora bakal leren. Gunung geni sing nyipta pegunungan lemah dhuwur (plato) kanthi sebaran kawah cacah 12 (Sibantheng, Candradimuka, Sinila, Pagerkandhang, Siglagah, Bitingan, Sikidang, Pakuwaja, Dringo, Padhangsari, Sileri, lan Timbang) iki metha crita anyar krana kurdane Kawah Timbang wiwit Minggu bengi, 22 Mei 2011. Senajan sebaran gas racun karbon monoksida (CO) lan karbon dioksida (CO2) adohe mung nyandhak 1 km lan jembare 3 km arah ngidul ngulon, nanging wisatawan gojag-gajeg arep wisata menyang papan iki. Kamangka miturut Kepala Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi, Surono, (Setu, 04 Juni 2011) let Kawah Timbang karo papan wisata adohe watara 15 km.

Wisata menyang Dieng (2.093 m saka lumahe banyu segara) sing panas- adhem hawane (suhu udara) 10- 13 derajat Celsius iki pancen jenaki. Jalaran kejaba rekreasi, wisatawan bisa sinambi sinau babagan ilmu jerone bumi (geologi). Wisatawan bisa mriksani sakehe kawah sing ora bebayani kaya Sikidang sing olah-alihan papane lan banyune umob mumpal-mumpal, bisa nyambangi Guwa Semar, Tlaga Warna lan Tlaga Merdada, Sumur Jalatundha, apadene kawah geni Candradimuka. Kejaba iku, Dieng uga nyimpen peninggalan kabudayan HIndhu wujud candhi (Puntadewa, Bima, Arjuna, Sembadra, Gathutkaca, Dwarawati, Semar ) sing nambahi semuwane papan wisata iki. Wisatawan uga bisa mriksani Museum Kailasa, nikmati jagung bakar, apadene mancing ana Tlaga Merdada, Pegunungan Dieng kawengku 2 kabupaten yaiku Wonosobo lan Banjarnegara. Sebageyan papan wisata mlebu kukuban Kabupaten Wonosobo. Kepara dalan Baku tumuju Dieng diwiwiti saka kutha Wonosobo. Ing Pegunungan Dieng uga dumunung Bimalukar, tuke Bengawan Serayu sing banyune sebageyan ditampung ing Wadhuk Mrica utawa Wadhuk Jenderal Sudirman ing Banjarnegara. Sabanjure Serayu nyigar kutha Banyumas tumuju Segara Kiduil. Dieng sing asale saka tembung “dahyang” , papane para hyang (dewa) pancen papan wisata sing duweni keluwihan mirunggan (eksotik). Emane, papan iki uga asring tuwuh bencana krana Dieng sejatine gunung geni sing isih aktif.
Bencana ing Dieng sing kecathet diwiwiti taun 1786 wis rambah kaping 16. Taun 1786 Kawah Dringo jeblug, taun 1825-1826 Kawah Pakuwojo uga jeblug, banjur taun 1847 Dieng udan awu tanpa dingerteni kawah kang jeblug. Taun 1928 Kawah Timbang jeblug lan ngetokake gas racun ingga 39 wong tiwas lan dibaleni 13 Oktober 1939 ngeleg korban pati 10 uwong. Tanggal 4 Desember 1944 Sileri jeblug nyebar lendhut lan gas nuwuhake 114 korban pati. Taun 1979 Sinila ngetokake blegedapa (erupsi) lan gas racun niwasake 149 wong. Taun 1986 Sileri nyemburake lumpur lan 18 Maret 1992 dumadi lindhu sarta semburan gas ing Kawah Sikidang niwasake wong siji. Sajerone 3 taun (1993 lan 1996) Kawah Padhangsari nyemburake lumpur, taun 2003 Sileri erupsi maneh, 16 Januari 2009 Kawah Sibantheng jeblug lan nuwuhake lindhu, dene tanggal 26-27 September 2009 Kawah Sileri nyemburake lumpur adohe 140 meter. Semburan gas Kawah Timbang ing dhusun Simbar dina Minggu, 22 Juni 2011 dadi jalaran 1.179 warga dhusun Simbar, Serang, Kaliputih, lan Simbung, ing desa Sumberejo, Kecamatan Batur, Banjarnegoro, diungsekake jalaran konsentrasi CO2 wis nyandhak 1,5-1,8 persen volume sing ateges “mematikan”.
Mubale gas racun ing Kawah timbang uga dayani Dieng malih sepi krana akeh wisatawan batalake rencana tindak Dieng. Kamangka wisatawan sejatine isih bisa nikmati adheme hawa lan endahe sesawangan sinambi nikmate jagung bakar Dieng.*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar