Kesenian Barongan sumbere kajupuk saka
Hikayat Panji, yaiku sawijining cerita sing diwiwiti saka iring-iringan
prajurit numpak jaran kanggo ngawal Raden panji Asmarabangun/Pujonggo
Anom lan Singo Barong. “Prabu Klana Sawadana saka Kabupaten Bantar Angin
lagi nandhang seneng marang Dewi Sekartaji putrine Raja Kediri, banjur
Patih Bujangganong/Pujonggo Anom didhawuh kanggo nglamar. Prajurit sing cacahe
144 kuwi mangkat nunggang jaran dipimpin 4 Perwira yaiku Jaran Larean, Jaran
Panagar, Jaran Panyisih, lan Jaran Sangsangan.
Satekane ana Alas sing jenenge Wengkar ,
rombongan Prajurit Bantar Angin dipapag dening Singo Barong jelmaan
saka Adipati Gembong Amijoyo sing didhawuhi kanggo njaga watese alas. Ana
kono kedadean peperangan sing nggawe prajurite Bantar angin dikalahake dening
Singo Barong. Nanging kepapat perwira bisa lolos lan nglaporake marang Sang Adipati
Klana Sawadana. Wektu kuwi bebarengan karo tekane Puno kaan Raden Panji Asmara
Bangun saka Jenggala sing jenenge lurah Noyotoko lan Untub sing padha-padha
nduweni tujuan kanggo nglamar Dewi Sekartaji, utusane Raden Panji.
Nanging satekane ana alas Wengkar,
Noyontoko lan Untub pikantuk alangan yaiku kapapag dening Singo Barong sing
nglarang kelorone nglanjutake lelakune. Nganti nganakake peperangan sing nggawe
Noyontoko lan Untub ora bisa tumindhak apa-apa. Banjur Nekakake Gurune Joko
Lodro saka Kedung Srengenge. Singo Barong akhire bisa dikalahake lan dipateni.
Nanging Singo Barong nduweni kesaktian nadyan uwis mati bisa urip maning.
Kedadean kuwi dilaporke Raden Panji, banjur Raden Panji mangkat ngadepi Singo
Barong, Jebul wektu kuwi Adipati Klana Sawedono uga nrima laporan saka
Bujangganong (Pujang Anom) sing dikalahake marang Singo Barong. Sinambi rasa
isin Raden Klana Sawedana nyabut pusaka saktine yaiku Pecut Samandiman lan mangkat
tumuju Alas Wengker kanggo mateni Singo Barong. Satekane ing alas Wengker lan
ketemu karo Singo Barong, banjur kedadean Perang sing sengit lan anggawe
Adipati Klana Sawedana ngetokake pusaka Pecut Samandimane. Singo Barong kena
pecute banjur lumpuh ora bisa tumindhak apa-apa.
Nanging berkat kesaktene Adipati Sawedana
nggawe kekuwatane Singo Barong urip maning, lan nganakake syarat yaiku
ngeterake marang Kediri kanggo nglamar Dewi Sekartaji. Saktekane ana alun-alun
, ketemu karo Raden Panji sing nduweni maksud kanggo nglamar Dewi Sekartaji
mbarang. Memungsuhan kelorone tambah gedhe banjur peperangan kuwi di menangake
Raden Panji, Adipati Klana Sawedana uga dipateni, Singo Barong sing nduweni
maksud mbelani Adipati Klana Sawedana banjur dikutuk marang Raden Panji yaiku
ora bisa ngubah wujude maning dadi Manungsa (Gembong Amijoyo).
Akhire Singo Barong tundhuk lan ngabdi
marang Raden Panji, yaiku mlebu prajurit sing numpaki Jaran Bujangganong saka
Kerajaan Bantarangin. Banjur rombongan kuwi dipimpin marang Raden Panji kanggo
nglamar Dewi Sekartaji. Swasana Arak-arakan sing dipimpin Singo Barong lan
Bujangganong kuwi sing dadi dhasar anane Kesenian Barongan.
Kapethik saking : http://warisanbudayaindonesia.info/detail/warisan/247/Seni_Barongan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar