Rumiyin ning kecamatan rembang tepatipun ning Bodas Karangjati wonten satunggal pedukuhan utawanipun dusun
ingkang dereng wonten tiyang kendel ingkang mlampah ing pedukuhan niku, amargi daerah niku wonten penjagane yaiku ula gedhe.Ula niki umpetan ning sedawan gua watu teng dusun niku,sinten ingkang mlampah teng ngriku
langsung dipun pangan dening ula gedhe wau niku.
Ing
sawijining dinten wonten tiyang ingkang kepengin mateni ula gedhe ingkang sering gawe resah warga sekitar dusun niki. Asmanipun ki sawunggalih banjur dheweke
tapa ing gunung wadas putih ingkang jarake
mboten tebih saking pedukuhan niku. Ki Sawunggalih tapa ning
pinggir watu gede. Ki Sawunggalih niki sampun
tapa 30 dinten 30 wengi nanging mboten olih wangsit, ing dinten ke 31 malemipun deweke ngimpi dipun tekani
penunggu gunung wadas putih papan Ki
Sawunggalih tapa, banjur ngendika kalih Ki Sawunggalih “ gaweo tentrem desa niki kalih keris wadas putih”
banjur mbah weling nyerahaken keris niku. Enjangipun Ki Sawunggalih tangi saking
tapanipun lan deweke kaget amargi ning pangkuane wonten keris.
Sesampunipun, Ki Sawunggalih melbu maring
gua ingkang dados umpetanipun ula gedhe mau, lan Ki Sawunggalih tarung kalih ula kue, deweke menang lan nugel endase ula kue mau, banjur Ki Sawunggalih mendem endasipun ula teng ngisor lemah.
Tambah dinten, tambah taun ning tempat ingkang endasipun ula dipun pendem
tikil wit jenenge wit “Loh”, witenipun gede ingkang kathah buahe
lan kayunipun wonten sari madune.
Padukuhan niki tambah taun tambah gede lan amba, tiyang ngriku gadhah rencana ndamel kelurahan kiyambek
lan tiyang-tiyang nyebut desa niku”losari” saking tembung “loh”
lan “sari” “loh” dipun pendet saking nami wit loh ingkang
gede,lan tembung“sari”.
Dados wonten
panyuwunan supados desa niki dados desa ingkang ageng lan gawe
sari utawanipun damelaken sejahtera kalih masyarakatipun sedoyo.
Kapethik
saking : http://alas-news.blogspot.com/2012/03/asal-mulanipun-desa-losari.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar