Ing sawijining
pendukuan ing wilayah Dusun Sumingkir kecamatan Kutasari kabupaten Purbalingga
wonten sawijining panggenan ingkang sanget aneh lan unik. Tepatipun wonten ing
Dusun Sumingkir ing sebelah wetan wonten satunggal gundukan lemah ingkang
menawi di idek mula lemah kasebut badhe balik semula. Nanging saderenge kethon
bolong-bolong mesti badhe balik semula dados gundukan lemah. Bentuk saking
gundukan wau kados sega ambeng (sega golong) naliko tiyang kathah nyebataken
bentuk lemah punika kados weteng tiyang ingkang saweg meteng, amargi kados
tiyang meteng menika lan niku namung lema, mula penduduk dusun namiaken dukuh DUKU
LEMAH METENG.
Gundukan lemah
kasebat ing tiyang kathah teksih dikeramataken, amargi teng ngandapipun uga
wonten gundukan tipis ingkang nyerupai kuburan. Tiyang kathah ngira menawi teng
mriku ganu tau wonten tiyang ingkang disareaken kaliyan sedaya hartanipun.
Anehipun ing panggenan menika sering medal sinar ing wekdal dalu, sahingga
katah ingkang nyimpulaken ing mriku panggenan keramat. Amargi meniko mula
sering katon kathah tiyang ziarah ing panggenan kasebat. Sanes tiyang sakitar
dusun sumingkir mawon ingkang dateng kangge ziarah utawi jaluk sesuatu ing
punden menika, nanging uga kathah para pedagang saking tebih, nyuwun supados
daganganipun cepet laku, wonten malih ingkang nyuwun supados angsal jodoh lan
sanesipun. Amargi kathah ingkang terkabul sehingga ing lokasi punden lemah
meteng tambah dinten kathah tiyang ingkang ziarah, nepi utawi tirakat.
Konon
cariosipun tau wonten tiyang warga cedak kalian punden lemah meteng ingkang
kesurupan. Kisahipun dipun wiwiti nalika tiyang ingkang kesurupan wau tembe
mawon purna menjalankan sholat salajengnipun tiyang wau mboten sadar diri.
Ingkang sajroning sawekdal mboten sadar tiyang wau mendel mawon kalih
lungguh.Tiyang wau rasa kados dibekta maring griya kedung sing sae, Kalih
sedaya peralatan ingkang mewah sanget lan wonten satunggaling kotak emas ing
mriku.
Anehnipun
sesampunnipun tiyang menika wungu ing gulune sampung wonten slendang ingkang
dipung kalungaken. Sinten ingkang maringi slendang menika tiyang-tiyang mboten
ngertos. Miturut critanipun slendang menika aslinipu sanca ingkang asalipun
kotak emas punika. Nanging sesampunnipun wonten gulu tiyang punika, ketingale
kados satunggalipun slendang. Nanging sesampun kalih dinten tiyang wau ngagem
slendang ajaib.Sawekdal ngagem slendang menika,kathah tiyang rerawuh ingkang
nyuwun pitulung,ngantos kawencar wartanipun dumugi daerah sanes. Ngantos tiyang
menika kewalahan ngandepi para tamunipun. Anehipun,sedaya tiyang ingkang nyuwun
pitulung kathah ingkang berhasil. Nanging selarese tiyang wau kaget lan bingung
kalian menopo ingkang dipun angsalaken. Padahal saderenge namung tiyang biasa
lan mboten nate angsal ilmu menapa-menapa, napa malih ilmu kebatinan. Sedoyo
meniko datang setunggal wektu lan namung lantaran selendang ingkang nggubed ing
gulune, mula saged menuhi sedaya penyuwunan para rerawuh.
Amargi penduduk
desa sampun khatah ingkang mengertos menawi kedigdayaan menika asale saking
punden lemah meteng, akhiripun tiyang ingkang kathah menika dibekta wonten
gundukan utawi punden lemah meteng. Sampunipun dumugi wonten gundukan menika
kedadosan keanehan amargi selendang ingkang diagem langsung ical. Akhiripun
tiyang menika sanjang menawi gundukan lemahipun salerese sawekdal-wekdal gadhe
mbabar lan kenyataane leres, amargi wonten ing malem jumat kliwon, gundukan
menika mbelah kados mbabar. Ceritanipun ingkang lair sanes bayi menungsa,
nanging satunggal sanca ingkang kawujud selendang, ngantos saniki teksih dipun
kuwasai wonten sing gadhah selendang menika.
Sinten sing
gadhah? Nyatane inggih menika tiyang ingkang nate kesurupan lan keleresan
tiyangipun teksih wayah saking Mbah Kartamutadi, lan naminipun tambah kawentar.
Inggih menika ingkang anami budi prasetyo. Dumugi saniki dukuh lemah meteng
teksih sering wonten tiyang nenepi utawi tirakat wonten secakete punden. Amargi
kangge njaga sedaya hal, mula ing sekitar punden saniki sampun dipageri, namung
sayangipun daerah punden menika sampun mboten terawatt kados mbien, amargi
kekarepe menungsa ingkang selalu berubah wonten sajroning gesangipun.
Kapethik saking : http://alas-news.blogspot.com/2012/03/asal-mula-desa-lemah-meteng.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar