a. Parikan
yaiku unen-unen kang nganggo purwaka lan wos dene swara ing pungkasan larik
selang seling runtut.
b. Parikan
yaiku unen-unen utawa tetembungan kang kedadeyan saka rong ukara kang dhapukane
nganggo purwakanthi swara.
c. parikan
yaiku unen-unen kang memper pantun ing basa Indonesia, mawa purwaka lan wos.
Asale saka tembung krama inggil pari=pantun.
Parikan
iku rerangkening tembung kang wewaton gunggunging wanda, runtuting swara lan
nganggo paugeran/pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep
(maksud).
Paugeran
kang ana ing parikan yaiku:
a.
kedadeyan saka rong ukara patang ukara (gatra).
b. cacahe
wanda ukara kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
c. ukara
kapisan minangka purwaka (pambuka), lumrahe ora duwe reges. Dene ukara kapindho
(sabanjure) minangka isi utawa wose.
d. ing
wekasaning gatra nggunakake purwakanthi guru swara utawa dhong-dhinging swara.
Tibaning swara gatra kapisan karo gatra katelu, dene gatra kapindho runtut karo
gatra kapat.
Parikan
kaperang dadi 4 yaiku:
1. Parikan Padinan yaiku parikan kang
digunakake kanggo pacelathon padinan.
Tuladha:
Cipir
mbyok-mbyokan, mangga mampir teng pondhokan.
Good
morning slamat pagi, klambi kuning manas ati.
2. Parikan Lamba yaiku parikan kang
kedadeyan saka (4 wanda+4 wanda) x 2 gatra.
Tuladha:
-Ngasah
arit, nganti landhep
Dadi
murid, kudu sregep
-iwak
bandheng, durung wayu
Priya
nggantheng, sugih ngelmu
3. Parikan Rangkep yaiku parikan kang
kedadeyan saka (4 wanda+8 wanda) x 2 gatra.
Tuladha:
-klapa
sawit, wite dhuwur wohe alit
Dadi
murid, aja dhemen keceh dhuwit
4. Parikan Edi-Peni yaiku parikan kang
kedadeyan saka (8 wanda+8 wanda) x 2 gatra.
Tuladha:
Ngisor
gendheng saponana
Nata watu
jejer sanga
Abot
entheng lakonana
Golek
ngelmu nganti purna
Kapethik saking : Esensi Bahasa Jawa Kelas XI
semester genap
Tidak ada komentar:
Posting Komentar