Ing jaman biyen wonten umah alit ing pinggir kali.
Umah menika dipunpanggoni dening tiyang sepuh inggih menika Ki Surya lan
garwanipun Nyi Siliwangi. Amargi umahipun pinggir kali Ki Surya sedinten –
dinten mancing ing kali menika lan Nyi Siliwangi njaga umahipun kaliyan ngrumat
seisinipun umah menika.
Ki Surya remen kaliyan kali menika amargi kalipun
kathah iwakipun. Sedinten – dinten Ki Surya gadhah iwak kangge di goreng teng
Nyi Siliwangi. Nanging ing dinten Jum’at Kliwon Ki Surya mboten gadhah iwak
satunggal punapa ing papan anggenipun biasane Ki Surya mancing. Lajeng Ki Surya
mboten teras wangsul nanging pindah nang papan liyanipun. Ki Surya mlampah –
mlampah ing pinggir kali menika kanthi nemokaken papan kang pas kangge mancing.
Nanging kanthi sore Ki Surya mboten gadhah iwak satunggal punapa. Lajeng Ki
Surya mutusaken wangsul maring umah. Ing ndalan Ki Surya nemokake woh jambe
nang pinggir kali wau. Lajeng woh jambe menika dibekta wangsul lan diparingaken
maring Nyi Siliwangi.
Dinten setunipun Ki Surya balik maning maring papan
ingkang wonten wit jambenipun, nanging ing dalan Ki Surya mireng swara ingkang
aneh, swaranipun “bluk…bluk…bluk…”. Lajeng Ki Surya nggoleti asalipun swara
menika lan pungkasanipun Ki Surya nemokake asalipun swara kasebut. Nyatanipun
swara menika niku swara woh jambe ingkang dhawah maring kali ingkang biasa
dienggo mancing. Mula wonten budaya nginang saking bahan temonane Ki Surya
inggih menika woh jambe.
Saengga dhaerah niki kanthi saiki dijenengi Kalijebug
yaiku salah sawijining dusun ing desa Mewek. Ingkang saka tembung kali lan
jebug yaiku woh jambe ingkang swarane “bluk…bluk…bluk…” amargi dhawah maring
kali menika.
Kapethik saking : http://alas-news.blogspot.com/2012/03/asal-mula-dusun-kalijebug.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar